blank

ABRI
Dening Maz Bey Puryono

Warga negara siji iki
Bekti mring Ibu Pertiwi
Nginggirake kapentingan pribadi
Ngunggulake jejeging nagari

Abot rekasa wis biyasa
Kulawarga ditinggal uga kulina
Asil kang ditampa ora sepiraa
Nanging…
Merga tinimbalan jiwa
Lila legawa kanggo angreksa negara

Putra bangsa iki merbawa pidegsa
Ing sadina+dina nggembleng jiwa lan raga
Samekta ngadhepi panggodha praja
Yen negara lan baraya jroning bebaya
Cancut taliwanda enggal makarya
Mrih oncating godha

Putra nagari
Angkatan Bersenjata Republik Indonesia iki
Nganti saiki kridhane ngedah-edabi
Cukat trengginas tan wedi mati

Para warga negara
Ayo ….melu ngreksa negara
Aja mung kakehan micara
Tuduhna panyengkuyungira
Mring putra bangsa kang dadi tamenging negara

ABRI lair saka warga dening warga lan kanggo warga

Aja dimungsuhi aja dirasani
Surungen kanthi tulusing ati
Manunggaling warga lan ABRI
Ndayani tentreming negari.

Semarang 5 Oktober 2019

blank
Dr Ir Sri Puryono KS, MP, Penggurit, Ketua Komite Seni Budaya Nasional Jawa Tengah.