Dening: Widiyartono R
BASA Jawa ing wektu saiki pancen saya mrihatinake. Pancen basa Jawa isih ana, isih urip, isih digunakake. Nanging, umpamane montor, iki montor tuwa sing ora tau diopeni. Ora tau diservis, nanging dinggo terus. Sing nganggo ya ra mikir, oline isih apa ora, pirantine isih apik apa ora, mesine isih nggenah apa ora. Sing penting dipancal wae.
Taun 80-an, Prof. Dr. Sunardji mahadwija ing IKIP Semarang (saiki Unnes-Universitas Negeri Semarang) ngendika menawa basa Jawa bakal mati. Aku kelingan, wektu kuwi taun 80-an akir, nuju taun 1990. Sajake Prof Nardji “nggetak” wong Jawa, mirunggane sing isih nggunakake basa Jawa. Digetak supaya kaget, supaya eling menawa basa Jawa isih ana.
Mula ya pancen akeh sing kaget. Akeh sing ora percaya, akeh sing nulak pangandikane Prof Nardji. Lha, nalika wong digetak kareben eling karo basa Jawa kuwi, ora let suwe bakal dianakake Kongres Basa Jawa kapisan. Ya, Kongres Basa Jawa kapisan itu sida kaleksanan ing Hotel Patra Jasa Semarang, tanggal 15 nganti 20 Juli 1991. Aku nganggep “getakane” swargi Prof Nardji kuwi kanggo pemanasa Kongres Basa Jawa Kapisan.
Kongres iku digagas dening para winasis kang kagungan kawigaten ing basa lan kabudayan Jawa kayata (Prof. Dr.Dr.) Soetomo W.E., (Prof. Dr.) Sunardji, Dr. (HC) R.M.A. Sudi Yatmana, Drs. Setyadji Pantjawidjaja, Drs. Sutadi, lan liya-liyane. Ngeramake maneh, Presiden Soeharto kersa rawuh lan mbukak kongres kuwi.
Kebeneran, kang ngasta Gubernur Jawa Tengah wektu kuwi Pak Ismail sing kagungan visi “Strategi Wawasan Identitas Jawa Tengah”. Bab kabudayan Jawa, kalebu basa Jawa pancen nyondhongi visi kuwi. Mula banjur ada pranata Badan Pengkajian Kebudayaan Jawa Tengah kanthi penggerake ya para piyayi winasis sing kasebut ing ngarep kuwi.
Penulis sing isih “wartawan cilik” sering ndherek yen ana acara-acara kaya dene seminar, sosialisasi, lan liya-liyane sing ana sambung-rapete kaya basa lan kabudayan Jawa. Kanggone bocah ndesa kaya aku, sing pancen wis kulina caturan nganggo basa Jawa, seneng nuthuk gamelan, nonton jathilan, wayang, kethoprak, lan liya-liyane kok dadi cocok. Basa saiki, ana chemistry-ne. Bisa uga kasebut, iki passion-ku.
Sekolahku pancen ora ing jurusan Bahasa/Sastra Jawa, nanging jurusan Sastra Indonesia. Nanging merga aku pancen seneng basa, kawruh sing tak temu ing pamulangan bab bahasa ya nyocogi kanggo nyinau basa Jawa. Apa maneh aku bocah ndesa, sing wis wiwit cilik wajib nggunakake basa Jawa. Dadi anggone sinau ya ora nemen-nemen kangelan, merga bab unggah-ungguh, undha-usuk ing basa Jawa ora kudu tak sinau ing pamulangan.
Ya, mesthi wae, sebab ing brayat aku diwajibake basa krama karo sing luwih sepuh ing yuswa. Ora mung marang bapak, ibu, apa maneh embah. Karo pak dhe, bu dhe, pak lik, bu lik, uga karo sapa wae sing ngrewangi nggarap sawahe embah. Aku kudu basa. Mula tekan saiki, karo mas, mbak, adhik-adhik putra-putrane pak dhe utawa pak lik ya tetep basa.
Merga Kahanan
Pancen dadi lucu yen dijejerake karo bocah saiki. Karo mbahe, pakdhe, budhe, paklik, bulik apa maneh karo bapak-ibune ora pada basa. Nanging aja nyalahake bocah. Miturut aku, sing salah kuwi kahanan. Nalika pamarentah ngilangi peraturan bab pamulangan kanggo bocah kelas 1 nganti kelas 3 SD nganggo “bahasa pengantar bahasa daerah”, lan diganti nganggo basa Indonesia, ya kuwi wiwitane basa Jawa wiwit ora kopen.
Pelajaran basa Jawa pancen ya isih ana ing sekolahan, nanging ya mung kanggo ganep-ganep. Mula mung dijenengake “muatan lokal”. Gurune ya akeh sing dudu guru basa Jawa. Malah ana kancaku, lulusan jurusan matematika “dipeksa” mulang basa Jawa ing sawijining SMA Negeri ing Semarang. Merga piyayine ya pancen wasis basa Jawa, lan ya paham bab bausastra Jawa.
Bareng ana guru basa Jawa “sing tenanan” lulusan jurusan pendidikan guru Basa Jawa, nanging nyuwun ngapunten, guru-guru kuwi umume ora paham basa Jawa. Pancen paham bab “ilmu bahasa/linguistik Jawa”. Nanging, ing bab pacelathon (conversation) wadhuh, terus terang nggrantesake tenan.
Penulis tau nggarap penerbitan majalah basa Jawa. Ana sawatara tulisan kirimane para guru basa Jawa. Eman tenan, basane (nuwun sewu) ra karu-karuwan. Sing mesthi bab ejaan, panulise umume ora digatekake. Sing kudune /a/ ditulis /o/, sing kudune /dh/ ditulis /d/, /th/ ditulis /t/. Apa maneh bab diksi, sing kadhang marakke gemes.
Aku tau uga katimbalan dadi paranpara (narasumber) acara ing sawijining televisi swasta bareng karo sawijining profesor basa Jawa. Wektu iku isih adoh saka mangsa pandhemi, mula bisa uga nekakake watara 15-an mahasiswa jurusan basa Jawa.
Nalika mahasiswa diparingi wektu ngomong, wah tenan nggemesake. “Kula nyuwun ngapunten nggih, nek ting mriki badhe ngendika. Wau Pak Profesor matur …….. (lan sapiturute)”. Ya ora salah, nanging kanggo wong sing kulina nganggo basa Jawa lan paham mesthi keri atine. Lha kuwi disiarke ing tivi ditonton wong akeh, je. Tur kuwi, calon-calon guru basa Jawa.
Nanging aku ngemutake, ngene iki aja nyalahake bocah enom. Bocah-bocah kuwi, kalebu guru-guru basa Jawa saiki, iku korban kahanan. Wong tuwa, apa maneh ing kutha, umume ora percaya yen basa Jawa kuwi bisa minterake bocah. Mula wiwit cilik wis ora dikulinakke caturan nganggo basa Jawa. Mula bocah-bocah dadi ora bisa basa Jawa, apa maneh basa krama. Apa maneh wong tuwane ya pancen wis ora bisa basa Jawa.
Saya maneh, pamarentah uga ora duwe niyat sing temenan kanggo ngopeni lan ngurip-urip bahasa daerah kalebu basa Jawa. Ing taun 70-an, Mendikbud ngilangi kewajiban bahasa pengantar nganggo bahasa daerah kanggo murid kelas 1 nganti kelas 3 SD.
Iki kahanan eksternal, kang sacara politis banjur wiwit “mateni” bahasa daerah. Ditambah maneh kahanan internal, ing brayat wong tuwa wis orang caturan nganggo basa daerah, kalebu basa Jawa. Aku wae rumangsa gagal, ora bisa ngajari ana-anakku basa Jawa. Isih mendhing, sithik-sithik anakku rada ngerti, bisa basa karma senajan kadhang ora ganep.
Banjur Sinau Ana Ngendi
Ing mangsa iki, ngandelake pamulangan formal kanggo sinau basa Jawa, rumangsaku wis abot. Amarga, pelajaran basa Jawa iku dudu mata pelajaran kang utama, mung tempelan wae. Apa maneh palajaran basa Jawa malah kaya dadi mungsuh kanggone bocah-bocah. Yen aku keweden karo pelajaran kimia utawa matematika, bocah saiki malah kamigilan karo basa Jawa.
Yen ana PR basa Jawa, umpamane tugas njarwakake (menerjemahkan) saka basa Indonesia dadi basa Jawa, bocah-bocah padha nggunakake fasilitas terjemahan ing google. Coba ta njenengan nyoba, tulisan diterjemahake njaluk tulung google. Mesthi asile akeh sing mbingungake, kepara malah marakke ngguyu. Nanging kanggone bocah, diturun wae, terus dikumpulake marang gurune.
Mula, anane grup-grup pandhemen basa lan budaya Jawa ing media sosial kayadene Facebook, miturut aku, akeh banget mupangate. Ing kono sok sapa wae sing duwe kawigaten marang basa Jawa bisa ngumpul.
Ana sawatara grup basa Jawa ing Facebook. Umpamane Basa Jawa Krama, Basa Jawa, Bahasa Jawa Halus <Krama Inggil>, Nguri-uri Basa Jawa, an liya-liyane. Sapa wae sing ana njero utawa anggota grup kuwi? Ana sing pancen wasis, mbokmenawa pancen guru basa Jawa, ahli basa Jawa. Nanging ana uga sing kepingin sinau basa Jawa, kepingin nambah kawruh bab basa Jawa senajan sejatine wis duwe dhasar kawruh (pengetahuan) bab basa Jawa.
Nanging ana uga sing pancen rumangsa ora bisa basa Jawa, banjur mlebu grup merga kepingin sinau basa Jawa. Lan, mbokmenawa ana uga sing mlebu grup mung kanggo seneng-seneng, kanggo guyonan, lan liya-liyane.
Aku uga nggabung ing grup-grup iku, merga pancen seneng marang basa lan budaya Jawa, nanging sing utama banjur bisa melu sinau, bisa tukar-kawruh, lan nambah kanca sing passion-ne padha. Nyenengake.
Mung pancen sing kudu dipahami, yen nulis status ing grup kuwi ana sing nyaruwe, umpamane tembunge kliru, ejaane ora bener, basa kramane ora pener, ya ora sah lara ati. Wong kuwi panggonan kanggo sinau. Yen kepingin bisa numpak pit, anggone ajar numpak rak ya nganggo tiba, nanging pungkasane rak bisa ngebut malah lostang tangane diculke seka setang.
Untung ana media sosial, sing bisa kanggo sinau. Medsos orang mung kanggo curhat, kepara malah kanggo mitenah liyan, nyebar kabar apus-apus (hoaks). Nyatane media social ya bisa digunakake kanthi bener.
Widiyartono R, pandhemen basa lan budaya Jawa, wartawan suarabaru.id