Dening Sulismanto*
Wis dadi pakulinan, saben esuk Kemisan linggih ndhok tritis. Ana sing ora kena keri, kopi secangkir. Nek durung nyruput kopi, jarene, nyawang donya kaya ijik kurang “byar” padhange.
Nanging esuk iki beda. Kopi sing cemawis isih keluk-keluk, durung kesruput blas. Tapi mripate Kemisan kaya ujug-ujug makbyar, wae, kaget weruh montor trek mlebu ning gang sisih omahe. Gang iku buntu, mung tutuk tegalan mburi kono. Saka penganggone, wong sing dha numpak ndhok bak trek mau, jelas nek buruh tandur. Dina-dina iki pancen lagek wayah tandur gadhu.
Jan-jane, Kemisan mamula reti nek sawetara taun iki, wong sing dha nggarap sawah kudu nekakeke buruh tandur saka kana-kana. Ora mung manca desa, nanging malah mberah sing saka manca kabupaten. Merga wong sing gelem dadi buruh tandur saka kampunge karek sitok – loro. Ora ndungkap nek dijak nglebarake tandur ndhok sawah sing hektar-hektaran ambane.
Kemisan ora ngira babar blas, jebul sawah mburi omahe kuwi ya saiki kudu diburuhake wong manca. Lha wong sawahe lo mung welasan blethik. Iku wae tah, statuse jan-jane ora sawah, ning tegalan sing ndelalah ndhok panggon rada ngledhok pinggir kali. Mulane sing isa ditanduri pari mung ana welasan blethik. Kanggo nyeblokake winih semono, suwene iki cukup sing duwe sawah karo golek tambahan tenaga tanggane sitok – loro sing ijik dha gelem buruh tandur.
“Jebul saiki ndhok kene wis meh ra ana sing gelem buruh tani, ya,” pikire.
Jane ya rada eman nek cah enom-enoman wis ra ana sing gelem ring sawah. Senajan kutha indhustri, Jepara sugih beras. Kuwi isa didelok saka akehe prodhuksi gabah/beras. Sajrone taun 2023, Dinas Ketahanan Pangan dan Pertanian Kabupaten Jepara (DKPP) nyathet prodhuksi gabah sa-Jepara nganti 241.307,76 ton. Nek wis dadi beras, padha karo 143.372 ton. Dibandhing kebutuhan berase wong 1.192.811 sakabupaten, ijik ana luwihan utawa sing diarani surplus beras nganti 59.113 ton. Luwihe cukup kanggi 8 sasi.
Kejaba beras, sawetara jinis prodhuk tetanen liyane uga surplus. Kadang tani ndhok Jepara isa ngasilake surplus jagung 70.722 ton, kacang tanah 8.230 ton, lan pohung 205366 ton.
Saka kasunyatan iku, Kemisan mung nglipur atine. Senajan sawah saya rupak, isih ana kanoman sing gelem tetanen. Nek buruh tani wis ngawiti angel golekane, menawa wae ijik ana nom-noman sing seneng tetanen nganggo cara sing luwih maju. Umpamane sing jarene teknologi tetanen anyar merga sawah saya rupak kayadene sing diarani hidroponik, aquaponik, tabulampot (tanam buah dalam pot/nandur buah jero pot), tasalamkar (tanam sayur dalam karung/nandur sayur jero karung), lan vertikultur.
Kejaba kuwi, tetanen ora mung winates ing babagan budidaya utawa nenandur thok. Ana sing arane mekanisasi, yaiku nyedhiani alat-alat tani modern. Uga agribinis, pengolahan asil tetanen, nangkar bibit utawa winih, lan liya-liyane sing isa ditekuni nom-noman.
“Menawa cah saiki, kok, dha milih kuwi,” pikire nggo ngayem-ayemi atine.
*Sulismanto, Warga Jepara. ASN Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara.