Dening Sulismanto*

blank
Sulismanto

Orog-orog anane mung ndhok Jepara. Panganan utawa cemilan khas kutho ukir. Piye le ape mbantah ukara ngene iki? Upama mesa-mesane dibantah, ye teka karek kon ngehi bukti. Erohi, kon ndudohake ndhok ngendi le weruh wong ngolah orog-orog, saliyane ndhok Jepara?

Ha kok sek ngolah. Sing gampang wae, wis. Wong adol wae, tah, ndhok Jepara enthok. Upamane ana sanjabane Jepara, paling ya mung ndhok tapel wates.

Ndhok Jepara, orog-orog didol ndhok saben pasar. Paling mberah, ditum godhong jati. Nek sing tunumane nganggo godhong rangkep, biyasane wis dicampur sayur lan bumbu pecel. Ana sing ngarani orog-orog janganan. Nek cara cah saiki, nganggo toping sayuran, disiram saos kacang. Rasane? Sedhepe rak upakat. Meneh nek dilawuhi sate kikil, kanggo sarapan.

Kabeh karek butuhe. Merga orog-orog dipangan lawaran wae rasane wis gurih. Gurih-gurih asin, tah piye si ngono iku le ngarani? Pokoke sedhep, lah.

Mulane, bakul orog-orog biyasane nyepaki orog-orog lawaran barang. Sing pintane didol lawaran, cukup ditum tanpa godhong rangkepan. Merga ora kuwatir ana bumbu teles sing mili lunga. Nek sing golek penake, ora ditum. Tapi diwadhahi plastik.

Orog-orog lawaran isa dipangan karo sop, soto, gule, nganti bakso. Mulane nek jajan bakso ndhok Jepara, kerep ana orog-orog lawaran. Sing seneng orog-orog, karek njikuk saktum, diuworake, disok ndhok mangkok bakso. Nek kurang, karek nambah.

Ape nyacak golek warung bakso ndhok kana-kana sing nyepaki orog-orog ngene iki? Apa ya isa ketemu?

Miturut sumber-sumber tulisan sing sing wis ana, orog-orog pancen anane mligi ndhok Jepara. Sing ngolah, warga sawetara desa ndhok Kecamatan Kedung, kaya ta Jondang, Bugel, lan Menganti.

Dene bahane, pati aren, ana sing saka Jepara dhewe, ana sing le kulak saka paran. Ndhok Jepara, pabrik pati aren sing wis kondhang mung ndhok Desa Plajan, Kecamatan Pakisaji. Penulis tau nggenahake carane nggawe pati jinis iki. Pabrike tradhisional, ndhok brak kaya dene mebel.

Wit aren sing wis tuwa, dikethok-kethok kira-kira 1 meteran. Sawise iku dionceki, dibuwang kulite. Wit sak njerone kulit, dipecel-pecel. Ukurane welasan nganti puluhan sentimeter. Banjur digiling ndhok parut sing diubengake nganggo mesin.

Blubukan wit aren sing diasilake saka gilingan, banjur diwejek-wejek banyu ndhok njero bak sing wis diwehi saringan. Nalika banyu meneb, pati aren nglimpuk ndhok jero bak, sisih ngisor.

Merga pabrike mung welasan, pati aren saka Plajan ora nyukupi kanggo nggawe orog-orog sabendinane. Mulane prelu kulak saka manca.

Miturut Bhaoesastra Djawa sing diimpun dening W.J.S. Porwadirminta taun 1939, orog-orog mono “aran panganan bangsane thiwul”. Bedane, thiwul digawe saka pohung utawa kaspa. Nek orog-orog, digawe saka pati aren.

Merga wis mamula ana ndhok bausastra utawa kamus basa Jawa nganggo tulisan orog-orog kawit taun 1939, mulane, nalika nulis jengen panganan iki, penulis tetep milih orog-orog. Ora melu tulisan latin Jawa sing saiki dha digunakake, yaiku “horog-horog”.

Kejaba wis mamula ana ndhok bausastra, pancen kawit cilik, wong desane penulis, nek ngarani ya orog-orog. Carane ngucapake, o.ro-go.rog.

Saka paugeran carakan Jawa, tulisan nganggo aksara latin horog-horog wis bener. Nanging merga pas maca dadi ho.rog-ho.rog, kok ndhung abane beda. Nanging sing ngarani orog-orog karo horog-horog karepe padha. Padha benere.

Wis sawetara dina, orog-orog dadi pawarta anget ndhok Jepara merga pamarintah dhaerah ngusulake dadi Warisan Budaya Tak Benda (WBTB) nasional. Pamarintah dhaerah ngupadi supaya taun 2023, orog-orog wis kasil entuk status WBTB saka Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi (Kemendikbud). Sing diusulake bareng, ana papat. Kejaba orog-orog, ana seni ukir macan kurung, seni tradhisi emprak, lan uga kentrung.

Nek ndelok kasunyatan ngono iku mau, awake dhewe sajake oleh nduwe pangarep-arep nek orog-orog bakal entuk status WBTB. Banjur orog-orog isa diarani warisan budaya Jepara.

Sedurunge iki pamarintah dhaerah wis duwe bukti kasil ngegolake WBTB nganti 3, yaiku lomban, perang obor Tegalsambi, lan sedhekah bumi Jembul Tulakan.

Nek saiki arep-arep orog-orog dadi warisan budaya Jepara, ndoko sek ora oleh?

*Sulismanto, warga Jepara.