Dening Sulismanto*
Madhangake pikir. Kutha Jepara ora kentekan bibit dhalang lan waranggana. Sampèk sing ijik bocah wae pirang-pirang. Kabeh ketok nalika ana lomba dhalang lan waranggana cilik sawetara dina kepungkur. Saka lomba iku, Pepadi (Persatuan Pedalangan Indonesia) kasil njaring welasan bocah umur SD nganti SMP lan sak pantarane, sing bakate dadi dhalang lan sindhen, kena diarani pinunjul.
Ketoke kok ancen isa dicagerake kanggo njaga wayang lah ora ilang saka Jepara. Bibite wis thukul. Senajan ijik bocah, le dha tampil apik-apik. Nek ditambah karo panjak (wiyaga/niyaga) cacahe nganti puluhan. Saiki karek Mak Cangik karo Limbuk. Gelem temanan tah ora, le njaga supaya bibit-bibit iki ora alum.
Ndhok pewayangan Jawa, Cangik lan Limbuk kuwi paraga biyung karo anak wedoke sing dadi abdi taman kaputren. Kena diarani, Cangik karo Limbuk ora beda karo panakawan; Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Padha wae dadi nggon njaluk tetimbangan nalika bendarane ngadhepi perkara apa wae.
Bedane, ndhok pagelaran wayang, Limbuk karo Cangik metu nalika ijik sore. Langsung metu sabare jejer sepisan. Segmen-e diarani Limbukan. Dene panakawan metune wis bar tengah wengi ndhok segmen Gara-Gara. Mesthi wae njabakake lakon sing pancen ana paraga panakawan ndhok njero crita, kaya dene Semar Maneges lan Petruk Dadi Ratu.
Merga metune sing ijik sore, iki lo, sing malah marai Limbuk lan Cangek, isa dadi kunci nasibe bibit-bibit pedhalangan mau.
Pandhemen wayang kulit apal, segmen Gara-Gara lan Limbukan padha-padha digunakake minangka selingan. Nalika Limbukan utawa Gara-Gara, penonton isa leren le methenteng mikir crita utama. Isine panglipur utawa hiburan.
Merga Limbukan metune ijik sore, sejatine segmen iki sing paling dienteni wong ndelok. Kasunyatan ora isa dimungkiri. Sisa pandhemen wayang, karek sitok-loro. Kena dietung karo driji.
Delok wae nek ana wong ndegawe nanggap wayang. Nek lagek ngawiti, teka mberah sing dha nunggoni. Ngono wae tah, ora kabeh ndelok. Mberah sing dheroke separan-paran. Mengko nek wis Limbukan, lagek dha nyadhek nga ndelok. Butuhe ndelok hiburane.
Nalika Limbukan lebar, penonton melu bubar. Selot bengi, sing ndelok selot sithik. Engko nek wis bar Gara-Gara malah ngetara. Penonton entek dhes! Karek sitok-loro sing nunggoni pol lebar. Ya, iki, sing diarani pandhemen wayang sak benere.
Ndeloki kahanan iki, cara sing suwene iki digunakake kanggo nyuguhake Limbukan ing tengahe pagelaran wayang, pantes disengkuyung bebarengan. Senajan isine hiburan sing dienteni penonton, Limbukan disuguhake kanthi njaga adat lan kapribadhen ketimuran. Iya, dha dicampuri kesenian modheren, tapi ora kemberahen. Uga ora nerak angger-angger. Mulane pagelaran wayang tetep aman lan tertib.
Pirang-piran taun iki, kesenian tradhisional kalebu wayang kena diarani “entuk panggung” saka aparat. Ana kesenian modheren sing nalika diwehi idin bengi, malah nekakake cilaka. Tukaran sing kadhang dumadi ndhok tengahe suguhan, ana kalane nganti njalari tekane pati. Mulane aparat banjur matesi idin mung ndhok waktu sing kirane ora sek mbebayani. Iku wae tah, sedhelok.
Merga wong ndegawe ana sing rasane durung genep nek durung nenanggap sing kena kango srana wungon utawa melekan, mulane ndhung seni tradhisional dadi pilihan.
Kejaba iku, ana tradhisi kabumi sing meh ra isa dipisahake saka pagelaran wayang.
Kabeh mbalik ring seniman pedhalangan (kalebu waranggan lan panjak), pandhemen, lan masarakat. Isa nyengkuyung Limbuk Cangik (sajrone Limbukan) njaga pagelaran wayang tertib terus tah ora? Isa njaga kapercayan saka aparat tah ora? Nek ora, bibit-bibit mau bakal muspra, bakal ebra. Kok, ya eman-eman, si.
Sawalike, nek tetep dijaga, bibit-bibit mau bakal ngrembaka. Wayang sing kebak pitutur luhur tetep dadi srana nuturi masarakat sajrone bebrayan.
*Sulismanto, warga Jepara.