Crita Pitulasan

644
0

Dening Sulismanto*

“Ha, tujune, kok ora ana apa-apa. Ngono iku nek wingi upama ana mobil nggawa wong lara, selak ring rumah sakit, tapi golek dalan mrana-mrene ketutup kabeh, terus piye?”

Ki Juru ujug-ujug nyela omongane wong pirang-pirang. Kamangka lagek dha semangat-semangate gentenan crita olehe dha bar pitulasan. Ana sing crita bar ndelok karnaval, ana sing bar menang lomba, ana uga sing ngguya-ngguyu entuk hadiah jalan sehat sing jebul mung cepuk.

Durung ana sing nyambungi, Ki Juru prempengan meneh.“Senajan ora sanak dulure dhewe, tapi nek sing lara mau durung sida tuk rumah sakit ndhung nganti gene-gene, apa rak dha melu getun? Ha piye le isa gage-gage entuk tamba, nek olehe mlaku wae pujar mubang-mubeng golek dalan tapi kadhaaangan terus.”

Sakjane, wong pirang-pirang asale mikir padha. “Halah setaun pisan wae, kok.” Tapi merga durung sek kucap, Ki Juru wis nambahi omongan ngono, wong-wong sidane mikir.

Ora ana sing salah le dha gawe kerameyan pitulasan. Kanggo ngisi dina pengetan kamardhikane Republik Indonesia kok. Lha wong mbiyen diperjuwangi para pahlawan nganti utah ludira torok nyawa. Kudune pancen ngono. Malah nek nganti ana warga mung trimane ngisi kegiyatan ngono wae emoh, layak ditakokna, duwe rasa nasionalisme tah ora.

Mulane, supaya isa gawe kerameyan, warga wis ra itung-itungan meneh. Dijaluki urunan pira wae ora eman. Ora siji–loro sing malah nuthuk luwih mberah saka umume. Dijaluki urun wektu mbuh tenaga ya gage-gage. Sing penting kegiayatan mlaku. Isa nyawang dina kamardhikan meriyah. Isa kanggo lantaran ngelingake para putra bangsa, kepiye abote merjuwangi Indonesia merdheka jaman semana.

Nanging nek dieling-eling maneh, jebul le gawe acara bebarengan pancen isa wae malah ngrampas kamardhikane wong liya, sing menawa wae ndelalah lagek butuh berobat mbuh butuh penting liyane.

Kena didelok maneh. Malam tirakatan upamane. Jenenge wae malam tirakatan, mesthi wae le nggawe acara bareng-bareng, pas malem pitulas Agustus. Sokur nek le dha nggelar milih nggon sing ora ngganggu dalan. Kaya ndhok omah ibadah utawa lapangan.

Tapi nyatane ora kabeh ngono. Ora kurang-kurang sing dha milih nggelar malam tirakatan ndhok dalan. Ndhok kampung sing nyeleh malam tirakatan minangka kegiyatan lingkungan utawa tingkat RT, tegese meh angger lingkungan, meh angger RT gawe dhewe-dhewe. Isa wae, wong sing bengi iku nduwe butuh penting, anggone mlaku kadhangan terus. Menggok mrana-mrene, lagek maju sithik wis kadhangan meneh. Kamangka nek wis wong mberah sing ngumpul tah ngono kae. Sing siji ngakon ngehi dalan, sing liyane mrekeneng nutup. “Halah setaun sepisan wae kok, lah ngenteni dhisik, ah.”

Perkarane, wong butuh tetamba mono ra isa diselaki. Ra isa diatur kapane. Lha nek butuhe gage-gage entuk tamba kuwi mbarengi acara mau banjur ra isa mlaku, kok sek kaningaya temen si nasibe. Lha saiki, ora mung malam tirakatan sing isa wae bareng.

Acara nggo ngisi pitulasan ngono macem-macem. Ana sing nganakake lomba-lomba, ana sing gawe karnaval, senam banjur jalan sehat, lan liya-liyane. Kamangka, acara sing isa diarani gedhe sek nganti karnaval wae, saiki ora mung ana ndhok tingkat kabupaten. Ana sing nganti tingkat desa, malah tingkat RW gawe karnaval.

Nek ngono-ngono iku mau dha angger nutup dalan tanpa ana koordhinasi karo lingkungan liya, dikuwatiri, bakal ana crita nelangsa. Teka sokur, alhamdulillah, nek nganti saiki durung ana crita ngono. Tapi sapa sing reti bakale?

Jaman saiki, grup WA lan medhia sosial ana ing saben tingkatan. Wis wayahe ana sing njikuk tanggung jawab koordhinasi. Nek pancen le gawe acara ana barengane, lek padha-padha nutup dalan, kudu koordhinasi supaya ana dalan sing ora ketutup. Digawe warta sing jelas. Warga sing ape liwat lah jelas, ndhok prapatan ngendi kudune menggok ring ndi, ndhok pertelon ngendi kudune nyimpang ring ndi, lan sateruse supaya lancar olehe lelungan.

Aja nganti ngisi kamardhikan sing kudune nggo napak tilas mangsa perjuwangan, malah akire ngrampas kamardhikane wong liya. Mbuh iku butuh berobat, mbuh butuh penting liyane.

Wis 77 taun merdheka kok, ape berobat wae jebul kejajah. Nek dijajah caturane tangga sih, wis dha kebal.

*Sulismanto, warga Jepara.