Dening : Sunardi KS
Genea menungsa umume padha wedi nglakoni luput, padha ora wani nglakoni kleru, padha wegah nglakoni salah. Jawabe : Jalaran ana sangsine. Wondene sangsi sing paling ringan, yaiku bakal didunungake dening wong liya, yen apa sing lagi dilakoni iku ora bener. Kurang begjane ora mung trima didunungake, nanging dipaido, disrengeni. Iki pinangka paukuman kanthi verbal, kanthi lisan, kanthi omongan, diomeli. Nanging kagolong paukuman sing paling ringan.
Nanging ukuman sing rada rekasa katimbang omelan, paido utawa srengen malah ukuman sing tanpa omelan, tanpa paido utawa tanpa srengen. Nanging ukuman tangan. Tegese, karo sing lagi nglakoni kleru, luput utawa salah banjur plak-plek, ‘ditangani’. Lan luwih rekasa maneh yen pawongan sing nglakakoni kleru iku banjur dikroyok, dilawan utawa dimungsuhi bebarengan. Kamangka sing jenenge lagi bebarengan iku, menungsa sing kulinane becik, kulinane ora tegelan, ora mentalanan, banjur bisa dadi tegelan utawa mentalanan. Bisa dadi kejem. Jalaran yen ora melu-melu kejem malah bisa dianggep ngeloni, nglindhungi tumrap pawongan sing lagi luput, lagi kleru lan salah.
Pawongan sing dadi anut grubyug, mung saderma melu-melu iku pancen bisa kelakon, jalaran dheweke wis mlebu ana ing rangkah, wewengkone psikologi massa. Mula sing asale alus bisa kasar, sing asale ora waninan dadi waninan, sing asale ora kejem dadi wani kejem. Kaya-kaya dheweke entuk daya kekuwatan saka pengaruhe wong akeh mau, sing wong akeh iku disebut massa. Nanging pengaruhe massa iku ora mesthi eleke. Gumantung massa sing dieloni, anggone dheweke nggabung mau, massa sing kepriye. Yen golongan sing dumadi saka wong akeh mau golongane wong-wong sing becik, mesthi pawongan sing lagi nggabung malah bakal gampang dadi becik.
Pengaruhe massa tumrap pribadi iku, conto sing paling gampang, yen ana pawongan sing lagi nonton sawijining tontonan bebarengan wong akeh. Yen rata-rata, sing paling akeh padha keplok, mula dheweke uga bakal melu-melu keplok. Yen ora melu keplok bisa diarani ora setuju karo wong akeh sing beberengan utawa lagi kumpul karo dheweke.
Dadi Kulina
Nanging pawongan sing asale mung melu-melu, mung saderma kena pengaruh mau, suwe-suwe banjur bisa kulina dadi watege dhewe. Pawongan sing ujug-ujug watege bisa malih dadi kejem, mentala, nanging saka pengaruhe wong akeh (massa). Yen dheweke pancen kerep anggone ngeloni pakulinane wong akeh mau. Senajan yen dheweke pinuju ora ing tengah-tengah wong akeh uga bisa mlengse saka watek asline. Sing asline alus bebudene, bisa dadi kasar.
Mula senajan pakarti kumpul iku sejatine becik, yen anggone kumpul ora (selektif) ya malah banjur dadi kurang becik.
Kanggone pawongan sing gampang kena pengaruh sifat-sifate (psikologis) massa aja gampang anut grubyug, mela-melu, ngumpul, kamangka dheweke ora dunung, ora ngerti karepe wong-wong akeh mau. Pakarti ala iku satemene senajan wiwitane ora dhemen, ora tau nglakoni perkara-perkara sing kurang becik, nanging yen wis seneng ngumpul karo wong-wong sing kurang becik, bisa kena pengaruh kurang becik. Ana ing unen-unen basa Jawa diarani, kumpul kebo gupak malu tilak. Yen ana kebo sapirang-pirang, ngumpul, salah sawijine ana sing kena lendhut mula kabeh bisa wae bakal kena lendhut, utawa melu-melu kena lendhut. Jalaran kebo sing lagi kena lendhut mau senengane kosot karo kancane dhewe. Kancane sing maune resik dadi melu-melu reget.
Yen wis ngumpul wong akeh banjur dadi waninan. Jalaran rumangsa balane akeh. Senajan pakulinan ing saben dinane rada kurang waninan. Kagolong bocah utawa pawongan kang rada alus, becik bebudene.
Aja Kedlarung
Pancen becike ora gampang keguh, ora gampang kena pengaruh ala. Biasane yen tansaya mateng pikirane bocah utawa pawongan bakal dadi bocah utawa pawongan sing kukuh. Nanging tumrape bocah utawa pawongan sing isih kagolong labil bakal gampang katut, anut grubyug.
Ing kene pinangka anggota keluwarga kudu waspada. Aja nganti putra-putra kita sing wis wani metu saka ngomah dhewe banjur ing njaba gampang kena pengaruh ala.
Apa-apa iku yen wis kadhung kedlarung bakal angel anggone ngowahi dadi becik maneh. Apa maneh yen, umpama bocah, kaya-kaya rumangsa kasepen ing ngomah, arang ketemu wong tuwa kang padha ibut ing pakaryane dhewe-dhewe. Utawa umpama pancen kerep kepethuk ing antarane putra lan wong tuwa, wektune kaya-kaya cumpen banget.
Ing kono ateges pitutur-pitutur becik, kang bisa dadi pondhamen mental tumrap bocah banjur katalompen. Kaya-kaya ora kober. Yen wis mengkono bocah banjur gampang plencang-plencing lelungan. Anggone metu saka ngomah kaya-kaya golek refressing saka judhege pikiran kang dirasakake.
Kudu waspada ngati-ngati. Aja nganti salah sawijine anggota keluwarga kita ana sing mlengse saka pakulinan becik. Jalaran pakarti ala iku nyata bisa nggeret-nyeret marang pawongan liya kang ora melu-melu nduweni pakarti ala. Yen wis kadhung luput menungsa bisa wae banjur dititeni liyan, yen pawongan sing tau luput iku ateges pawongan ala. Kamangka ora kabeh mesthi mengkono. Pawongan sing tau duwe pakarti ala bisa uga dadi pawongan becik. Malah ora kurang-kurang kabecikane bisa ngungkuli nalika pawongan ala mau durung tau nglakoni ala.
Nanging kanthi pawadan apa wae nglakoni pakarti ala, pakarti kleru utawa pakarti luput iku ora becik. Saben-saben anggota keluwarga kudu bisa njaga pribadine dhewe-dhewe saka godha kang kurang becik. Yen wis kadhung kena pengaruh ala, umpamane putra, sing digugu malah dudu pituture wong tuwa nanging malah omongan-omongane kanca sing kurang becik iku mau. Yen wis mengkono apa wae pakartine kanca utawa klompoke, senajan sadhar yen iku pakarti ala, panggah wae ditiru. Sing mengkono kaya-kaya tandha kasetyane marang kanca. Senajan kasetyan iku kasetyan sing keblinger.
Yen wis kadhung mlebu prangkap, mlebu jebakan ala, arep endha saka jebakan mau kaya-kaya kangelan. Jalaran uga ana ancamane, ana sangsine. Digething rame-rame karo kanca utawa klompoke.
Penulis adalah budayawan tinggal di Jepara