blank
Sulismanto

Dening Sulismanto
Nduloni. Sumbut olehe dha krasa wirang nggek ingenane kae. Merga kewirangan, mberah sing dha cancut taliwanda, melu ngupaya ngudhunake kasus stunting ndhok Jepara. Ora genep pitung sasi kawit warta ngisin-ngisini iku gawe kagete wong sak Kutho Ukir, angka anyar prevalensi stunting wis metu meneh.
Saiki, wong Jepara wis ora kisinan. Sawalike, upama wae dadi uwong iku oleh ondol, nawa saiki ana sing rada ondal-ondol nek ngomongake stunting karo wong kana-kana.
Mesthi ijik dha eling. Stunting, kahanan kurang gizi prana (kronis) sing dialami bayi nganti cah cilik-cilik saengga ora isa mundhak dhuwur saka kahanan sak mesthine, gek ingenane gawe wirang wong Jepara. Kutha sing jare rakyate makmur lek sugih sumber daya alam, kok jebul bayine mberah sing bajang.
Nalika iku mung ngerti nek prevalensi stunting ndhok Jepara 25 persen, luwih elek saka rata-rata Jawa Tengah 20,9 persen lan nasional 24,4 persen. Sumber datane saka buku Survei Status Gizi Indonesia (SSGI) Tahun 2021 sing lagek ujug-ujug dadi pawarta Juli 2022 kepungkur. Nalika penulis mbuka buku iku, jebul malah luwih ngisin-ngisin. Dibandhingake kutha-kutha liya sak Jawa Tengah, Jepara nomer lima. Ora saka ndhuwur lo, nanging ka ngisor! Nomer lima paling elek sak Jawa Tengah.
Saiki kahanane wis beda. SSGI taun 2022 sing diumumake Kementerian Kesehatan ndudohake nek Jepara wis ra perlu kisinan maneh. Prevalensi stunting ndhok Jepara wis mudhun dadi 18,2 persen. Angka iku luwih apik saka rata-rata nasional 21,6 persen lan Jawa Tengah 20,8 persen. Dibandhing kutha-kutha liya sak Jawa Tengah, Jepara nomer 12. Nek sak Muria, paling apik, nomer 1. Temenan, nomer siji ka ndhuwur!
Wis ngene iki, aja banjur leha-leha. Leha-leha iku nek cara saperangan desa ndhok Jepara ya bangsane ongkang-ongkang iku, ah. Kendhangan dhengkul, paribasane.
Ha gene tek ra oleh leha-leha? Merga target RPJMN (Rencana Pembangunan Jangka Menengah Nasional), taun 2024 kudu isa 14 persen. Kabeh upaya sing wis dilakoni, aja dilereni. Nek perlu dikencengi. Kabeh sing kawit nggek ingenane dha cancut taliwanda ngupaya mudhune prevalensi stunting, aja dha mundur. Ayo diprantasi bareng. Aja wirang maneh.
Miturut buku saku SSGI 2022, ana sewelas intervensi spesifik stunting sing isa dilakoni. Yakuwi screening anemia lan konsumsi tablet tambah darah remaja ing kalangan remaja putri. Banjur priksa kehamilan, konsumsi tablet tambah darah ibu hamil, lan ngehi pakanan tambahan kanggo ibu-ibu mbobot sing ngalami kekurangan gizi prana (kronis).
Sabanjure, kanggo balita, ya kuwi: ngehi ASI ekslusif, ngehi panganan pendhamping ASI sing dhuwur kandhutan protein hewani kanggo baduta, tata laksana balita sing duwe masalah gizi, lan ngunggahake cakupan imunisasi. Siji meneh, penyuluhan remaja, ibu-ibu mbobot, lan kulawarga.
Awake dhewe isa njikuk sing ndi? Ayo melu obah. Aja ndherok dhewe.

Sulismanto, warga Jepara.