Dening : Sunardi KS
Tulisan sing wis kepungkur dicritakna nek Mbok Mi iku wong biyasa ae. Nanging lha kok jenenge nganti digae jeneng dalan. Senajan isa uga jeneng dalan mau orak kecathet nok buku Catatan Jalan sing resmi. Mbok Mi uga arep crita sing kentole tau ditembus peluru nyasar, pelurune penjajah Jepang.

Sedurunge crita kentole Mbok Mi sing tau bolong tembus kena peluru nyasar duweke Jepang, saiki arep dicritakna saka critane Mbok Mi sing liya. Nek dirungokna kaya-kaya mokal, kaya-kaya orak masuk akal. Crita iki crita sedurunge bangsa kita dijajah Jepang, nalika ijeh dijajah Landa.

Bangsane awak dhewek tau dipeksa, dadi kerja rodi, gae kali. Subkhanallah, kali iku digae, didhudhuk sethithik mbaka sethithik karo pacul. Sing pacule ae ora pacul apik kepenak kaya pacul-pacul saiki. Bayangna kali semono jerone, semono dawane, didhudhuk kanthi cara manual. Nek nenggor watu, najan watu mau gedhe, kudu diangkat bareng-bareng. Kamangka wetenge wong-wong sing dha kerja rodi mau ora kegolong weteng wareg. Mangane dicumponi.

Bayangna, rekasane simbah-buyut kita biyen. Bisa uga saperangan kali-kali saiki saka gaweyane simbah-buyut kita. Senajan saperangan gedhe, saperangan akeh kali-kali saiki wis digae nganggo alat-alat sing wis canggih-canggih, alat-alat keruk, alat-alat berat.

Kedaden iki, critane Mbok Mi, nalika aku isih cilik, kelakon nalika ing jaman penjajahan Landa.

Nanging, najan ngono, kali gaweyan saka pacul mau saiki wis dadi warisan kanggo anak-putu, buyut-canggah. Eman ora ana paneliten ing babagan iki ya? Kali sing endi sing digae cara manual mau.

Kejaba saka iku sakkejem-kejeme penjajah Landa isih ninggal warisan bangunan-bangunan Landa sing wujud ing antarane, kreteg-kreteg, jalan raya, dalan-dalan sepur, kali, lan liya-liyane. Sing ing kanyatan mupangati kanggo kita-kita saiki. Malah saperangan ana bangunan-bangunan tinggalane Landa mau dadi obyek wisata sejarah, sing isa gae rejane pemda utawa masyarakat, kang kadhokan bangunan-bangunan mau.

Nek manut pandugaku, penjajah Landa ing jaman biyen iku kok ya orak sek kejem-kejem banget. Umpama banget kejeme mesthi wis diusir wiwit biyen-biyen, senajan nyawa totohane, rakyat nek wis kadhung nekad, o, ibarat kaya semut ngangkrang cilik-cilik ukurane nek dibandhing ukurane menungsa. Nanging nek ngangkrang mau wis kadhung ora trima, banjur ngroyok menungsa, senajan menungsa mau gagah perkosa, gedhe dhuwur pawakane bisa kalah. Yen menungsa pinuju menek wit kok nganti dikroyok ngangkrang sakakeh-akehe, o bisa tiba saka wit.

Nanging nyatane Landa njajah nganti 350 taun. Awet. Umpama pancen nyata-nyata kejem, ya kejeme karo wong-wong sing mbalela. Ngancam keselametane Landa. Ewa semono ing catetan-catetan sejarah, kerep-kerepe sing ditulis, penjajah sing kejem iku muk Landa. Kok ora penjajah Jepang, sing manut critane Mbok Mi pendhudhuk pribumi mangan sega wae dilarang, supaya lara-laranen, ora isa mikir, ora pinter. Supaya gampang diakali, dijajah diprentah.

Crita Lucu-lucu Saka Mbok Mi

Critane Mbok Mi, mbuh iku tenan mbuh fiktif. Jarene Landa sing tau dadi penjajah biyen iku kagolong pinter-pinter bodho. Pinter-pinter, saking pintere nganti bisa njajah bangsa kita. Ateges kepinterane bangsa kita ing jaman semana isih kasoran, kalah unggul kabanding kepinterane Landa. Lan bisa uga kalah tegas.

Nanging, uga jarene Mbok Mi, Landa-Landa penjajah jaman biyen uga akeh sing bodho. Saking bodhone malah nganti isa diakali, diapusi karo bangsane dhewe.

Sawijine dina, Landa kledhang-kledhang, kontrol mubeng, mlebu-metu desa. Wektu iku wanci awan. Akeh warga desa padha masak. Senengane bangsa kita pancen mangan sarwa pedhes. Mula nek pinuju gae jangan utawa sayur bening, ya tetep ae gae utawa nyawisi sambel. Supaya mangane dadi seger.

Nalika ana warga desa arep gae sambel, trasine dibakar dhisik. Ndilalah wanci iku lagi ana Landa liwat sarombongan. Landa mambu bakaran trasi, gumun capur mangkel, ganda apa iki, pitakone Landa. Landa mau gumun lan mangkel jalaran jarene saumur-umure lagi nenggor ganda sing kaya ngono iku. Manut Landa ganda bakaran trasi iku orak enak banget.

Landa banjur marani omahe pawongan sing pinuju mbakar trasi mau. Landane wis ngempet nesu, arep muring-muring. Nanging takon dhisik karo sing lagi mbakar trasi “Ngobong apa iki? Ambune orak enak” sing due omah kandha arep gae sambel kanggo seger-segeran mangan.

Pitakone Landa maneh “Ambune rak enak ngene iki arep dingo mangan? Coba aku pingin reti”

Sing due omah banjur cekat-ceket gae sambel. Sakwise dadi, Landane pingin reti. Sambel ana layah mau banjur didulit Landa nganggo pucuke driji panuduh, terus didilat. Landane meneng sedhelok, terus omong rada lirih. “Jebul enak ya?”
Banjur Landa entha-entah nesu, sambel entha-entha dirampas. Nanging sejatine sambel iku bakal digae mangan Landa. Batine Landa “Lagi saiki aku ngrasakake enake sambel. Nok negaraku ora ana sing kaya ngene iki”

Landa nerusna laku. Nok panggon liya Landa weruh pawongan ndesa ngombe banyu saka kendhi. Landa rada gumun, banjur pitakon “Barang apa iku?” Pawongan ndesa mau rada wedi wangsulan “Niki kendhi ndara. Kangge wadhah toya kangge ngombe”
“Barang iki digae saka apa?” takone Landa.

“Saking lemah ndara” pawongan mau rada wedi nanging pinter ngakali. “Asale lemah dikepel bunder, terus dituncepi kethokan pring sing bolong. Pring bolong wau disebul. Dados lemahe mlendhung, gedhi ngeten” Landane manthuk-manthuk, tandha ngandel.

Landane nerusna laku. Kliling desa. Supaya orak ana warga sing wani mbalela. Nuju ing prapatan dalan, Landa weruh bocah prawan dodol jajan. Ing antarane maneka jajan mau ana ondhe-ondhene. Eruh kliwere Landa, bocah prawan mau mlayu ngeciprit wedi. Banjur ndhelik. Landane nyedhaki barang-barang dodolane si bocah prawan mau.

Weruh ondhe-ondhe, Landa ngubeng-ngubengake ondhe-ondhe nok tangane. Landa mau radak gumun, banjur omong rada alon “Lho barang cilik ngene iki kok ditempleki wijen cilik-cilik semene akehe. Anggone nemplekake nganggo apa ya. Mbokmenawa kok ditemplekake nganggo pipet siji-siji. Nanging apa orak suwe banget ya? Kok sabar temen, regane pira?”

Nalika Landa grenengan, sing mesthi ana warga nginjen. Lan krungu grenengane Landa.
Mengkono critane Mbok Mi karo aku, nalika aku isih cilik. Ana tutuge. Sasi ngarep critane Mbok Mi, kentole kena pelurune Jepang, nganti bolong tembus*

Penulis adalah sastrawan tinggal di Jepara