blank

Dening Sulismanto*

Sajege jumbleg dadi pandhemen balbalan, penulis ora kaget saben ana gegeran ndhok stadion. Nganaa kae lo, mamula babar pisan ora tau ngira nek Indonesia bakal dadi papan memala balbalan paling mbebayani sadonya. Gegeran sabare Arema Malang tandhing nglawan Persebaya Surabaya, ndhok Stadion Kanjuruhan Malang, Setu bengi, 1 Oktober 2022, dadi kasunyatane.

Ora kurang-kurang medhia sing ngarani minangka tragedi balbalan paling ala. Nyatane, iki pancen gegeran balbalan paling mabhairawa/bhayanaka (mengerikan) sak jagat. Saora-orane saka wong sing pungkasane totohan pati ndhok stadion.

Nalika pisanan diumumake Polda Jawa Timur, gegeran iku ngrenggut patine wong 127. Ora mung wong ndelok, nanging uga ana pulisi 2 nganti balita sing melu toh pati. Tur gampang dibedhek, undhak-undhakane angka iku mung karek nunggu wektu. Mergane, isih atusan sing prana, lagek diupakara ndhok rumah sakit.

Tanpa ngenteni undhak-undhakan cacahe korban wae, geger Stadion Kanjuruhan wis dadi salah suwijine tragedi balbalan paling nggegirisi sadonya. Cacahe korban mung kalah karo tragedi Estadion Nacional, Peru, taun 1964. Nalika iku, rusuh balbalan antarane Peru nglawan Argentina, ditorogi 328 nyawa.

Sedurunge ana rusuh Kanjuruhan, tragedi paling medeni nomer loro, dumadi ndhok Stadio Accra Sport Ghana, taun 2011. Korbane 126. Nanging ya iku mau, saiki tragedi Indonesia sing dadi nomer loro. Ghana ndhung dadi nomer telu.

Dene nomer papat lan sateruse, cacahe korban sangisore satus, yakuwi ndhok Hilsborough Enggris (96,taun 1989), Kathmandu Nepal (93, 1988), Guatemala City Guatemala (80, 1996), lan liya-liyane.

Mula ora kaget, geger Kanjuruhan Malang, langsung sumebar sadonya. Ora kurang, medhia Marca, Spanyol, melu mbeber pawarta iku. Donya balbalan ndhug kewolak-kewalik. Puluhan taun Marca dadi keblat medhia massa Indonesia nek mbeber pawarta balbalan Spanyol lan Eropa, kalebu el-classico Barcelona nglawan Real Madrid, saiki ujug-ujug Marca sing ngabarare rusuh derby Jawa Timur.

Lagek panas-panase ngene iki, medhia kebak adu pamawas saka wong pinter-pinter. Sing disalahake pirang-pirang, sapa wae sing kawogan. Operator lan regulator (PT Liga Indonesia Baru/LIB) diarani sembrana merga ora nggubris panjaluke panitiya main sore kanggo ngurangi risiko.

Aparat disalahake merga nembakake gas eluh ring tribun. PSSI uga disalahke merga aparat nggunakake gas eluh (air mata), kamangka jebule nglanggar aturan dhisiplin FIFA, bebadan balbalan sadonya.

Dene penonton, salah merga ngrangsek lapangan, ra trima kalah karo mungsuh bebuyutan. Ora lali, broadcaster Indosiar didakwa mung mikir mburu rating, ndhung meksa njaluk jam bengi. Dene wasit, jare meh ra tau adhil. Ana uga sing ngarani, pihak-pihak mau ra ana sing dewasa. Mulane dadi kombinasi nggegirisi le ngrusak tatanan balbalan.

Ning swasana ngene iki, sing didudingi isih isa jawab “pancen penak sing maido” mbuh ora?

Sek kepiyea wae, paling bener ngenteni pol salebare investigasi jangkep lah reti ndi salah-benere dhewe-dhewe.

Nanging merga wis kadhung dadi tragedi gegeran balbalan paling mengerikan, mula nek ana sing ngawiti nyebut-nyebut ukuman saka FIFA kanggo PSSI, ya teka sah-sah wae.

Gek bengi, nalika medhia sosial ngawiti kebak status rusuh Kanjuruhan, penulis langsung kalingan klub-klub Enggris sing tau dikucilake FIFA 5 taun lawase. Sebabe tragedi Heysel, Belgia taun 1985. Nalika iku, ndhok final kajuwaran Eropa sing saiki aran Liga Champions, supporter Liverpool (Enggris) ngebrukake pager wates, benjur nyerang supporter Juventus (Italia). Korban sing tumeka ing pati 39.

Hak nek “mung” 39 wae dikucilake 5 taun, piye sing 127. Iya sih, perkarane pancen beda. Final liga Eropa karo derby saprovinsi. Tapi apa iya FIFA mung meneng.

Kamangka balbalan Indonesia kaya lagek ape mlangkah maju. Nek ana ukuman terus piye? Taun ngarep Indonesia host Piala Dunia U-20. Timnas uga lolos Piala Asia 2023 sawise mung isa ndelok kawit taun 2007.

Banjur nek upama ukuman nganti tekan kompetisi, Persijap barang piye? Taun wingi ra isa promosi Liga 1 merga ana klub-klub “raseksa” sing 3 ing antarane, ngentekna “tiket promosi”. Klub-klub “sultan” kuwi yaiku Rans Cilegon FC-ne Raffi Ahmad sing donyane tumpuk undhung, Persis Solo sing duwe walikota putra presidhen, lan Dewa United-e Boy Thohir sing sugih mblegedhu.

Kaya timnas, Persijap sajak kaya ape gawe bombong. Tau mimpin klasemen Liga 2 Wilayah Tengah barang.

Kok sek kaningaya temen, sih, nasibe bocah-bocah saiki. Warga sabangsane penulis, saora-orane menangi rasa sarwa bombong prestasi balbalan. Menangi nalika timnas juara SEA Games keri pisan, taun 1991 ndhok Filipina. Nalika iku, Sudirman sakanca ngasorake Thailand.

Uga menangi Persijap main ndhok level kompetisi paling dhuwur, ISL lan IPL saka taun 2008 nganti 2014.

Saiki, karek ngenteni mbuh Indonesia bakal entuk paukuman apa saka FIFA. Sing genah, PSSI kudu dandan. Kedadeyan gegeran merga balbalan wis bola-bali. Tapi ukuman Komdis, ora marai kapok. Mberah-mberahe mung dhendha.

Malah pandhemen balbalan sing dha rerasan, mberah sing ngarani, dhendha kuwi pancen “motif ekonomi”. Mulane ngawiti saka ukuman dhisiplin pemain (kertu kuning, kertu abang), ofisial, nganti kesalahan panpel, ukumane ya mung dhendha wae sing utama.

Supporter sing ora dewasa, ora duwe ati legawa, malah ana sing nganti mungsuhan bebuyutan karo kelompok supporter liya, kaya dijarake. Nek ra dijarake, lha ndi tindakan tegese PSSI? Kamangka, PSSI duwe daya kanggo meksa kahanan lewat aturan sing dilakokake teges, supaya kabeh njunjung jiwa utama olah raga, sportivitas.

Delok wae, kampanye “ora ana balbalan sing regane padha karo nyawa” kuwi digembar-gemborake mamula sedurunge gegeran Kanjuruhan. Ana sing ndhok medsos, ana sing nganti spandhuk ndhok stadion pas dina tandhing. Padha karo narasi “rivalitas mung 90 menit. Sabare seduluran.”

Nyatane? Mung abang-abang lambe. Rasa mungsuhan ing antarane supporter klub sing kena diarani bebuyutan, mamula dirabuk. Kejaba supporter sing ora dewasa, ora tumon ana tindakan saka PSSI sing bener-bener mrantasi perkara iki.

Mberah sing ngarani, kompetisi sing mlaku mung rame ndhok gebyare, rame ndhok broadcast-e tapi ora karo kuwalitase. Nganti pelatih Timnas Curacao sing lagek kalah ping pindho karo Indonesia, nyindhir kompetisi lan wasit Indonesia, mung merga tindak-tanduke pemain Indonesia ning lapangan. Isa ngakoni apa ora, kasunyatan ra isa didhelikake.

Penulis dhewe kerep gregeten nalika ndelok timnas nglawan mancanegara, pemain dha gawe pelanggaran “khas Indonesia.” Merga kulina dijarake wasit, ndhung kaya ora sadhar nalika nglanggar pas tandhing karo manca. Mulane ndhung gampang kena kertu.

Mbok ya endahe, umpama geger Kanjuruhan dadi prastawa pungkasan gegeran balbalan ndhok Indonesia. Kuncine, PSSI bener-bener gelem dandan. Ora mung pawadan tanggung jawab bebarangen. Nek iku meneh, mundhak dianggep mlayu saka tanggung jawab.

Miris saka geger Kanjuruhan, penulis minangka pandhemen balbalan, sarujuk karo sing muni “nek balbalan luwih larang regane dibandhing nyawa, kita luwih milih urip tanpa balbalan.” Balbalan mandheg ndhisik, nganti kabeh didandani.

Pancen iya, ekonomi sing gumantung saka puteran balbalan ra isa dietung.  Banget mberahe. Kok kebangeten, sing nggegerake jagat Kanjuruhan, kok sing kena ukuman kabeh klub. Tapi nek selawase kuwi dadi pawadan, banjur kapan gegeran mandheg?

Penulis ujug-ujug eling pangandikane Presidhen Gus Dur ndhok Kick Andy nalika entuk pitakon perkara mbubarake Departemen Sosial. Departemen Sosial dianggep lumbung, sing korupsi diarani tikus. “Butuh nyekel tikus kenapa ndadak mbakar lumbunge, Gus?

“Soale tikuse wis nguwasani lumbunge,” pangandikane Gus Dur.

Sajake, balbalan Indonesia wis dikuwasani rasa sing ra ngajeni kamanungsan. Padha karo lumbung Departemen Sosial. Nganti kapan nyawa ra diajeni?

Sulismanto, pandhemen balbalan, dhongkol Media Officer Persijap ISL/IPL.