Lawuh Blenyik, Sambel Trasi

121
0

Dening Sulismanto*

Angger lagek dha ngomongake rembug sing ketoke alung dipasrahake pendhuwuran, Jumena mung ngrungokake. Paling banter mung nyambungi “he eh” utawa “iya”.

“Rak reti kudu ngandel omongane sapa. Alung ngandel ilatku dhewe wae. Contone, sarapan sega buntelan godhong jati. Senajan lawuhe mung blenyik karo sambel trasi, ngono iku ilatku ra tau goroh. Sedhepe rak mekakat wisan,” jare Jumena.

Jumena gumun dhewe. Keri-keri iki lakon sing diomong wong jagongan kaya sinetron; ora sat-set blas. Tapi patute sek dha reti tenan. Rumangsane Jumena, paling ya dhekne dhewe sing rak retinan.

Nek dina-dina iki nemu omongane sing reti tenan jluntrunge, kayane mung siji.

“Apa?” pitakone Ki Juru.

“Rambo!” jare Jumena.

Gek cilik jare Rambo jago tembak. Saiki ndelok Youtube, pancen bener, Rambo jago tembak.

Liyane iku, mbuh ra mudheng. Ana sing crita, ndhok kadipaten ngendi, petani dikon pasrah kebutuhan banyu sawah ring Pak Ladhu. Jebul malah sawahe Pak Ladhu dhewe wae ra keduman. Jatah banyune sing ndhok wadhuk wis dicolong maling. Ampuhe, le nyolong ora perlu ring wadhuk. Cukup di-hack mbuh saka ngendi, banjur banyu digawe mili separan-paran.

Lucune, malinge ora tedheng aling-aling. Bakul sinambi wara dikandhani jenenge. Tapi rak kandha saka ngendi olehe maling, lan ndhok ngendi papan dununge.

“Dha crita ngono iku isa diendel, Ki? Jumena malik takon ring Ki Juru.

Durung sek dijawab, Jumena nerusake critane wong-wong sing gawe dheweke bingung neh, yaiku lakon ladhu sabanjure.

Merga diwirangake, dadi ladhu tapi malah rak keduman banyu, Pak Ladhu ngalih ring Vrindavan. Asale mung dodol jajanan. Senajan kemproh, angger cegemak-cegemek karo tangan sing patute kaya ora wisuh, jajanane mamula laris.

Suwe-suwe dadi pulisi. Lah ketok gagah, jengene ditambahi dadi Inspektur Ladhu Singh, tugase ndhok Kadipaten Vedhas. Tapi sing njaga Vedhas tentrem malah Shiva, cah cilik sing nek diundang “bocah” malah muring-muring. Angger ana brandhal, Shiva sing nyekel. Inspektur Ladhu Singh karek ngakoni nek dheweke sing ngrangket.

Ndhok nggon liya meneh, jare rega lenga tanah mundhak. Supaya wong miskin tetep isa nguripake dilah, didumi dhuit gawe subsidi tuku lenga. Sing wis sugih, ora didumi.

Ngono iku, sing dha jagongan bengkerengan dhewe. Ana sing nyalahake, ana sing mbenerake undhak-undhakan rega lenga.

“Ra mudheng aku. Trimane padha-padha wong cilik wae tek dha ngrembug ngono,” celathune Jumena meneh.

Mulane, Jumena ra patek nggagas. Ha kok sek omongane uwong, pranata mangsa sing gek emben ajeg wae, wis pirang-pirang taun ra isa diugemi. Ndhok negara tropis, pelajaran cah sekolah muni nek sasi April pol September iku mangsa ketiga. Mesthine panas.

Nyatane, pirang-pirang dina iki mendhung ndemblak-ndemblok. Lelungan ora sek adoh wae wis ra jelas kudu gawa payung tah ora. Mangkat terang, mlangkah sithik, udan makbres! Maju meneh Aja Dibandingke. Eh, mendhung tanpa udan, dheng.

“Mulane aku ngandel sega anget buntelan dhong jati wae. Mung lawuh blenyik karo sambel trasi, sedhepe rak mekakat,” Jumena mbaleni ukarane.

Upama ana kurang sedhepe, mung nek muluk karo mikir wong miyang; juru amek iwak, karo ibu-ibu sing dha gawe trasi mbek blenyik. Lha wong duwe segara ampar-ampar, dawa kisike wae 82 kilometer, ya duwe Karimunjawa, kok ndhok pasar malah sing misuwur trasi saka kadipaten manca.

“Ha, ngono iku mbok wong miyang karo ibu-ibu sing gawe iku ana sing ndhampingi. Lah duwe daya misuwurake ‘trasi asli Jepara” mbuh ‘blenyik’ tah ‘gereh asli Jepara’ ngono,” kandhane Jumena.

Ki Juru kaget, ukara-ukarane Jumena mletik. Ki Juru weruh genah, mangsa ketiga ngene iki, ndhok kampung-kampung kisik dha gawe blenyik, gereh, lan trasi pirang-pirang. Isa kanggo cadhangan adol suk mangsa rendheng nalika paceklik miyang.

Emane, regane ya mung semono-semono wae. Kamangka, nek nuju dha ngrembuk ekonomi, jare perkara packaging, wadhah sing apik, lan cara adol sing modheren isa ngangkat rega. Isa marai laris. Nanging dadi perkara klasik usaha mikro, kecil, dan menengah (UMKM).

Jare bola-bali ana bantuwan saka pendhuwuran kanggo pelaku UMKM. Apa ya nganti iki pelaku usaha mikro ndhok kisik dha ora didhampingi? Ora entuk bantuwan?

“Nek sarate kudu nyawiji dadi kelompok, mbok teka dha diwarahi. Terus diarahake piye carane lah isa melu entuk dhampingan, entuk bantuwan. Iki tanggung jawabe sapa,” pitakone Ki Jur karo awake dhewe.

Wisata dhaerah rame meneh. Mberah desa sing jare wis dadi Desa Wisata. Mathuk nek bangsane trasi, gereh, lan blenyik mau dadi oleh-oleh wisatawan. Diwadhahi apik, nganggo cap dhaerahe dhewe.

*Penulis, warga Jepara