Dening Sulismanto
“Gek emben nek ora ana Ibu Kartini, ya, ora ana wong wedok sekolah, ah.”
Bola-bali Kemisan krungu tembung kaya ngono. Lumrahe, kocap nek cah sekolah dha golek kebayak kanggo pengetan Hari Kartini.
Kahanan iku, ditambah omongan kaya ukara mau, nggambarake kaya ngapa carane masarakat nyawang Dinten Kartini. Perjuwangane R.A. Kartini, kaya-kaya mung bab emansipasi.
Teka ora salah masarakat ngenal Ibu Kartini minangka priyayi putri sing dadi tokoh emansipasi kanggo bangsa Indonesia. Kahanan iku wis gawe warga Jepara bombong ra mekakat. Merga Jepara pancen entuk kanugrahan dadi kutha sing nglairake R.A. Kartini nalika surya kaping 21, sasi April 1879.
Kemisan paham nek sing dikenali warga saka R.A. Kartini, mberah-mberahe mung kandheg ana ing emansipasi. Nyatane, perkara iku sing paling dibagas dening saperangan winasis ndhok pengetan Dinten Kartini.
“Ha iya, ya! Bombonge sek ngono wae tah mung merga ngerti Ibu Kartini tokoh emansipasi,” guneme Kemisan ring awake dhewe.
Angen-angene Kemisan nglembara. Upama wae masarakat ngerti kabeh gegayuhan sing diperjuwangi ibu Kartini, banjur sedya gumregut nerusake.
“Ndah apa, ya, nek kabeh diwarisi banjur diterusake. Maune kepiye, tah, sing dibagas kok mung emansipasi?,” pikire Kemisan.
R.A. Kartini, ditetepake minangka pahlawan nasional mawi Kaputusan Presidhen nomer 108 taun 1964. Lagek maca Keppres tanggal 2 Mei 1964 iki wae, janjane wis genah nek sing diperjuwangi Ibu Kartini ora mung emansipasi. Presiden Soekarno jelas netepake R.A. Kartini minangka “Pahlawan Kemerdekaan Nasional.”
Saka tembung ‘pahlawan kamadhikan nasional’ iku genah, ndhok pamawase pamarentah RI, gegayuhan sing diperjuwangi Ibu Kartini tumuju marang kamardhikane bangsane. Emansipasi mung salah siji sranane.
Iya, Ibu Kartini ngupadaya supaya drajade wanita isa padha karo priya. Ngupaya wanita isa sekolah, ngudi ngèlmu ing pawiyatan luhur kaya déné priya. Ning ya, mau. Iku mung salah sijine.
Lagek ndhok Jepara wae, pakaryan ing mebel kayu lan ukir dadi saka guru ekonomi. Tapi wong pira sing ngerti nek gek jamane, Ibu Kartini sing ngenalake ukir-ukiran mau ing mancanagara. Ngirim pameran ing Walanda. Pamrihe supaya masarakat sejahtera. Merga gek jaman semono, ukiran Jepara mung sinawang minangka karya seni, ora kajen minangka prodhuk ekonomi.
Ora mung ukiran, nanging uga bathik lan maneka prodhuk kerajinan saka Jawa sing dikenalake Ibu Kartini ing mancanagara. Saka upaya kuwi, Oest en West ngawiti tuku barang kerajinan saka Jepara, uga Rembang. Oest en West yaiku bebadan perdagangan Walanda jaman semana.
Ora kurang buku sing ngimpun surat-surate Ibu Kartini. Saka kono, bakal kebukak kabeh kaya ngapa gegayuhan lan perjuwangane R.A. Kartini kanggo bangsa lan negara, sing ing tembe dadi Republik Indonesia. Kartini duwe pemikiran sing amba ndhok bab sosial, budaya, agama, korupsi, lan liya-liyane.
Gegayuhan sing ditulis Kartini ing surat-surate, dadi inspirasi para tokoh Kebangkitan Nasional Indonesia. Kartini nulis kabeh mau adhedhasar Katuhanan, kawicaksanan, kaéndahan, pari kamanungsan, nganti nasionalisme (tresna marang praja). Semangat iku kaya sing ana ing nota Kartini ring pamarintah Walanda, kanthi irah-irahan Wehana Bangsa Jawa Pendhidhikan.
Pikirane Kartini, nggugah jiwa nasionalismene para mudha Stovia (School tot Opleiding van Inlandsche Arts), sekolah dhokter Bumiputra, sing banjur manunggal ing Jong Java taun 1903. Entuk inspirasi saka Ibu Kartini, dokter Cipto Mangunkusumo madegake Kartini Club taun 1910 ing Surakarta. Mangsa iku isih adoh sadurunge surat-surat Kartini diterbitake dening J.H. Abendanon ing buku Door Duisternis Tot Licht. Kartini Club ngadeg kanggo majune bangsa ing pendhidhikan, lan nyawijikake kalangan mudha lan kaum pendhidhikan supaya duwe kasadharan ring bangsane.
Sapa sing bakal ngenalake ngene-ngene iki ing pengetan Dinten Kartini? Piye carane?
Sugeng mengeti Dinten Kartini. Rampung peteng, sumilak padhang!
*Sulismanto. Warga Jepara sing uga dikenal minangka penyiar radio: Indra Sadewa.