Sulismanto
Sulismanto

Dening Sulismanto

 

“Terus le dha grudag-grudug PKK pendhak dina sepisan iku olehe apa?” Ki Juru mak plenggong, krasa wirang. Ora tinemu nalar nek Jepara entuk rapot abang saka pamarintah perkara stunting, yaiku kahanan balita sing ora kasil mundhak dhuwur kaya adate. Cara gampange, bajang utawa kunthet.

Ing atase Jepara dhaerah gisik, isa-isane ana masalah kurang gizi prana. Merga penyebab langsung stunting iku saka mangan lan nginume bocah.

Nek ora dhaerah gisik, oleh wae kekurangan protein hewani dadi sebab. Merga ora kabeh warga kuwat tuku daging ternak. Upama le arang ngolah daging diganti endhog/telur, nek terus ya pancen bosen. Ndhung ana kalane kurang protein hewani.

Tapi iki ndhok Jepara. Dhaerah gisik sing ijik duwe pilihan liya kanggo nyukupi asupan protein hewani. Yaiku saka iwak.

Jengene wae dhaerah gisik. Sing miyang mberah, sing dodol iwak ra kurang, lek regane murah. Pancen iya, nek bangsane iwak patikoli, kerapu, kakap, lan sapanunggale rada isa itung-itungan. Tapi bangsane iwak krisi, pethek, kembung, demang konthing, nganti iwak benthong, apa ya ape dibantah nek diarani murah?

Banjur, urusan kebutuhan protein nabati, nganti vitamin lan mineral, ndhok Jepara ya, kabeh cumepak ndhok ngalam. Jepara duwe segara nganti gunung. Kacang tanah saka Jepara, jinis kacang sing kualitas-e unggul. Kacang-kacangan liyane sarwa thukul. Sayuran ora kurang.

Kejaba sayuran maneka warna sing isa dituku murah ndhok pasar, ora sithik sing isa dijikuk tanpa bea aliyas gratis. Bayem thukul dhewe, godhong kelor sing gizine ngedab-edabi, mung butuh diceblokake pisan, banjur thukul selawase. Diceblokake jejer wates kebon ya malah iras-irus dadi pager. Godhong banci, kangkung, godhong pohung, godhong kates, lan maneka ijon-ijon liyane sasat karek njikuk.

“Ha iku rak nek duwe kebonan si, Ki,” bantahe Jumeno sing kadhang kala nyambungi Ki Juru.

“Sing omahe ra ana sisa tanah gawe nenandur, iku mung wong perumahan ya. Tapi iku malah rata-rata wong kecukupan. Kuwat tuku perumahan, ora masalah tuku pakanan maneka warna, kebak gizi, seimbang, lan aman,” bantahe Ki Juru karo ndudohake jinis empat sehat lima sumpurna, sing saiki dadi beragam, bergizi, seimbang, dan aman.

Nyatane, Jepara ora kutha sing kurang lahan. Meh kabeh warga duwe tanah nek mung butuh gawe nenandur, ngewang-ewangi nyukupi kebutuhan sayuran kulawarga, alahane tuku kabeh.

Mula ya janjane kebangeten, kok isa-isane cah gisik Jepara dha kurang gizi prana utawa stunting. Cacahe nganti 25 persen. Saben cah 4, ana cah 1 sing stunting. Dha kepiye si le ngasuh calon cabang bayi nganti balita?

“Tapi kok sing Jenengan paido wong wedok. Mau nyebut PKK lo, Ki,” pitakone Jumeno.

Ki Juru mbantah nek duwe karep nyalahake wong wedok. Sawalike, tembung mau malah pangalembana merga Ki Juru paham, selawase lawas, urusan gizi kulawarga ndhok kampunge diatasi wong wedok. Wong lanang dimanja, umume ya kaya anak-anake, karek nampa mateng.

Semono uga anggone nyebut PKK, mung minangka conto kumpulan ibu-ibu sing tansah diwehi aeserepan maneka wawasan. Kebeneran wae PKK ngoyot nganti tingkat RT, malah dasawisma. Liyane PKK ya mberah, kaya dene Muslimat, Fatayat, Aisyiyah, Dharma Wanita, pengajian, kumpulan-kumpulan organisasi agama liya, lan sapanunggalane.

E, ndahneya apike nek kabeh payo-payo, cancut taliwanda maju prang nglawan stunting. Ndhukung pamarintah dhaerah nuntasake gawe. Maneka wawasan sing diserep saka kumpulan mau diwujudake kasunyatane. Sapa wae sing ngisi, kenceng ngehi wawasan stunting. Kenceng ngajak nyukupi kebutuhan gizi kulawargane. Ora kudu sing larang.

Remaja putri disangoni wawasan kesehatan sing mumpuni. Banjur dipesthekake praktek ngupaya nyukupi gizi, merga remaja putri ing tembe dadi ibu. Calon ibu sing mbobot, dijak supaya kersa dhahar ngunjuk sing cukup gizi. Ibu-ibu sing ewang bayi, ora golek pawadan kanggo ninggal kodrat nyusoni bayi. Ekslusif 6 sasi, banjur diterusake nganti 2 taun. Air susu ibu (ASI) mono pakanan paling apik kanggo bayi.

Upamane sek ora seneng dhedhaharan, buwah-buwahan, woh-wohan, susu, nganti unjukan katamtu, nanging ngerti iku gedhe manfaate kanggo bayi, ya kudu meksa awake dhewe. Tetep didhahar, diunjuk, diniati kanggo si jabang bayi.

Wanita Indonesia, apa maneh Jepara, iku pewaris langsung R.A. Kartini. Kejaba majune ngelmu lan ekonomi bangsa, jaman semono Ibu Kartini merjuwangi sekolah putri. Pamrihe, kaum sing pisanan bakal ngasuh, nggedhekake jabang bayi iku, duwe wawasan mumpuni babagan kesehatan. Supaya anake sehat lan pinter.

Ndahneya sedhihe Ibu Kartini nalika wong wadon wis oleh pendhidhikan, wong wadon “berdaya” sing diperjuwangi jaman mau wis kawujud, nanging jebul ora preduli marang gizi jabang bayi lan anak-anake.

Wong wedok Jepara uga pewaris Ratu Kalinyamat lan Ratu Shima, sing misuwur kaprawiran, keadhilan, lan anggone mimpin bangsa. Banjur nglawan stunting wae kalah. Ora wirang? Nuwun!

Sulismanto, warga Jepara.