Sulismanto

Dening Sulismanto*
Nyawang kiwa tengen dalan nalika mlaku ka Kudus tuk Jepara, kahanane padha. Wajar. Lha wong Kudus karo Jepara, tah, lêt mung 24 pal. Pagêr kutha ya saèmpêr. Tapi nek didelok saka apike, Jepara kalah. Apa meneh nek mbandhingake papan pomahane wong cilik.
Omah ndhok Kudus nganggo ukir-ukiran. Apik-apik. Sing gawe, undhagi saka Jêpara. Mbêrah sing dha mbutgawe ndhok Kudus. Tapi ndhok Jepara dhewe, omahe elik-elik. Dha orak kerumat. Ora ana omah ukir-ukiran kaya ndhok Kudus.
Muturut Purwalelana ndhok Cariyos Bab Lampah-lampahipun Raden Mas Arya Purwalelana (1877), wong cilik ndhok kutha Jepara dha dadi undhagi, nganti kondhang ing mănca. Nggawe prabotan omah apa wae: kursi, meja, bangku, lan dhipan, mesthi apik. Laris didol tuk Sêmarang lan ngendi-ngendi.
“…kala rumiyin, undhagi tegesipun: tiyang ingkang pinter sanget ngukir-ukir ingkang anggumunaken,” jare Serat Bebasan lan Saloka (1908).
Tapi ya iku mau. Senajan wong Jepara dha dadi undhagi, “Pagriyaning tiyang alit katingal mbotên karimatan kados ing Kudus.” Ngono cathetane Purwalelana.
Lha Purwalelana iku sapa, tah, tek ngarani Jepara kaya ngono? Imam Taufiquttahman ndhok tulisan Candranegara V, Sang Pengelana Pertama sing dipublikasi historia.id ngandharake, Purwalelana iku Raden Mas Arya Candranegara V. Iya, bupati Kudus sing ndelalah pernah pakdhene R.A. Kartini.
Ora merga bupatine sing dadi sorotan Jeparanan, tapi ajine sejarah sing dicathet.
Candranegara V iku pribumi pisanan sing dadi pelancong. Mulane nganggo sebutan Purwalelana. Purwa tegese kawitan, lelana tegese lelungan. Asring lelungan banjur digawe cathetan, meh kabeh dhaerah ndhok pulo Jawa diparani ing antarane taun 1860 nganti 1875.
Saking ajine sejarah sing dicathet, Cariyos Bab Lampah-lampahipun Raden Mas Arya Purwalelana wis ping telu dialihbasakake utawa diterjemahake ring basa manca, yaiku Prancis, Landa, lan Enggris. Tapi sing pisanan, ring basa Medura dening Raden Panji Djaja Adi Nagara, guru ndhok Pamekasan. Versi basa Meduro banjir diterbitake ndhok Leiden taun 1882.
Wong saiki sing ora isa maca aksara Jawa—kaya penulis—beja, cathetan sing dicithak pisanan taun 1865-1866 lan cithakan kaping pindho taun 1877 iku wis dialih aksara ring latin dening Yayasan Sastra Lestari (Yasri), Surakarta, nggek taun 2011. Banjur dipublikasi ndhok portal sastra.org. Dadi isa melu maca.
Cathetane Purwalelana ndhobrak karya sastra Jawa sedurunge. Biyasane wujud tembang lan isine ngagung-agungake para raja, utawa crita perang, ndhok catetan iki, Purwalelana ya Candranegara V, nyuguhake potret pulo Jawa jaman semana nganggo tulisan modhel basa tutur. Sajrone lelungan, Candranegara V jiyarah kubur/nggon kramat, njelasake isi kutha, panggonan, lan bangunan sing dadi tengara.
Mulane ora prelu kaget mbuh serik karo cathetane Candranegara V perkara Jepara. Sawalike, malah matur nuwun merga saka cathetan iki, awake dhewe isa melu ngerti kahanan kutha Jepara jaman semana.
Saka pamawas sejarah mebel lan ukir, awake dhewe banjur ngerti luwih genah nek nganti ngadhepake R.A. Kartini miyos (lair/miyos 21 April 1879), wong cilik ndhok Jepara dha dadi undhagi. Ukir-ukirane apik nganti kondhang tuk manca, tapi ekonomine cupet. Omahe wae sek dha ra kerumat. Elik-elik, senajan mung dibandhingake karo wong Kudus sing let 24 pal.
Ndhok KBBI, sak pal jarake 1,5 kilometer. Jepara – Kudus 36 kilometer, ta?
Merga kahanane ngono, mulane, nalika Kartini dewasa banjur ngawiti ngupadi dalan kanggo ngangkat drajate wong cilik, Kartini terus-terusan ngenalake ukiran Jepara, ngadolake nganti tuk Eropa.
Bejane wong Jepara tau nduwe turunan priyayi sing bener-bener mikir wong cilik kaya R.A. Kartini. Ndhung nganti saiki, wong Jepara makmur-makmur. Mebele isa didol, dieksport tuk atusan negara saben taun.
Bejane sabanjure saka sejarah iki, yaiku nek dipikir saka pamawas literasi, ukara sing saiki lagek ngetren. R.A. Kartini kasil ngangkat drajate pribumi, merga duwe budaya literasi, sregep sinau, maos apa wae. Kejaba wujud tulisan, uga kahanan. Lha literasine awake dhewe piye?
Budaya literasine R.A. Kartini uga kawujud merga kulawarga isa mbangun budaya sinau. Candranegara V iku putra mbarepe Bupati Demak Pangeran Arya Candranegara IV. Dulur kandhunge yaiku Purbaningrat, (Raden Mas Adipati Arya) Sasraningrat, lan Hadiningrat. R.A. Kartini putrane Raden Mas Adipati Arya Sasraningrat, sing banjur dadi Bupati Jepara.
Isane Candranegara V dadi pelancong pisanan sing nganti gawe cathetan lelungan, merga maris budaya literasi-ne Candranegara IV sing misuwur duwe pemikiran terbuka.
Mulane sing itungane wayah ndhok Jepara enthok wae, R.A. Kartini lan kakange Sosrokartono pintere sek ngono.
Saiki, kepiye awake dhewe mbangun budaya literasi ndhok omah? Tenan marai isin.
Loh, lha jare mau sajrone lelungan, Candranegara V jiyarah kubur, njlentrehake isi kutha, njelasake panggonan, lan bangunan sing dadi tengara. Apa le crita Jepara mung semono?
Mesthi wae ora. Ana cathetan kantor kabupaten, kahanan kutha lan alun-alun, jiyarah ring kubure Kapten (Francois) Tack, nganti crita omah-omahe para tuwan Walanda.

Banjur tipak benteng ndhok ndhuwur gumuk lor alun-alun, sing saiki kita arani Benteng VOC, apa ya bener benteng VOC miturut cathetane Purwalelana?
Nyuwun sabar ngantos “Jeparanan” candhakipun, nggih. Nuwun

*Sulismanto, warga Jepara sing dhemen sejarah lan budaya.