Nguring-uring RT Merga Bansos

361
0

Dening Sulismanto*

Duwe bestie sing ndelalah entuk bojo galak mono ora kepenak. Kudu pinter lelipur kanca kenthel sing lagek kojur. Sawayah-wayah nyawang eluh dleweran pas bestie curhat bar diuring-uring bojo. Ngurut dhadha; krasa mesakke, tapi ra isa nulungi. Kadhang kala ngrewangi nangis.

Pancen wis sawajare. Merga manungsa pancen panggone rasa kamanungsan. Isa angen-angen piye rasane, upama awake dhewe sing nglakoni dadi wong sing ora beja ngono iku.

Nanging nganti saiki durung tau krungu uwong-uwong nangisi Pak RT. Mangkakna, sing nggalaki ora mung siji. Duwe status sosial sing ra ana bayarane, tapi ora arang, diuring-uring wargane. Ora mung sing ndhok omah galak karo bojo, tapi uga sing digalaki pasangane, banjur “mbalese malah ring Pak RT, nek ndelalah ada pawadane.

Ya, kuwi, abot-abote dadi RT. Ngibarate, nglakoni barang 1000, nek sing 999 bener, ora ana apa-apa. Tapi nalika ana 1 wae sing kleru, entek ngamek diuring-uring.

Sajrone 2 taun iki isa diarani mangsa paling abot kanggo ketua RT diuring-uring wargane. Dalane, saka mberah-mberahe bantuwan sosial (bansos) Covid-19.

Kejaba Bantuan Keluarga Harapan PKH lan Program Sembako sing wis mamula mlaku, ujug-ujug ana bansos Covid-19. Jinise pirang-pirang. Ana Bantuan Sosal Tunai (BST) Kementerian Sosial (Kemensos), Bantuan Sembako Perluasan/Nonprogram, Bantuan Sembako Pemprov, Bantuan Langsung Tunai (BLT) APBD kabupaten, nganti BLT Dana Desa (BLT DD).

Dina-dina iku, ucap-ucapane Pak RT ra kober mbutgawe. Dhiluk-dhiluk diundang ring bale desa. Diwehi formulir kon ndhaptari wargane sing pantes dadi calon Keluarga Penerima Manfaat (KPM) bansos. Sedina mbuh rongdina neh, RT diundang meneh ring bale desa, melu musyawarah desa (musdes), netepake calon KPM.

Jebul ora let suwe, kudu ngganti calon KPM. Merga jengen sing diusulake ndhok bansos A, jebul wis metu minangka calon KPM bansos B. Ana dhaptar sing ujug-ujug mudhun saka “pendhuwuran”. KPM sing saka ngisor kudu diganti. Diundang neh ring bale desa. Bolak-balik. Wis ngono, jinis-jinis bantuan mau mbreguduk tekane. Kabeh njaluk dhaptar saika-saiki.

Krungu jinis bantuan pirang-pirang, warga sing ra entuk, mara ring omahe RT-ne. Muring-muring. Ngarani nek sing dilebokna calon KPM bansos mung dulur-dulure Pak RT, lan maneka pawadan liyane.

Mesthine pancen ana RT sing ngono, tapi sing kena uring-uringan kabeh RT.

Durung maneh nek wayah bansos metu, jebul beda antarane bansos A karo bansos B. Sing rumangsa entuk sithik, nawane kudu muring-muring meneh. Wis pokoke embuh, ana wae dalane!

Sing paling abot, RT sing KK-ne mberah. Iki sing rada angel tinemu pikir. Ana RT sing KK-ne mung kurang saka 40, lan ana sing duwe KK nganti meh 200. Nalika dikon ndhaptar calon KPM, dijatah padha. Bansos A nek sak-RT entuk 5, dijatah 5 kabeh. Bansos B nek sak-RT 3, dijatah 3 kabeh. Mbuh maune piye tek isa ngono.

Mangsa iku, KPM saka kabeh bansos isa ngliwati 70 persen warga. Mulane ndhok nggon RT sing KK-ne sithik, warga duwe mobil wae isa kejatah. Sing wis tau munggah kaji lek dina iku jane ya mamula mampu, isih entuk jatah. Merga ketua RT-ne pancen wis kangelan golek KK sing durung nampa bansos.

Lha RT sing KK-ne mberah, wargane dha durung keduman senajan pancen miskin. Ring ndi muring-muringe? Ring Pak RT neh. Nanging RT sing wargane sithik, ya tetep wae diuring-uring. Merga warga mung nyawang tangga sak-RT sing jane sugih isih entuk, dheweke ora.

Iki dina, bansos rame meneh. Rega BBM mundhak, pamarintah ngalihake anggaran subsidi BMM kanggo bansos.

Ngendikane Menteri Keuangan Sri Mulyani sing dipethik medhia-medhia massa, anggaran bansos nganti Rp24,17 triliun. Ngono iku nek dhuite nglimpuk dadi siji, tumpukane sepira, ya?

Sing entuk bansos, 20,65 yuta KK miskin, lan 16 juta karyawan sing upahe ora nganti Rp3,5 yuta. Bentuke bantuan subsidi upah (BSU)

Nganti saiki, ora ana tandha-tandha RT dikon ndhaptari calon KPM-e. Merga ndhok Kemensos wis ana dhaptar calon KPM-e. Pak RT isa ayem ora kena uring-uringan.

Warga isa ngecek dhewe, bakal nampa bansos subsidi BBM tah ora, nganggo Aplikasi Cek Bansos utawa lewat internet; cekbansos.kemensos.go.id. Nek ora kalebu KPM tapi rumangsa layak entuk, warga isa usul dhewe. Kemensos wis nyepaki program “Usul-Sanggah” ndhok laman mau.

Bejane sing sregep maca, sregep golek warta. Merga entuk warta program iku, banjur isa browsing pawarta sing genah. Reti carane ndhaptar nek pancen mesthine duwe hak nampa bansos. Reti nek ndhok program ki, warga ora duwe meneh, pawadan kanggo nyengeni Pak RT.

Tenang, nggih, Pak RT?

*Sulismanto, warga Jepara.