Sulismanto
Sulismanto

Dening Sulismanto^

Kapan omah Kabupaten Jepara dibangun? Mangsa yasan utawa pembangunan omah Kabupaten Jepara, ana ing cathetane Candranagara V nalika mlaku-mlaku sa-Pulo Jawa ing antarane taun 1860 nganti 1875.

Ora mung gawe genahe kapan omah Kabupaten Jepara dibangun. Cathetan iku uga marahi ngerti, yen omah kabupaten samangsa dibangun, dadi seksi kaya ngapa kutha Jepara sawise ditinggal dening kumpeni.

Ing buku cathetan Cariyos Bab Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana, Candranagara V nyebutake, dheweke mlaku-mlaku sa-Pulo Jawa telung ambalan. Jepara, dirawuhi nalika lelungan sing kaping pindho, iku wae wis meh lebar. Cathetan iki ana ing Bab XII, Cariyosing Karesidhenan ing Jêpara, sing mangsa iku, mbawahi Juwana, Pathi (Pati), Kudus, lan Jepara.

Anggep wae rawuhe Candranagara V (ning Jepara) ndhok tengahe mangsa lelungan. Nek nganggo ukuran iku, tegese, omah Kabupaten Jepara dibangun kira-kira taun 1870-an.

Omah kabupaten kang kayasakaken dening Kangjêng Gupêrmèn ing Nèdêrlan Indiya iku uga dadi seksi nek mangsa iku, Jepara mujudake kutha tuwa. Sebabe, wis suwe ditinggal kumpeni. Omah gedhong kuna, cacahe pirang-pirang. Le ngarani wae tah, kuna, ya mesthi wae wis dha rusak, elik-elik. Apa maneh pancen wis suwe suwung merga kakehan omah, nanging ora ana “tuwan Walanda”-ne.

“Griyanipun para tuwan-tuwan wau pipit kemawon ananging kathah kang suwêng botên dipun agèni awit kirang Walandi. Griyaning para tuwan-tuwan Walandi kang sami awon-awon, awit sadaya griya kina-kina kathah sami risak,” ngono tulisane Candranagara V.

Omah-omah kuna iku, gaweyane Walanda sing kalebu awitan teka ing tanah Jawi. “Nalika Panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Mangkurat sapindhah saking Têgal, lajêng rawuh ing Jêpara kalihan bêkta prajurit Walandi, dados watawis sampun wontên 200 taun punika lamènipun,” tulisane Candranagara V.

Emane, dina-dina iku Jepara kena diarani rada sobek. Ndelalah dadi kutha sing paling elik dibandhing kutha-kutha liyane ing paresidhenan Jepara, pas dicathet ing buku pendhobrak sejarah kasusastran Jawa, yaiku cathetan lelungan (travelogue) sing pisanan ditulis dening priyayi Jawa. Nganti saiki, Cariyos Bab Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana wis dialih basa ping papat: dadi basa Landa, Enggris, Prancis, lan Madura.

Merga kahanan mau, Candranagara V mung sewengi ning Jepara. Sesuke wis bali maneh ring Kudus. Pangandikane, “Kitha ing Jêpara botên anyênêngakên dhatêng ing têtiyang amănca.”

Omah kuna sing dening Candranagara V dikira-kira wis 200-an taun, mathuk karo sumber-sumber sejarah liya.

Miturut Riding the Dutch Tiger: The Dutch East Indies Company and the Northeast Coast of Java 1680-1743 anggitane Nagtegaal (1996), taun 1651, nalika Sultan Agung seda lan diganti dening Amangkurat I. Kumpeni Walanda miwiti maneh mbangun Jepara sing dijangkepi karo comptoir (kantor dagang). Ora suwe banjur dikembangake dadi hoofdcomptoir (kantor dagang gedhe). Cathetan iki dipetik dening Agustinus Supriyono ing jurnal Tinjauan Historis Benteng VOC di Jepara.

Nalika ing Mataram ana kraman, raja Mataram njaluk tulung marang VOC kanggo nyegah. Awit saka iku, ing taun 1676 kalungguhane VOC ing Jepara saya kuwat, lan ing taun 1677 dadi markas (legerkamp) wadyabala Kumpêni kang ditugasi numpes kraman ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Kira-kira ing taun iku benteng Jepara sing kuwat dibangun.

Benteng iki, (lan kabeh sing dibangun) ditinggal ngalih kumpeni ring Semarang taun 1707. Mulane nalika Candranagara V nulis cathetan Cariyos Bab Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana, omah-omah Walanda wis padha rusak, merga wis suwe suwung.  “Bètèngipun kala jaman kina ananging samangke sampun risak, namung kantun pagêripun banon kemawon,” tulise Candranagara V.

Nek jaman iku wae wis rusak, wis karek pager banon, mula ora kaget nek saiki benteng VOC asli karek sisa. (cuthel).

*Penulis: Warga Jepara. ASN Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara