blank
Sulismanto, S.Sos

Dening Sulismanto*

 

Kawit cilik Kemisan kulina tangi pajar sedurunge kenthong subuh. Engko nek nyawane wis nglimpuk, mlaku ring pawon nga gegenen, merga jam semono Mboke (carane Kemisan ngundang Mbah Putri) mesthi wis nggodhog banyu.

Butuhe Kemisan pancen gegenen karo dolanan tumpêr. Ana kalane, pisan-pindho ngrewangi nyugokna rèncèk. Nanging saka pakulinan iku, Kemisan dadi weruh nek saben pajar, Mboke mesthi gawe kopi rong gelas. Sing segelas kanggo dhewe, sing segelas kanggo Pak Yai (Mbah Kakung).

Apa sing disawang Kemisan iku pancen citra, gambaran budaya ngopi jaman semana. Nganti taun 90-an, kopi mung dadi unjukane wong tuwa, kepara sepuh. Nek jaman iku ana sing weruh bocah ngombe kopi, olehe dha alok padha, “Cah cilik kok ndakik kopi.” Kaya-kaya, kopi ora ilok kanggo cah cilik. Nek ana bocah ngombe kopi kok ora dilokna, paling mung nek meh karek lethak, terus digreseki.

Nanging jaman pancen molah-malih. Ora mijiri tuwa–enom, saiki kabeh uwong dha ngopi. Ya, kejaba sing ra seneng utawa ra wani, sih pancen. Ngopi dadi tren, gaya hidup-e nom-noman. Ketitik, separan-paran ana café. Nek ra diwehi aran café, ya sing jare kêdhé kopi.

Jumbuh karo jenenge, kopi dadi suguhan utama sing ditawakake, lagek menu liyane. Café mbuh kêdhé mau kepara dadi nggon ngumpul. Mulane, peranti nggo ngudhak kopi wae wis saya macem-macem. Teknologine saya maju. Nganti pramuniaga sing ngedoli wae ana sing mligi gawe suguhan kopi maneka jinis. Arane barista. Ngono ndhung marahi ana jinis kopi pirang-pirang. Ora kopi tubruk karo kopi susu thok kaya jaman semana.

Semono uga ning pomahan, perkantoran, lan panggon mbutgawe liyane. Kena-kenaa, saben panggon cepak kopi kanggo wong sing ana ning kono, ra preduli tuwa/enom. Ukara “Cah cilik kok ndakik kopi!” wis ilang. Malih ukara sing ngemu surasa sawalike. Upamane “Uripmu kurang ngopi, kok!” utawa “Kopimu kurang kenthel,” lan “kapan tah, ngopi-ngopi?” sarta ukara liya-liyane gumantung kahanan sing lagek diomong.

Endahe, kahanan iki dha diundhuh paedahe. Café, kêdhé, lan warung-warung kopi dadi pilihan wiraswasta. Sing wis mlaku rame, dadi panggon mbutgawe para mudha angkatan kerja.

Wong sing ndelalah omahe ndhok gunung, isa dadi petani kopi lan jinis-jinis usaha sing ana gandheng rapete karo kopi. Saora-orane penggaweyan samben karo pakaryan liyane sing padha-padha dadi dalan dhuwit kanggo perekonomian kulawarga.

Mulane, jinis kopi sing dibudidaya wis malih. Gek emben, wit kopi dhuwur-dhuwur, marahi kangelan ngundhuh. Saiki, dikethok cendhek, pakange disambung karo trubusan pakang kopi sing ngrembakane ora mendhuwur, tapi nyisih. Mbuh iku kopi robusta, mbuh arabica. Ngundhuhe ndhung kepenak. Kejaba ngono, uwohe akih.

Kahanan iki uga isa disawang ing dhaerah-dhaerah gunung Gunung Muria. Ning Jepara, saora-orane budidaya kopi wis nyebar 14 desa ning 7 kecamatan sing manggon ndhok ereng-ereng Muria. Ambane kebon budidaya wis nganti 2.915,7 hektar. Sajrone taun 2023, prodhuksi kopi saka Jepara wae wis nganti 1.277,73 ton. Durung meneh saka Kudus lan Pati sing kahanan alame padha.

Lha iki wis dha ngopi tah durung? Nek ana kopi dheplokan, kabar-kabar ya. Penulis kok wis suwe ra pethuk kopi dheplok. Nuwun.

*Sulismanto. Penulis warga Jepara. ASN di Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara.