Sulismanto

Dening Sulismanto*

Suk Jemuwah warga Jepara ana sing dha bada apem. Sing bada mbuh saperangan, mbuh malah sabagen sing mberah. Tapi sing mesthi, ana sawetara desa sing suk dina iku duwe pahargyan aran bada apem.

Minangka wong Jawa sing seneng marang tradhisi, penulis krasa bungah nyawang kahanan. Keri-keri iki, wong sing dha melu bada apem saya mberah. Apa maneh kesurung tumapake jaman medhia sosial. Nalika sing bada dha ngunggah status, wong sing asale dha ora reti bada apem, dha melu kenal. Sabanjure, melu ngleksanani pahargyan mau.

Janjane apa, tah, sing marai wong mberah dha melu bada apem? Nek ditakoni siji-siji, mesthi duwe wewaton utawa dhasar dhewe-dhewe. Isa pirang-pirang.

Kanggo penulis, saora-orane ana loro budi utama sing isa njalari. Nomor siji, seneng weweh. Nomer loro, nguri-uri budaya Jawa. Sumangga ditambah liyane.

Kanggo sing melu bada apem merga seneng weweh, isa disawang ngawiti suk Kemis. Iya, sedina sedurunge bada. Sing seneng weweh, ngupaya duwe apem luwih saka tembung “sacukupe”. Pokoke mberah. Apeme, isa le gawe dhewe, isa tuku saka tanggane. Sabanjure, didum ring dulur lan tangga teparo. Malah ana sing nganti digawa ring panggone mbutgawe. Mulane pahargyan bada apem krasa nganti tuk kantor-kantor.

Saking semangate kepengin weweh, suk Kemis lo wis ana sing aweh mrana-mrene. Kamangka, bada apeme isih suk Jemuwah.  Merga tradhisi iki pancen dileksanane ndhok dina Jemuwah Wage sasi Apit utawa Dulkangidah. Bareng karo dina Jemuwah, surya kaping 17 sasi Mei taun 2024 ning penanggalan Masehi. Wis ngono, ing tradhisi Jawa dina anyar pancen diwiwiti sore tumuju wayahe surup surya.

Dene sing melu bada merga kesurung rasa pengin nguru-uri budaya Jawa, ketok saka carane. Ing omah-omah ibadah, mejit, langgar, lan liya-liyane, Jemuwah bar Subuh dha selametan bareng. Beja sing entuk imam isa medar sejarah lan tuntunan bada apem. Tapi ora kurang sing mung selametan bareng. Tapi nyatane? Dha dilakoni terus.

Malah ana sing dha nyenthelake apem ndhok kendharaan utawa salah suwijine panggon ning omah. Jajal ditakoni, geneya kaya ngono? Isa dibedhek, ora kurang sing jawab kurang luwih “Mung tiru kaki-nini, mbah-mbah jaman mbiyen.”

Kahanan iki adate uga ketok pas bada kupat. Sing jelas, olehe melu bada merga ngerti lan tresna marang budaya warisan leluhure.

Kira-kira awake dhewe bakal piye suk Jemuwah? Melu bada apem ta ora? Nek bada, merga seneng weweh, nguru-uri budaya Jawa, tah loro-karone? Penulis dhewe sek wis ra kanti, selak pengin dina Kemis. Merga dina iku wis dha mateng apeme.

 

*Penulis adalah ASN di Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara.