blank

Dening Widiyartono R.

Topeng-Topeng

Nganggo masker nutupi rai
Aku banjur kelingan jaman ing uni
Gambar-gambar ing komik tuwa
Utawa film-film jaman kuna

Ing komik utawa film kuna
Wong topengan mesthi durjana
Nutupi tindak culika raine diblebet iket
Kareben ra dingerteni raine ditutup rapet

Ngango topeng uga ngelingke jaman neng ndesa
Nonton jathilan bareng karo kanca
Topeng Penthul-Tembem jogedan
Lucu polahe ora karuwan

Saiki awake dhewe ya padha topengan
Ora kanggo nandhani kangen-kangenan
Karo komik lan film kuna
Utawa jathilan Penthul-Tembem neng ndesa

Komik-komik lan film kuna
Durjana topengan kareben ora konangan
Nanging awake dhewe saiki topengan
Merga akeh padha kamigilan
Kabeh uwong saiki padha uwas
Keweden karo sing arane covid sangalas

Biyen wong nganggo tepeng kuwi durjana
Supaya wong ra ngerteni dheweke sapa
Saiki kabeh wong topengan
Wis ora katon sapa sing sing becik sapa culika
Awake dhewe wis kesasar saya ndadra

Sm. 120520

 

Awakmu Isih Arep Adu Siasat?

Awakmu isih merkarakke ra rampung-rampung
Perkara tembung mudik karo bali kampung
Kangmangka dalan-dalan wis disumpel
Lan saya akeh wong sing dadi mangkel

Mesin pabrik wis ra ana swarane
Buruh-buruh ra paham apa karepe
Nalika putusan pamarentah ditetepake
Kabeh dilereni supaya pagebluge ra nganti suwe

Sing duwe pabrik ngajab mesin tetep muni sora
Sanajan sambat, nanging buruhe isih lila makarya
Kanggo panguripan pabrik kudu muni
Nanging kanggo kaslametan mesin kudu mati

Kanggo panguripan? Kanggo kaslametan?
Kaslametane sapa yen buruh dadi nganggur
Kowe isih ngomong bab panguripan
Nyatane saya akeh wong sing dikubur

Yeng pamarentahe meneng kowe nesu
Nanging yen pamarentah gawe katetepan
Awakmu ngeyel nglawan
Jan-jane ki apa karepmu?

Saya mrene saya akeh wong sing mati
Wong mlarat kesrakat uga saya ndadi
Tekan kapan kowe arep adu siasat
Awakmu isih arep nerusake debat?

Sm. 120520

 

Kabar Saka Anakku

Lumantar whatsapp kaya sabene
anakku kirim kabar sing dadi adate
Kaya sing tak tampa esuk mau
Ngabarake yen kantore dadi sepi
Pegawene mlebu digilir ganti
Pegawe mung mlebu
Rong dina jroning seminggu

Ora papa Ndhuk, kandhaku
Sing penting pabrike isih mlaku
Merga pabrik-pabrik ing liya panggonan
Buruhe nganggur pabrike wis kukutan

Puji sokur konjuk ing Gusti
Kula taksih kaparingan makarti
Nadyan saya karaos awrat
Menawi medal kedah nedahaken serat

Lakonana wae, Ndhuk, kanthi eklasing ati
Awakmu ora nglakoni dhewe
Ewon wong uga ngrasakake
Pandhemi iki pancen banget nggegirisi

Nanging Bapak, anakku wangsulan
Bakda mangke mboten saged mantuk
Mboten saged nyekar ing pesareyanipun simbah
Mboten kepanggih sedherek sagotrah
Lan ingkang mesthi, kula mboten saged ngedhapi
Masakanipun ibu ingkang kula kangeni

Wis ta, Cah Ayu, kuwatna atimu
Ngampeta sawetara wektu
Sarampunge pageblug iki
Bapak-ibu bakal enggal nyusul awakmu

Sm. 120520

blank

Widiyartono R, penggurit, pandhemen basa, sastra lan budaya Jawi, wartawan SUARABARU.ID