Ratu Kalinyamat Pahlawan Nasional

669
0

Dening Sulismanto*

Sapa wae kena ngrumangsani nek mung dheweke sing gampang baper. Upamane, krungu Indonesia Raya ngumandhang wae nrocoh. Apa maneh nek kumandhange nalika atlet Indonesia entuk medhali emas olimpiade, banjur nyawang Merah Putih dikerek paling dhuwur. Ati mongkog, dhadha kebak, eluh dleweran.

Naging nalika maca pawarta usulan gelar Pahlawan Nasional kanggo Ratu Kalinyamat dina-dina iki, ora mung wong baperan sing oleh bombong. Welasan taun merjuwangi, akhire, tokoh nasional kaya tumplek blek paring dhukungan. Kabeh ngluhurake Ratu Kalinyamat.

Swara Ratu Kalinyamat mesthine dianugerahi gelar Pahlawan Nasional, gumblegar saka rembug Napak Tilas Ratu Kalinyamat Pahlawan Maritim Nusantara sing digelar TNI AL! Digelar ndhok Kapal Dewa Ruci sing sandhar ning dermaga Pangkalan Angkatan Laut, Jakarta, 11 Agustus 2022 kepungkur.

Luhure Perjuwangan lan kaprawirane (patriotisme) Ratu Kalinyamat marang Nuswantara pancen ra isa dimungkiri. Sing paring dhukungan, presiden kaping 5 RI Megawati, Kepala Dinas Sejarah TNI AL Laksamana Pertama Ir. Eko Gajah Seno, Purnawirawan KSAL Bernard Ken Sondakh, lan Wakil Ketua MPRI RI Lestari Moerdijat sing pancen wis suwe merjuwangi gelar mau. “Pemimpin bangsa jaman semana kaya Bung Karno, sanget kurmat karo Ratu Kalinyamat, nganti ziarah ring pasareane ndhok Jepara, taun 1952,” pangandikane.

Banjur pengamat Militer Connie Rahakundini Bakrie nambahi, jaman Ratu Kalinyamat, kawasan Nuswantara duwe armadha kapal perang tangguh, isa mbangun aliansi karo kasultanan liya-liya.

Nyatane, Retno Kencana ya Ratu kalinyamat nalika jumeneng mimpin Jepara taun 1549-1579, dadi nalendra sing kawentar kasatriyane. Bola-boli ngirim tentara mangkat perang, ngayomi kasultanan-kasultanan liya ing Nuswantara, saka bangsa Portugis.

Taun 1551, maneka sumber sejarah nyathet, kekuwatan sing dikirim 40 nganti 50 kapal perang, isine luwih saka 4 ewu nganti 5 ewu prajurit, mbantu Kasultanan Johor. Taun 1565 ngrewangi persekutuan pemimpin Hitu ndhok Ambon, lan taun 1574 ngirim 15 ewu tentara ngrewangi Kasultanan Aceh perang ring Malaka. Kekuwatan naika maju perang iku, 300 kapal.

Miturut The History of Jave-ne Thomas Stamford Raffles, saka Jepara, Ratu Kalinyamat mbawahi Pati, Juwana, nganti Rembang. Tapi tetep wae nggumunake, jaman semono angkatan perange 300 kapal, nggawa 15 ewu prajurit.

Wis ngono, Ratu Kalinyamat milih dadi pengayom. Nek kira kaya lumrahe manungsa, apa ra malah milih mbawahi sak-Nuswantara? Saka Jepara, Ratu Kalinyamat milih mbangun “pakta pertahanan” karo kasultanan liya ing Nuswantara.

Bandhingna karo wong saiki sing keblate Eropa lan Amerika Serikat. Pakta Pertananan Atlantik Lor utawa  NATO (North Atlantic Treaty Organization) sing isine Amerika Serikat lan negara-negara Eropa, lagek ngadeg taun 1949. Ratu Kalinyamat wis ndhisiki  400 taun, 4 abad sadurunge.

Nek disebut kabeh kaya ngapa luhur manahe Ratu Kalinyamat, ra lebar-lebar. Sarwa dadi tuladha. Babad Tanah Jawi nyathet nalika sang ratu nyuwun adhil merga sedulur sepuh (Sunan Prawata) lan garwanipun (Sultan Hadlirin) seda. Milih tapa, lila ‘tilar pura’, ninggal abyore dhampar keraton amrih entuk adhiling Hyang.

Uga tuladha netepi janji lan pangucap. Janji suwita lan paring kabeh tanah kakuwasan marang sapa wae sing dadi jalaran patine Arya penangsang (sing tegese wis oleh adhiling Hyang), uga ditetepi. Nanging Ki Gedhe Pemanahan nulak Ratu Kalinyamat suwita. Uga nulak bumi Kalinyamat lan Prawata. Namung kersa nampa cincin mirah delima aran Menjangan Bang, lan pusaka aran Si Uluk sing digawe saka inten.

Nek ora karo priyayi sing luhur budi, apa kira-kira ngono?

Bangsa Portugis dhewe, kapok-kapoka ngadhepi Ratu Kalinyamat. Nganti njuluki, “Rainha de Japara, senhora poderosa e rica, de kranige dame.” Kurang luwihe, Ratu Jepara, nalendra sing sugihe bandha donya, agung kuwasane, wanita sing gagah, ra duwe wedi!

Kalangan intelektual Portugis lan Eropa kaya dene Diego de Couto, H.J. Graaf, P.J. Veth, Mendez Pinto, Armando Cortesao, ra kurang-kurang nyathet kaya ngapa Ratu Kalinyamat.

Perjuwangan atur gelar Pahlawan Nasional Ratu Kalinyamat wis ambal ping telu. Kabeh bupati sing mimpin Jepara kawit usul pisanan nganti saki, ra ana sing kliwatan andayani. Perguruan tinggi, yayasan, lan bebadan sing nyengkuyung pirang-pirang.

Penulis eling progres utawa kemajuwan pawadan sing ngalangi gelar mau. Pisanan, kaya sek ra isa tinemu nalar. Mosok ditulak merga pitakonan “Ratu Kalinyamat iku mitos tah fakta?” Duh Gusti. Presiden Soekarno wae ziarah, kok isa-isane nganti ana tembung “mitos” iku lo.

Usulan sabanjure, lumayan. Ora kasil dianugerahi gelar Pahlawan Nasional merga “bukti ilmiah kurang” Lha saiki, sumber-sumber sejarah primer saka Portugis wis katut. Tokoh nasional sing nyengkuyung ra kurang-kurang. Apa nganti ra kasil meneh?

“Laksmana Malahayati sing panglima perang wae dadi Pahlawan Nasional, kudune Ratu Kalinyamat luwih saka Malahayati. Merga mbangun kekuwatan maritim Nuswantara,” pangandikane purnawirawan KSAL Bernard Ken Sondakh sing malah ngusulake ora mung Pahlawan Nasional, nanging uga Pahlawan TNI AL.

Mugi kasil. Amin

*Sulismanto, warga Jepara.