blank
Sunardi, KS

Dening  :  Sunardi KS

Pengetan  Dina Pahlawan taun 2023 wis kelakon dina wingi, dina Jum’at Kliwon, tanggal 10 Nopember 2023 M/25 Jumadil Awwal 1445 H.  Mesthi wae suwasanane gumerah rame, semanget lan nyenengake saha ikhlas. Dikepyakake ing sekolah-sekolahan, ing kantor-kantor, malah kapara ana ing makam-makam pahlawan, saperlu nyekar, ziarah kubur. Tumindak kang kaya mangkono iku mau kabeh mung ancase pingin ngurmati jasa-jasane para pahlawan, lan donga-donga ing makam pahlawan supaya para pahlawan mau nyuwarga langgeng. Amin.

Ana ing pengetan Dina Pahlawan taun iki sajake rada istimewa. Bangsa Indonesia, mligi rakyat sapulo Jawa, luwih mligi maneh Jawa Tengah, saha khususe rakyat Jepara, sajake lagi nampa anugerah saha sih piwelase Gusti Ingkang Murbeng Kuwasa dene Ratu Kalinyamat ya Retna Kencana disengkakake pinangka Pahlawan Nasional dening pemerintah pusat Republik Indonesia.

Paugeran-paugeran kanggo nyengkakake, kanggo netepake utawa kanggo ngukuhake Ratu Kalinyamat pinangka pahlawan nasional wis kuwat, wis komplit tur nganggo banget. Perjuwangane Ratu Kalinyamat bisa dilacak ana ing sejarah. Aku (penulis) pinangka rakyat Jepara, mesthi wae rumangsa dosa gedhe yen ora melu-melu syukur anane bab iki. Paling ora kudu melu bungah, ing pengangkatan Ratu Kalinyamat pinangka Pahlawan Nasional iki.

blank
Gambar wong tapa iki dijupuk saka Majalah Warta Parapsikologi No. 3 Tahun 2, tanggal 30 Agustus – 30 September 1984

Upaya Sateruse

Mesthi wae kudune ana upaya sateruse kanggo nyikapi ing bab iki. Sakwise Ratu Kalinyamat entuk anugerah pinangka Pahlawan Nasional, mula kudu sacepete ana usaha gawe Buku Sejarah Ratu Kalinyamat. Ora mung saderma buku crita rakyat sing sipate kaya mung dongeng utawa babad. Ancase, supaya image ngenani Ratu Kalinyamat ora nganti kleru sing ditampa dening wong akeh, mligine rakyat Jepara.

Umpama ora utawa durung kalakon ana Buku Sejarah Ratu Kalinyamat, saora-orane kudu sacepete ana (embuh) iku seminar, sarasehan utawa apa wae jejuluke sing sipate kanggo nglurusake riwayat-riwayate Ratu Kalinyamat. Kanggone wong-wong awam (biyasa/lumrah) supaya pemahamane ora slenca ing bab Ratu Kalinyamat.

Upaya kang kaya mengkono mau bisa dianakake dening tokoh-tokoh masyarakat, mligine kang peduli marang sejarah. Utawa tokoh-tokoh kang peduli marang luruse sujarah. Lan kudu difasilitasi saha diragati dening Pemerintah Daerah. Umpama bener-bener ana kranteg ing bab iki mula tansaya cepet tansaya becik. Jalaran yen wis kadhung telat, apa maneh kok nganti pemahaman kang kleru dening masyarakat mau nganti keblanjur-blanjur malah dadi kurang becik.

Tapa Wuda Sinjang Rambut

Setemenne ana rasa kang rada ngganjel ing babagan ukara iki lan ana ukara-ukara liya maneh. Kang sipate malah bisa ndadekake Ratu Kalinyamat kurang sakral, kurang pinercaya.  Jalaran ukara-ukara mau kaya-kaya rada kurang nalar. Nanging lucune malah wis kadhung ditampa, rumasuk, nresep ing pangertene masyarakat. Tembung-tembung utawa ukara-ukara iku ora kleru yen kawawas utawa ditegesi pinangka crita rakyat utawa dongeng utawa babad. Seje ditegesi pinangka sujarah.

Tulisan iki ora ateges ngoreksi buku-bukune Pak Hadi Priyanto, kang cacahe nganti puluhan buku,  jalaran buku-bukune Pak Hadi Priyanto iku seje buku sejarah. Khususe ing buku Ratu Kalinyamat Rainha de Jepara.

Saiki penulis ngupaya ngonceki wredine tembung ‘Tapa Wuda Sinjang Rambut’ siji mbaka siji, satembung mbaka satembung. Tegese Tapa (manut Wikikamus Bahasa Indonesia) adalah mengasingkan diri dari keramaian dunia dengan menahan hawa nafsu (makan, minum, tidur, birahi).

Tapa iku biyasane dilakoni dening para brahmana, para kesdik, para pentholan agama Budha utawa Hindu. Saliyane iku akeh resikone.

Kalinyamat iku pinangka Ratu. Tumindake ratu ora bisa dipadhakake karo pawongan lumprah utawa pawongan biyasa, rakyat. Saobah-polahe ratu kudu tansah dikawal dening para punggawa. Ora bisa uwal saka kraton ijenan utawa sepi-sepinan. Jalaran bahayane ratu utawa raja iku gedhe. Bisa diancam pati jalaran ana kang duwe pamrih nggenteni madeg. Kamangka ratu utawa raja iku lambange kraton, lambange kaprajan. Yen ana cilakane ratu, tiwase ratu ateges cilaka utawa tiwase uga kraton, praja utawa negera. Jalaran praja, kraton iku kudu dumadi saka telung perangan. Sepisan, tanah/wilayahe kudu ana. Rakyate kudu ana, ratu/raja/pimpinane kudu ana. Katambahan pranatan. Yen salah sawiji ora ana, gothang, ateges wis ora ana kraton utawa praja, negara wis kena diarani ora ana. Mula ratu ora bisa lelungan, nyepi-nyepi ijenan.

Pangerten Umum

Tapa, manut pangerten rakyat lumprah, pawongan kang nglakoni ora dhahar, ora ngunjuk, ora sare, apa maneh leladi marang sisihan. Yen manut crita, Ratu Kalinyamat malah ora trima mung iku, nanging malah ora ngagem busana alias wuda.

Anggone tapa iku nganti kapan? Ora winates ing wektu. Yen durung kaleksanan sejane ora bakal jugar utawa dirampungi. Senajan nganti pirang-pirang dina, pirang-pirang wengi, pirang-pirang sasi, pirang-pirang taun, isih wae tapa yen durung kaleksana sejane.

Banjur pitakone saiki, senajan ta pawongan kuna, pawongan mbiyen, yen ora mangan, ora ngombe, ora turu, apa maneh nganti wuda bengi-rina nganti ora ana wangenane kira-kira kepriye? Apa kuwat. Apa maneh ing babagan kesehatane, kena angin bengi-rina, akeh lemut, lan kewan-kewan galak mawa wisa. Apa maneh jejere ratu sing ora kulina rekasa, tansah kepama ana ing kraton penguripane.

Suwene anggone tapa Ratu Kalinyamat, manut crita, kaya ontran-ontrane Ratu Kalinyamat (ing crita-crita) : “Aku ora gelem jengkar anggonku tapa sadurunge bisa keset sirahe Arya Penangsang” Arya Penangsang yaiku pawongan kang merjaya, mateni Sultan Hadirin, garwane Ratu Kalinyamat. Malah ana uga sesumbare Ratu Kalinyamat (ing crita rakyat)  “kejaba kepingin keset sirahe Arya Penangsang, aku uga kepingin kramas getihe Arya Penangsang”

Yen para punggawa kratone Ratu Kalinyamat kok nganti suwe durung bisa kaleksanan merjaya Arya Penangsang, nganti kapan wae tapane Ratu Kalinyamat bakal ditutugake. Bayangke. Suwene. Nahan ngetih, ngelak, ngantuk dicokoti nyamuk, diincim kewan-kewan galak. Jalaran anggone tapa ora ana ing tengah-tengahe masyarakat, kang bisa sawanci-wanci paweh pitulungan yen ana apa-apa. Anggone tapa Ratu uga tanpa pengawal, tanpa pengawasan.

Penulis adalah budayawan tinggal  di Jepara