Dening : Sunardi KS
Saben-saben ana sasi Januari teka, aku banjur kelingan kanca SD-ku sing jenenge Margono. Kanca siji iki kegolong kanca sing paling thil-kumanthil ucap-ucapane. Jalaran ora kenal pedhot, mung tansah nyambung. Senajan manggone wis padha adohe. Aku kala-kala ya rada gumun dhewe yen mbayangke kancaku sing siji iki. Wiwit tamat SD taun 1969, saiki Margono wis duwe putu pirang-pirang, saka anake sing ora mung siji. Lha isih kekancan karo aku. Kontak-kontakan terus nganti saiki.
Jan-jane nek umur-umuran antarane aku lan kancaku Margono padha, umpama ana bedane ya mung sasine wae. Utawa umpama pancen kacek ya ora patia adoh, paling kacek setaun utawa nganti rong taun. Kudune aku ya uga wis duwe putu. Ora ketang lagi siji. Nanging aku durung duwe putu. Lha nalika aku ketemu Margono dheweke tau takgluwehi, nek antarane aku lan dheweke isih enom aku. Buktine aku durung duwe putu.
Kamangka satemene mung gara-gara aku telat nikah. Umur luwih endhas papat kok lagi nglukari dadi jaka. Ana sing nggluwehi yen aku ora payu rabi. Padha digojloki ngalor-ngidul banjur aku cepet-cepet golek ‘gandhengan’. Kamangka bisa uga wektu semana, anggonku rada telat rabi mung gara-gara pikiranku keracunan kesenenganku marang kabisan nulis. Saking senenge bisa nulis kaya-kaya ora kober mikir golek bojo. Waradalah, alesan iya bisa.
Critane Margono
Mbaleni crita marang kanca SD-ku Margono. Sing tansah dakeling-eling, kaya ora bakal bisa lali, iku critane Margono marang aku. Kira-kira ing taun 70-an akhir anggone crita marang aku. Kelingan terus. Luwih-luwih angger ana sasi Januari ngene iki. Kamangka critane Margono iku nyritakake filosofine bapake Margono almarhum kang tansah dipatrapake marang putra-putrine. Dadi crita saka crita. Nanging aku percaya, crita mau bisa dipercaya. Lan migunani.
Sedulure Margono iku cacahe ana pitu. Enem-eneme bakulan kabeh. Sing ora bakulan mung Margono. Terus nasibe Margono dadi karyawan swasta, ing perusahaan sing misuwure lumayan bonafid.
Sedulur-sedulure Margono bakulan kabeh. Rata-rata padha dodolan ing pasar sacedhake omahe dhewe-dhewe. Takarani ing omahe dhewe-dhewe jalaran sedulur-sedulure Margono wis padha nikah, lanang-wadon wis ora ana sing isih legan. Wis padha duwe omah dhewe-dhewe. Manggone rada mencar. Ora ketang isih tunggal kabupaten Jepara.
Yen wong-wong umum ngarani paraga bakulan iku ya padha wae jenenge pedagang. Sedulur-sedulure Margono kegolong sukses kabeh. Sugih-sugih kabeh. Iki yen katitik saka bleger bangunan omahe. Lan uga kendharakane. Wis duwe mobil dhewe-dhewe. Nyuwun sewu, kejaba Margono, sing bayaran ajeg, yen mundhak ora sepiroa. Ora ana ‘kejutan keuntungan’ sing manjila. Dadi panguripane stabil.
Filosofine Bapake Margono
Marang putra-putrine, bapake Margono wanti-wanti kudu tansah ngugemi pituture wong tuwa. Lan ana pitutur sing sajake kena dadi gondhelan urip. Kena kanggo paugeran. Aja nganti dilali-lali, luwih-luwih sing arep miwiti dodolan. Lan ngadhepi dina sing bakal dilakoni. Pitutur, filosofi iki kudu wis dicakake wiwit esuk. Jalaran manut bapake Margono ya wektu esuk iku wektu kang paling becik, wektu wiwit tumapake dina.
Wondene filosofi mau yaiku : Wektu (esuk) iku wiwitane dina. Kudu tumapak kanthi jejeg, kukuh-bakuh kanggo mapag rejeki sing wis sumadya kanggo aku, sing wis cumepak dadi duwekku. Dadi ing saben ana esuk putra-putrine bapake Margono, ya sedulur-sedulure Margono iku padha nduweni keyakinan sing kaya mengkono. Wis dadi sugestine. Dadi urip iku uga mapag kesuksesan.
Ana ing keluwargane Margono saksedulur-dulure, sugesti sing kaya kasebut ing dhuuwur mau tansah ditanemake ing atine, ing pikirane. Urip sing dilakoni ing saben dina, kanggone Margono saksedulur-dulure, ora ana istilah golek pangan. Apa maneh yen ana sing ngarani golek upa. O, pikiran sing kaya mengono ora kanggo kanggone keluwargane sedulur-sedulure Margono. Sing ana mapag rejeki sing wis dicawisake dening Gusti Allah.
Rejeki iki cedhak. Saha tansah nyenyedhaki. Yen manut filosofine keluwarga Tionghoa. Rejeki tansah sesliweran ing sakiwa-tengen kita, ing sadhuwur kita. Mung kari bisa nangkep apa ora. Mung gelem sregep apa ora. Kabeh entuk-entukane gumantung saka usahane dhewe-dhewe.
Sasi Januari
Ing dhuwur diaturake, saben ana sasi Januari aku tansah kelingan Margono. Ya yen ing keluwarga sedulur-dulure Margono mau mung tansah ngecakake gegodhelan paugeran, filosofi ing saben esuke. Kudu tansah tumapak ing wiwitane dina kang kukuh-bakuh, mapag rejeki sing wis cumepak lan cumawis, mula ing sasi anyar Januari iki kudu tansah luwih kukuh-bakuh-pengkuh anggone gegondhelan filosofi yen ing saben esuk sateruse dina-dina lan mligine ing wiwitane taun iki kudu tansah sukses sing ngluwih-ngluwihi.
Yen ana sing isih durung ngalami kemajuwan, ngalami owah-owahan kahanan uripe, kudu luwih becik luwih penak, bisa uga iku ateges ana upaya-upaya becik sing isih bisa mrojol. Isih ana dina-dina sing tanpa nganggo pamatege aji, filosofi kaya sing wanti-wanti dipatrapake bapake Margono marang sedulur-sedulure Margono.
Urip satemene ora mung pasrah, jalaran ana sing ngarani yen urip iku mung pasrah satemene uripe ora wutuh. Tegese durung urip sing sempurna, durung urip 100%. Tegese isih ana bab-bab liya, dina-dina liya, kalodhangan-kalodhangan liya sing ora diajeni kanggo nggayuh rejeki, kesuksesan sing wis cumepak sumadya.
Ngarem-ngaremi Pikirane Dhewe
Urip sing mung tansah nglokro saka semanget padha karo urip sing lagi nandhang lelara, ana sing ilang, ana kuncine kesuksesan sing mbrojol tiba. Utawa kesuksesan utawa rejeki sing sarwa sesliweran mau kaya-kaya sengaja diumbar bosen sesliweran banjur lunga, nglungani.
Ana kalane pawongan-pawongan sing wis kadhung nglokro semangete, nglokro pikirane banjur pawadan, yen satemene urip iku wis padha nggembol nasibe dhewe-dhewe. Ana sing nasibe luwih penak, ana sing pancen ginanjar ora patia penak. Nanging pikiran sing kaya mengkono iku satemene kudu ora ana. Kudu sirna saka pengangen-angen. Supaya banjur bisa sadhar, gumregut, tumandang.
Penulis adalah budayawan dan tinggal di Jepara