blank
Sulismanto

Dening Sulismanto*

Minangka tradhisi, wong ngêndi waé isa nyawang gebyaré Pésta Lomban. Cukup têka ring Jepara, banjur anut grubyug nalika tradhisi mau digêlar ing dina kaping 8 sasi Sawal.

Nanging ana siji sing ora isa dirasakaké wong kana-kana! Yaiku Lomban minangka parêm. Parêm prei.

Sagêdhagan, si, kaya ora tinêmu nalar. Wong prei kok, malah butuh parêm. Jengéné waé, tah prei: mangsa kanggo aso, nglereni awak kêsêl lan pikiran sumpêg. Mosok bar prei pirang-pirang dina, malah butuh parêm?

Nanging nyatane ngono. Sênajan wis mamula prei kawit sêdurungé bada lêbaran Idulfitri, nek durung Lomban, wong Jêpara durung marêm olehe prei. Supaya marem, butuh parem. Lha, iki lo, sing marai Pêsta Lomban dadi parem prei. Jamaké, wong Jepara lagek isa krasa marem olehe preinan nek wis bar entuk parem sing jenenge Lomban.

Terus ning Jepara ora ana wong mbutgawe sedurunge Lomban? Ya, teka ana, si. Malahan, sing wis mutgawe meneh iku, ora mung PNS/PPPK lan karyawan pabrik, sing dina libure pancen anut pamarintah.

Siji – loro, mamula ana wong sing wis tandang gawe. Nanging percaya ya apik, ora ya becik: sing dirasakake wong-wong iku umume padha. Senajan wis mbutgawe, rasane durung mantep. Kaya ijik ana sing kurang, merga durung ngliwati Lomban.

Wangun wae. Wong pancen Lomban iku tradhisi sing wis diwarisake atusan taun, kok. Buktine, gek taun 1868 wae wis ditulis ing Tijdschrift voor Nederlandsch-Indië (TNI) utawa Jurnal Hindia Belanda. Kahanan iki kaya sing dipethik dening Dr. Alamsyah, M.Hum. ing Jurnal Budaya Syawalan atau Lomban di Jepara: Studi Komparasi Akhir Abad Ke-19.

Nek cathetane wae wis terbit taun 1868, tegese, tradhisi iki wis mamula lumaku sedurunge. Iki luwih tuwa saka sing suwene iki dingerteni masarakat, taun 1893. Sumbere saka cathetan kalawarti Slompret Melayu.

Mulane wong Jepara dha temenanan olehe mapag Pesta Lomban. Nalika Lomban digelar, saka Kongsi (TPI) Ujungbatu ana atusan prau melu ngetutake larungan sajen ring tengah segara. Sing numpak prau, ora mung kulawarga wong miyang, nanging sing makarya liyane iku ya pirang-pirang.

Saka prau sing gawa sajen, nek ngingeti ring buri, segara sek kaya-kayaa ketutup dening prau-prau pengiring. Wangun, merga cacahe atusan.

Ndhok kampung-kampung, papan pradesan, kupat lepet dadi suguhan. Ning kutha-kutha liya, kupat lepet oleh wae dadi tradhisi suguhan bada Idulfitri. Nanging ndhok Jepara, kupat lepet lagek diolah kanggo mapag Pesta Lomban. Mulane dina iku uga diarani Bada Kupat. Ana sing ngarani Bada Cilik.

Ora ana beda antarane warga sing bar nglakoni pasa sunah 6 dina sasi Sawal, lan warga sing ora pasa. Dha melu bada: bada kupat, bada cilik.

Saiki, Pesta Lomban wis gumelar, bada kupat wis kliwat. Sesuk esuk wis wayahe makarya, tandang gawe golek dhuwit meneh.

Sing luwih mberah, warga Jepara mbutgawe ndhok mebelan. Prei dina Jemuwah. Tegese, isa sisan nambah prei 2 dina: Kemis – Jemuwah. Suk Setu, makarya meneh.

Aja aras-arasen, ra kena rasa-rasa. Wong Jepara njunjung kabudayan, marisi bakat seni, undhagi, lan kreatifitas saka leluhur. Gone wong sregep mbutgawe.

Mulane, senajan mapan ing ‘punuk’ pulo Jawa, ora diliwati dalan pantura Jawa, Jepara ora kalah karo kutha-kutha liya ing babagan ekonomi. Malah luwih makmur, luwih têntrêm krêta raharja.

Buktine isa dipethik saka cathetan BPS. Taun 2023 wingi Pertumbuhan Ekonomi Indonesia 5,05%, Jawa Tengah 4,98%. Jepara luwih dhuwur, 5,17%. Angka pengangguran mudhun saka 4,10% ing taun 2022 dadi 3,35% taun 2023.

Sabanjure, warga miskin ing Jepara, mudhun saka 6,88% dadi 6,61%. Tegese, luwih sugih ing antarane dhaera sing nyandhang status ’kabupaten’. Utawa nomer 3 saka kabeh ’kabupaten/kota’ ing Jawa Tengah. Jepara mung kalah saka Kota Semarang (4,23%) lan Kota Salatiga (4,66%).

*Katrangan Sulismanto:
1. Penulis warga Jepara, dhemen marang pacelathon Jeparanan.

2. Tau dadi penyiar radio nganggo jeneng angkasa Indra Sadewa