blank
Ketua Komisi A DPRD Wonosobo Suwondo Yudhistiro ketika membacakan sejarah Wonosobo. Foto : SB/dok Prokompim

WONOSOBO(SUARABARU.ID)-Sejarah berdirinya daerah Wonosobo mulai tahun 1825 dibacakan oleh Ketua Komisi A DPRD Wonosobo, Suwondo Yudhistiro, pada peringatan Hari Jadi Wonosobo ke-197 yang digelar di Alun-Alun setempat, Minggu (24/7/2022), tadi pagi.

Berikut teks sejarah Wonosobo yang dibacakan dalam bahasa Jawa.

Cikal Bakal

Manut gotheking akathah,duk ing nguni nalika purwaning abad kaping XVIII, nalika semanten panguwaosing praja Mataram Islam wiwit ngrembaka, wonten priyagung tiga lelana ing tlatah Wonosobo.

Kasebat priyagung cacah tiga nun inggih Kiai Kolodete, Kiai Karim saha Kiai Walik. Kiai Kolodete tumili lelana lan bebadra ing tlatah Dieng, Kyai Karim bebadra ing tlatah Kalibeber,bdene Kyai Walik bebadra ing kitha Wonosobo.

Wiwit wontenipun para priyagung tga menika,kawontenan Wonosobo saya dangu saya reja. Pramila ing madyaning Pabrayan Agung utawi Masyarakat Wonosobo priyagung tiga menika kapitados pinangka Cikal Bakal Pabrayaning Wonosobo.

Ambal Warsa

Surya kaping 24 Juli 1825 piniji minangka dinten mirunggan Pengetan Ambal Warsa Kabupaten Wonosobo, awit ing dinten menika wonten kedadosan wigati tumraping Sujarah Kabupaten Wonosobo.

Ing Ari menika Ki Muhammad Ngarpah anggenipun nyengkuyung dhumatheng Pangeran Diponegoro kasil unggul ing ngayudha mengsah wadya serdadu Walandi ing Legorok.

Senadyanta kedadosan menika mboten ing tlatah Wonosobo, ananging kemenangan menika mujudaken unggul ingkang sepisan prajurit pandherek Pangeran Diponegoro anggenipun perang lumawan Walandi.

Inggih awit kedadosan menika,Pangeran Diponegoro kepareng paring nugraha.Ki Muhammad Ngarpah kaparingan asma jejuluk Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Soetjonegoro lan kawisuda jumeneng Bupati ing Ledok.

Salajengipun dening KRT Soetjonegoro punjering praja paprentahan kaboyong ing Wonosobo.
Sasampunipun perang Diponegoro surut, lajeng wonten eawah ewahan ingkang asipat administratip ing tlatah Ledok.

Ing sekawit Bagelen lan Kedu ( Ledok ing Salebetipun) minangka mancanegari tumrap Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat, lajeng mlebet dados wewengkon Gubernemen ing salebeting panguwaosing Walandi.

Nalika warsa 1832 Ledok katetepaken mlebet wewengkon Karisidenan Bagelen kanthi nama Afdeling Ledok utawi Kabupaten Ledok.

Salajengipun ing satengahing waesa 1901, karisidenan Bagelen sampun mboten wonten, pramila Ledok lajeng mlebet ing wewengkon Karisidenan Kedu.

Wiwit menika katiti surya 1 Agustus 1901 Afdeling Ledok gantos nama kanthi sebatan Afdeling Wonosobo utawi Kabupaten Wonosobo.

Dudutan

Kacihna KRT Setjonegoro dalah para pejuang sanesipun sampun paring tuladha kangge kemajengan lan ngrembakanipun Kabupaten Wonosobo.

Lelabetan lan semangtipun ingkang makantar kantar tansah lestari ing sanubarinipun para para ingkang nerasaken lelabetanipun,kangge nggayuh kemajengan ,katentreman tuwin karaharjaning pabrayan ing Wonosobo.
Wodene para priyagung ingkang nate ngasta pusaraning praja Wonosobo inggih menika :

I Sakderengipun Warsa 1825

– Tmg Kertowasesa (ing Selomanik)
– Tmg Wiraduta (ing Kalilusi lan Ledok)
– Tmg Jogonegoro (Ki Singowedono ing Selomerto)

II Saksampunipun Warsa1825

1. KRT. Setjonegoro 1825-1830
2. Tmg R A Mangun Kusumo 1832-1857
3. Tmg R Kertonegoro 1857-1863
4. Tmg Tjokro Hadi Soerjo 1863-1869
5. Tmg Soerjo Hadi Koesoemo 1869-1898
6. Adipati R A Sosro Hadinegoro 1898-1919.

7. Bupati R A Sosro Hadiprodjo 1920-1944
8. Bupati R Singgih Hadipoero 1944-1946
9. Bupati R Soemindro 1946-1950
10. Bupati R Kadri 1950-1954
11. Bupati R Oemar Soerjokoesoemo 1955.

12. Bupati R Sangidi Hadisoetirto 1955-1957
13. KDH Rapingoen WHS 1957-1959
14. Bupati R Wibowo Helly 1960-1967
15. Bupati KDH Darojat ANS 1967-1974
16. Pj.Bupati Marjaban 1974-1975.

17. Bupati KDH Drs. Soekanto 1975-1985
18. Bupati KDH Drs. Poedjihardjo 1985-1990
19. Bupati KDH Drs. H Soemadi 1990-1995
20. Bupati KDH Drs. Margono 1995-2000.

21. Bupati Drs Trimawan Nugrohadi, Wakil Bupati Drs H A Kholik Arif 2000-2005
22. Bupati Drs H A Kholik Arif, Wakil Bupati Drs H Muntohar MM 2005-2010
23. Bupati Drs H A Kholik Arif MSi, Wakil Bupati Dra Maya Rosida, MM 2010-2015.

24. Bupati KRAT Eko Purnomo Darmonagoro SE, MM, Wakil Bupati Ir.KRT Agus Subagyo Wirosobo Kusumo MSi
2015-2020.
25. Bupati H Afif Nurhidayat SAg
Wakil Bupati H. M Albar SE, MM 2021-sakmenika

Muharno Zarka