blank

Mas Bey Puryono
Horeg Karana Corona

Tekan dina iki donya horeg
Horeg ing nala dudu horeg kasatmata
Dalan-dalan papan karameyan mesjid greja pura beda karo sadurungira
Para bakul para pangudi boga njola
Sepi kang ngiseni sepi kang nukoni
Nanging kabeh manungsa atine rame gedhe kuwatire
Mengko gek Corona liwat Corona mampir
Mangka tan kasat mata tan ngerti kapan le tekane
Corona kang nggegirisi
Corona kang agawe pati
Kaya gawe manungsa lali
Yen duwe Gusti

Lali yen panguwasa sejati ing Astane Gusti
Nanging apa mangkono kuwi
Dudu
Rekadaya manungsa ora ndhuwa kersa-Ne Kang Kuwasa
Rekadaya manungsa iku pengin medhot tumangkare memala
Corona kudu sirna

Horeging pambudidaya
Horeging nala kaya padha nanging beda
Pambudidaya kanggo ngudi amrih slameting nyawa kawula
Nala horeg merga winates polahira

Sepinira mung kanggo sawetara
Horegira datan salaminya
Memala lunga bagya mulya teka
Corona dadi sarana ndhadha yen manungsa
Kudu bisa milah milih patrapira
Kapan mardika kapan kinunjara.

Semarang 18 Maret 2020