Dening  :  Sunardi KS

Irah-irahan ing ndhuwur yaiku mujudake paribasan Jawa kang uga ngemu surasa pasemon. Ing basa blaka utawa basa kasare kena diarani ngemu surasa pangece. Paribasan iki katujokake marang pawongan kang dhemen gegedhen panggayuh. Nanging durung kinaruwan kelakon, jalaran kaya-kaya ora ngukur marang kekuwatane, ora ngukur marang pangira-ngirane. Kira-kira gegayuhan kang banget gedhe, banget kedhuwuren iku bakal bisa kelakon apa ora. Ana ing basa manca diarani ambisius. Ambisi kang banget-banget.

Lha pitakone saiki, geneya diarani ambisius. Lan geneya diarani mokal kelakone. Yen mengkono apa ora ateges malah panglokro jenenge. Apa ora ateges pesimis. Lha durung-durung kok wis ora percaya marang asile, marang kelakone. Banjur, yen mengkono kabeh sipate rak banjur padha wegah duwe gegayuhan.

Ora. Gegayuhan iku becik. Lan kudu tansah diduweki marang kabeh pawongan. Nanging kudune gegayuhan mau kang lumprah. Ora kedhuwuren, ora kabotan. Jalaran yen gegayuhan mau kedhuwuren ora ngukur marang kekuwatane dhewe, kemampuane dhewe kang diduweki, ya ateges mung ngayawara jenenge.

Mula pasemone kaya nututi layangan pedhot angel kelakon entuke. Lha layangan yen wis kadhung pedhot, ditututi saka papan anggone ngumbulake layangan, ya tuwas krenggosan angel ketututan. Mesthi luwih gampang kena utawa luwih gampang dientukake karo sing ngadhang pedhote layangan mau. Ngadhang ing papan bakal layangan iku mudhune.

Satemene gegadhang kang luwih becik iku kudune kang kira-kira bakal bisa kelakon. Kang ora ngayawara, kang ora kedhuwuren utawa gegedhen. Apa-apa kudu nganggo pengangen-angen utawa nalar. Yen ora, ana paribasan maneh kang luwih ngece kaya cebol nggayuh lintang.

Dadi Kurban Gegadhang

Ora kabeh gegadhang iku becik. Contone kaya kang wis kababar ing ndhuwur, gegadhang kang ngayawara sipate. Senajan tanpa gegadhang uga ora bener. Jalaran urip prasasat mung statis, mandheg. Urip kudu tansah ngupaya anane owah-owahan. Owah-owahan tumuju kang luwih becik maneh, tumuju kang luwih penak maneh. Yen asale utawa rumangsa ora murwat ngupaya dadi murwat. Yen asale urip mung tansah kebak rekasa, kudu ngupaya ana enak-kepenake. Urip kang enak, penak, ayeme-tentrem sabisa-bisa kudu bisa kagayuh.

Nanging kudu tansah kasimak, marang sejatine enak, kepenak, nikmat, murwat, sugih ora sedhih, mulya ora rekasa. Jalaran rasa-pangrasa iku mau kabeh sipate relatif. Tegese relatif ing kene ora ana pathokane. Ora padha ukurane. Urip enak, kepenak, nikmat, murwat, sugih, ing antarane wong siji lan sijine ora padha anggone ngrasakake. Kanggone si Jaja urip kang kaya mengkono iku mau kabeh bisa kelakon, bisa dumadi yen wis duwe omah gedhong magrong-magrong, wis duwe mobil papat saomah, bapak-ibu duwe dhewe-dhewe, anak loro duwe dhewe-dhewe.

Seje maneh pangrasane si Sumanah, wis duwe sepedhah montor siji wis rumangsa sugih, senajan sepedhah montore ya ora anyar gres. Nanging jalaran wiwit enom nganti umur patangpuluh lima lagi keturutan duwe sepedhah montor. Kamangka padha-padha duwe bojo, duwe anak loro wis prawan-jaka. Nanging Sumanah wis narima, yen dibandhing urip nalika cilik-cilikane rekasane ora jamak. Senajan, Sumanah satemene ora kena mung mandheg semono wae. Ngupaya supaya urip luwih penak maneh kudu dilakoni, diusahani.

Nganggo Ukuran Batin

Nganggo ukuran batin iku tegese mengkene, senajan nduwene mung sepedhah montor siji tur ora anyar Sumanah wis rumangsa sugih. Yen kebandhing nalika uripe isih cilik, ing jaman rekasa kang dirasakake utawa dilakoni karo ibu-bapake. Nanging seje maneh karo si Jaja senajan wis duwe mobil papat kaya-kaya durung rumangsa sugih, yen kabandhing tanggane tunggal kedhukuhan sing tanahe prasasat sakarat-arat, ing ngendi-ngendi desa duwe. Lha si Jaja iki kang diarani tansah ngoyak layangan pedhot.

Ana maneh anekdot marang wong loro kang seje-seje kang diduweki, seje-seje anggone ngrasakake urip murwat.

Ing sacedhake prapatan dalan gedhe (jalan raya) ana tukang becak lagi turu angkler. Kamangka wektu iku isih kagolong esuk. Udakara jam sewelas. Kamangka saben dinane ing jam-jam semono mau dheweke, si tukang becak mau, tansah ubeg golek penumpang. Ing saben dinane si tukang becak mau sregepe ora jamak. Nanging, genea kok lagi jam sewelas esuk wis turu angkler ing sangisore wit waru. Jebule senajan lagi jam sewelas esuk si tukang becak mau wis entuk asil satus ewu. Dheweke lagi nemu begja, ana juragan sugih kang loma, wiwit jam enem esuk dikon mubeng-mubengake kutha. Ya mung entuk penumpang siji iku wae. Nanging langsung satus ewu bayare.

Dhuwit satus ewu lagi esuk jam sewelas wis kecandhak tangan. Kamangka biyasane wiwit esuk nganti surup durung karuwan entuk semono. Saking senenge, saking nrimane si tukang becak mau banjur turu angkler.

Nalika si tukang becak mau lagi turu angkler, ing prapatan sacedhake anggone turu angkler mau dalan macet rada suwe. Kang padha numpak mobil kinyis-kinyis akeh kang padha bekah-bekuh sambate. Sesambat mau nuduhake yen atine trenyuh, emosi, panik, sedhih, wedi lan liya-liyane. Jalaran ing wektu iku wis mepet jam anggone janjian karo wong liya, wis ditunggu. Lan anggone janjian mau ana bab-bab wigati, penting banget. Tur pawongan kang bakal dipethuki mau dudu pawongan sembarangan. Ya ing kene dununge rasa-pangrasa iku relatif.

Nrima ing Pandum

Filosofi Jawa kang unine nrima ing pandum iki kerep disalah-pahami. Utawa tumrap kang kurang seneng, kurang sreg banjur kaya-kaya sengaja disimpangake. Anggone nyimpangake filosofi iku, kaya-kaya tumrape wong-wong Jawa (mligine) ora usah ngangsa-ngangsa, sengkut, sengkuyung marang usaha, marang pakaryan. Jalaran apa-apa iku wis ana sing ngatur (Pengeran, Gusti Allah). Kang dikarepake apa-apa wis ana sing ngatur iku ing kene mligine marang rejeki. Dadi kanggone kang sengaja nyimpangake filosofi iku, kaya-kaya nyegah tumrap usaha utawa nyambutgawe kang sregep kaluwih-luwih.

Mula kala-kala ana tembung, kokrewangana jumpalitan ucap-ucapane anggonmu nyambutgawe, kokrewangana sikil kokgawe endhas, endhas kokgawe sikil, bengi kokgawe rina, rina kokgawe bengi yen rejekimu cilik tetep wae ora sugih. Yen botol PPO kang cilik iku senajan kokjegurake segara, ya panggah, tetep isine sithik. Udan deresa kaya ngapa yen sing kokgawe nadhahi banyu udan iku wadhahe gelas ye entuk-entukane mung sagelas. Luwih saka sagelas bakal utah tanpa guna. Seje nek wadhahmu genthong, senajan grimis, tetep wae entuk banyu akeh.

Nanging tembung-tembung kaya ing ndhuwur iku sipate panglokro. Pangojok-ojok elek. Dudu pasrah dadine, nanging kagawa saka rasa keset, aras-arasen.

Wondene kang dikarepake ing filosofi Jawa, nrima ing pandum iku, ing saben-saben pawongan kudu tansah mbudidaya, makarya, usaha, kudu kang sengkut, tenanan, sregep, maksimal. Nanging maksimale ora kaladuk ngangsa, meres tenaga. Yen wis mengkono kok nganti ora entuk asil kang gedhe utawa maksimal ya kudu ditrima. Wis diusahani nanging kok mlengse saka karep ya pasrah wae. Tegese pasrah sepiroa wae entuk-entukane kudu tansah disyukuri. Ya pancen lagi semono rejekine ing dina iku.

Yen wis pasrah, ing batin, ing ati dadi adhem. Ora ngluputake sapa-sapa, apa maneh nganti kaladuk wani ngluputake nasib, ngluputake Pengerane.

Menungsa mung wenang obah, usaha. Nanging kang nemtokake sakabehe iku pancen Pengeran. Senajana kaya mengkeno tetep nalar. Kok nganti entuk sithik iku sebabe apa? Kudu bisa nlesih, ngangen-ngangen. Sebabe apa kok entuk-entukane ora padha kaya dina-dina liyane. Kok ora padha karo entuk-entukane si wong liya. Kang mengkono iku kabeh bisa nuwuhake panarima marang Gusti yen kita wis bisa ngangen-ngangen, nlesih, mikir-mikir.

Paribasan kaya nututi layangan pedhot manut esensine pancen kurang becik, malah kapara ora becik. Ngangsa lan ora nalar. Nanging yen menungsa tanpa usaha babar pisan ora becik uga. Urip kang tanpa gegayuhan, cita-cita, dadi urip kang statis. Kapara dadi urip kang kopong, gabug. Tundhane bakal gampang dipaido wong liya. Malah bisa uga dipaido anak-bojone dhewe. Mung yen kang maido iku anak-bojone diarani merekake. Lan kang jeneng anak-bojo merekake iku kala-kala uga becik. Pinangka panggetake marang semangat. Saben-saben makarya yen tansah kelingan karepe anak-bojo, kanggo mbungahake anak-bojo bakal semanget kang luwih makantar-kantar. Selaras karo kekuwatane kang diduweki. Nanging anggone merekake ya aja keladuk. Mekaten, nuwun***