Sulismanto

Dening Sulismanto*

Wong Jawa duwe warisan jajanan lan panganan tradhisional pirang-pirang. Sarwa kebak pitutur lan wewaler. Semono uga apem, panganan sing dina-dina iki lagek dha digawe bada. Nalika dijlentrehake, sejarah apem ora isa ucul saka Kyai Ageng Gribig lan tradhisi Donga Yaqowiyu.

Wong Jawa precaya nek apem dikenalake dening Ki Ageng Gribig, ulama saka jaman jumenenge Sultan Agung Hanyakrakusuma.

Suwijine dina ing wulan Sapar, Kyai Ageng Gribig sing uga keturunan Sinuhun Brawijaya (Raja Majapahit), kondur jiyarah saka Ngarab. Oleh-olehe apem. Merga cacahe mung telu, ora nyukupi kanggo masarakat sing dha ngaji. Kyai Ageng Gribig banjur dhawuh garwane supaya ngolah apem sing mberah.

Apem banjur diwratakake karo ngendika “apem yaqowiyu, Gusti Allah ingkang paring kuwat”. Ya-qawiyyu pancen saka tembung Ngarab, tegese Gusti Allah asipat kuwat.

Kanggo wilujêngan utawa ngamrih lestarine donga ya-qawwiyu, sabên wulan Sapar tanggal ping 15, wong Jatinom (Klaten) dha wilujêngan apêm nganggo tradhisi Donga Yaqawiyu. Ing tradhisi iku, apem yaqowiyu, digawe rayahan sawise didongani.

Sejarah apem sing padha karo crita mau, direkam ndhok rubrik Sejarah Kina ing kalawarti (majalah) Kejawen terbitan Balai Pusaka (1935). Irah-irahane, Yakawiyu. Penulis isa maca kalawarti iki merga ketulung saka koleksi digital-e Yayasan Sastra Lestari.

Miturut Kejawen, ing jaman mau, sabên kyai gedhe pancen kakanthi dening Ingkang Sinuhun Sultan Agung, supaya jiyarah ring Ngarab. Pinuju dina Jumungah tanggal kaping 15 wulan Sapar taun Alip Kyai Agêng ketiban apêm sing isih anget saka ndhuwur, cacahe telung iji. Apem banjur diwratakake anak putu karo ngandika “apêm Yakhawiyu”.

“Apêm wau lajêng kangge jimat sarta tumbal ingkang kangge jimat ngalap dhatêng ingkang paring apêm tanpa sangkan. Dene ingkang kangge tumbal ngalap barkah ingkang ambêkta inggih punika Kyai Agêng,” ngono sing ditulis Kejawen.

Kedadeyan kuwi sinêngkalan “ratu sukci tata jagad” utawa 1511. Mulane event Donga Yaqowiyu dianakake warga Jatinom sabên wulan Sapar sakiwa tengene tanggal ping 15.

Pahargyan Donya Yaqowiyu, kaya sing ditulis kalawarti Kejawen, sabanjure ndadekna rêjane papan karamean. Ing pahagyan iku, sing dha entuk mberah anggone ngrayah apêm, percaya nek bakal entuk bêja sing uga mberah. Mulane sing entuk akeh dha bungah.

Nganti saiki, sumber-sumber wacan ing Indonesia, kalebu buku-buku terbitan Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi, njlentrehake yen sejarah apem, ya, mamula ngono iku mau.

Nek diothak-athik karo dina bada apem ndhok sawetara desa ning Jepara, sejarah mau mamula mathuk. Senajan ora ing sasi Sapar, tapi Apit, dinane meh kabeh Jemuwah. Nek sing mberah Jemuwah Wage. Ana sawetara sing beda, yaiku Jemuwah Legi, padha-padha ing sasi Apit.

Desa mawa cara. Jenenge wae pahargyan sing ora gumantung ring petungan “rukun agama”. Tinemu nalar nek bada kupat wektune beda-beda. Ana sawetara desa sing malah uwis bar bada. Beda ya gene? Lha wong le dha bada, ya, ngamrih perkara sing sarwa becik wae, kok.

Kaya panemune penulis ing JeparananBada Apem, Seneng Weweh tah Nguri-uri Budaya?” wingenane. Ana sing bada merga seneng tradhisi, ana sing merga kepengin weweh. ana liyane.

Ngoten, nggih. Diothak-athik, mamula mathuk, ra? Wis ayo, olehe njladreni apem diterusake, banjur dikukus. Tah ora ape ngukus merga mung gawe apem bakar? Nuwun.

 

*Penulis adalah ASN Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara. Pernah menjadi penyiar radio dengan nama udara Indra Sadewa