Sulismanto (Foto: Sulismanto)

Oleh: Sulismanto

Ndhok itungan Jawa, ora ana rentengan sasi sing diliwati dina bada kaya sajrone sasi Sawal, Apit, lan Besar. Ndhok rentengan telung wulan iku, warga ketemu dina bada nganti ping papat, yaiku bada lebaran, bada kupat, bada apem, lan bada korban. Nalika awake dhewe eling nek bada korban iku wis cedhak, jebul sedurunge korban malah wis ana bada liyane, bada apem.

Talah, suk Jemuwah rak ana sing bada apem ngono lo. Jemuwah,17 Apit/Sela 1955 utawa 17 Juni 2022. Ora merga pitulase, nanging merga dina, pasaran, lan sasine. Jemuwah Wage sasi Apit.

Kanggo saperangan wong Jepara, Jemuwah Wage sasi Apit pancen ditetepi minangka bada apem. Ora kabeh desa bada bareng. Ana kampung sing nunggu banjir gedhe sepisanan ndhok kali sing ngliwati kampunge. Ana uga sing wis bada apem luwih dhisik. Contone Desa Sukodono, Kecamatan Tahunan. Desa sing misuwur apeme uombu iku, wis bada apem nggek Jemuwah Pon sasi Sawal.

Pancen iku bedane bada apem karo bada liyane. Bada apem ora bareng. Dene bada lebaran, kupat, lan korban, ndhok ngendi wae wektune padha.

Nanging yen ditlikuri meneh, mberah sing padha ndhok sekabehe dina bada mau. Contone rasa sukur, sing wujude tradhisi weweh. Pas bada lebaran jelas, saben omah nyepaki maneka jajanan kanggo tamu. Pas bada kurban apa maneh. Tembunge wae wis genah ‘korban’ kok. Lha pas bada kupat-lepet lan bada apem, rasa sukur ya wujud mubeng weweh rana-rene.

Mulane ra usah kaget nek dina-dina bada iku banjur ditetepi warga saka agama apa wae. Orang ning jinis ngibadah kaya dene salat id lan korban, nanging saka ajaran luhur agama apa wae, sing sejatine tansah jumbuh karo tradhisi sajrone bada. Kaya dene weweh mau, sing isa iras-irus kanggo nyambung silaturahmi lan njaluk pangapura menawa ana salah.

Kena disawang pas bada apem. Sedina sedurunge bada, wis padha gawe utawa pesen apem. Malem Jemuwah, sing wis duwe apem norak-norok ngehi tanggane. Jemuwah isuk rame dha selametan nganggo carane dhewe-dhewe.

Semono uga nalika bada kupat. Sing isa gawe kupat lepet, gawe dhewe, Sing ora isa direwangi pesen, tuku ring tanggane. Butuhe ora kanggo ndhok omahe thok. Nanging merga pengin weweh. Ana sing nggawa ring nggone makarya, supaya kancane mbutgawe melu weruh rasane.

Mulane aja kaget nek suwene sasi Apit jebul ra ana Jemuwah Wage, nanging warga tetep gawe apem ndhok dina liyane. Mbuh mung entuk dina Jemuwahe, mbuh mung entuk pasaram Wage, Sing penting gawe apem, terus isa weweh.

Kanggone penulis, ngono-ngono iku merga minangka pewaris adat lan budaya Jawa, awake dhewe dha isih kebak rasa nduweni, melu handarbeni marang adat lan kabudayan. Nek ra ngandel, coba wae takon karo sing dha tau naleni kupat-lepet utawa apem. Bar ditaleni, banjur dicentheleke ndhok ngendi wae. Ana sing ndhok blandar, ndhuwur lawang, ndhok montor, nganti nggo kalungan kewan ingon-ingone.

Apa merga dha wedi gene-gene nek ora nglakoni ngono? Jelas wae ora. Mung merga seneng dadi pewaris kabudayan sing kebak pitutur luhur. Iku kaya dene awake dhewe sing seneng nganggo bathik, lurik, lan tenun. Merga busana jinis iki wujudake asile para leluhur Jawa ngolah rasa.

Adat sing lumaku tanpa winates agama mau, ora ndhung slewah saka ajaran agama apa wae, kok. Isa kita pethik saka buku “Belajar dari Makanan Tradisional Jawa” anggitane Dawud Achroni. Buku iki diwetokake Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan taun 2017.

Apem sing asale saka tembung afwan utawa affuwan, njaluk pangapura, iku jebul ya dadi pitutur supaya senang sedhekah, seneng weweh. Kejaba supaya ora lali syukur, uga supaya welas asih maring sapadha-padha.

Dene kupat, sinebut wis ana sedurunge Islam. Nanging dening Kanjeng Sunan Kalijaga, dadi srana dhakwah. Kupat sing saka tembung ngaku lepat iku ya padha wae, ora mung kanggo mangan kulawarga, nanging ya nyogati tamu lan sedhekah.

Weweh maneh, to? Apa wong Jawa sing seneng weweh iku mung sing ngrasuk agama siji lek liyane ora?

“Adat Jawa iku cocok terus nalika dienggoni klambi Islam, Kristen, lan agama apa wae,” ngono pangandikane budayawan Jepara, Bapa Hadi Prriyanto, sing uga dhongkol Ketua Badan Musyawarah Antar Gereja Kabupaten Jepara.

Dene nek cara Mbah Nun, Emha Ainun Nadjib nalika Maiyahan, “Jawa ketemu Islam iku kaya tumbu entuk tutup.” Cocok.

Cocok meneh nek suk Jemuwah penulis melu entuk apem. Nek ra isa ngolah apem, teka pesen. Lah melu bada apem.

Oh, ya, bada. Ora bodho. Bodho kuwi merga ra gelem sinau. Nuwun.

Penulis adalah Jurnalis, Karyawan Diskominfo Kabupaten Jepara.