Dening : Sulismanto
“Lha montormu ndhok ngendi, Nang?”
Nalika mlaku, jamak lumrah dilorohi wong, utawa sawalike, nglorohi wong. Saya adoh lakune, saya ping pirang-pirang le loroh-lorohan. Senajan ukara sapa aruh isa macem-macem, nanging nek mlaku ndhok Jepara, aja kaget ukara lorohan kaya mau krungu bola-bali. Upama beda sithik, isine padha. “Loh, gene thik mlaku?”
Ndhok Jepara sapa aruh modhel ngono kaya wis lumrah. Mulane, wong sing sakjane gelem mlaku nalika lelungan, sidane isin. Kahanan iki dadi ciri, nek Jepara dharurat mlaku. Wong lelungan mlaku wis langka. Butuh lelungan, numpak montor. Sing luwih sugih, mobilan.
Wong numpak pit ya arang. Kacek sithik karo wong mlaku. Nek keri-keri iki ana wong dha pit-pitan, utamane ndhok dina libur, iku merga olahraga. Ana sing merga mela-melu trend. Jarene, gaya hidup. Malah dha apik-apikan pit, ngudak gengsi barang kok.
Saelinge penulis, awitane kahanan ngene iki wis suwe. Isa wae meh 30-an taun. Dilorohi kaya mau, pancen kedadeyan nyata nalika penulis mlaku nga sekolah. Mlaku ring ratan gedhe nga nyegat bis ape umbal.
Ya kuwi bedane Jepara.
Cah sekolah mangkat mulih ngepit, ndhok ngendi-ngendi rak teka lumrah, si? Ora mung mbiyen, nanging nganti saiki! Wong tuwa wae mamula lumrah kok, apa maneh cah sekolah. Tapi iku ndhok kana-kana.
Nek ora saking kakehan mangan jangan bung, jaman semono penulis ya kapok mlaku kok. Tujune kok kahanane pancen meksa mlaku, saora-orane pol lulus SMK. Ra duwe montor nek ape ra mlaku, meh piye? Wong butuh golek ngelmu kanggo nata masa dhepan.
Tujune, ekonomi Jepara gage-gage nulungi wong sing dha digawe isin mlaku. Nek didelok saka bibit kawite kahanan mau sing wis meh 30-an taun, pancen wong sing asale ra duwe montor gage-gage ketulung kuwat tuku montor. Senajan durung ngancik taun 2000, jaman mau, luwih mberah kulawarga ndhok Jepara sing duwe montor dibanding sing ora duwe. Luwih mberah tah malah wis meh kabeh si? Nek ndhok kana-kana montor 70-an isih mberah, montor sing sliweran ndhok Jepara jaman iku wis mamula anyar-anyar.
Puncake nalika krisis moneter, ngancik taun 1996 nganti 1998. Perekonomian dhaerah kana-kana dha kembang-kempis. Nanging Jepara malah jaya. Kuncara minangka “Kota Ukir”, Jepara ketiban pulung krisis moneter.
Merga pasare ndhok manca negara utawa diekspor, barang-barang mebel sing diasilake wong Jepara payu larang. Mundhak matikel-tikel. Kulak bahan baku kayu nganggo rupiah, adole nganggo dholar. Dhuit sak dholar sing asale mung Rp2500-an, ujug-ujug mlumpat dadi Rp15 ewu. Tikel nem.
Mulane senajan rega barang dha larang, nanging ndhok Jepara sarwa tinuku. Tuku montor penake rak upakat. Bayaran minggon tukang kayu lan buruh ngamplas, kaya ra krasa kalonge nalika dikurangi kanggo nyicil kredhitan montor.
Beda adoh karo saiki sing wis ana Dana Desa, pembangunan desa jaman semana ngandhalake swadaya. Warga urunan mbangun dalan, kretek, kalen, lan infrastruktur liyane. Nalika dalan desa dhaerah liya isih mbuh-mbuhan, ndhok Jepara aspalan apik-apik. Olehe mbangun urunan warga.
Wis ngono, taun-taun iku Jepara booming ekspor. Miturut Hadi Priyanto dkk. sajrone buku Mozaik Seni Ukir Jepara (2013), taun 1996 ekspor mebel Jepara wis nganti 97 yuta dholar Amerika Serikat. Taun candhake malah mundhak nganti 116,9 yuta dholar.
Gampange dha tuku montor, ndadekake kendharaan umum utamane antar desa sepi penumpang. Cacahe angkutan sansaya kurang merga sing umbal cures. Masarakat sing janjane kangelan tuku montor, kepeksa melu-melu kredhit. Mbuh piye carane, kudu isa duwe montor kanggo srana lelungan nyambut gawe.
Merga wis suwe, saiki ora arang wong Jepara sing “alam bawah sadhare” kaget nalika weruh wong mlaku. Mulane nek ana wong manca dhaerah sing lagek ndhok Jepara, banjur ngalami shock culture, gegar budaya cara basa Indonesia.
“Loh, mlaku?” ngono pitakone wong sing kulina gumantung kendharaan. Wong manca luwih kaget. “Loh, apa ta salahe mlaku. Lha wong cedhak kok?” ngono kurang luwihe.
Kanggone sing kulina mlaku, jarak atusan mater diarani cedhak. Sing kulina montoran, rumangsane wis uuuaduh. Mulane padha kagete.
Jaman saiki, ora kurang pawongan, medhia, lan bebadan sing njlentrehake sehate mlaku. Merga kakehan kahanan sing ndadekake wong saiki saya ora sehat, dilawan karo budaya sehat, kaya dene mlaku.
Iki kapethik saka portal Kementerian Kesehatan RI. Rata-rata, mlaku sikil saben sakmenit, isa ndawakake urip 1,5 nganti 2 menit. Mlaku sikil saben dina 40 menit, kuwi cara paling apik nglawan awak kelemon. Mlaku cepet 20 nganti 25 menit, ndadekake jantung lan paru-paru saya apik, isa ngobong lemak sajrone awak. Sabanjure, ningkatake metabolisme, ngurangi stres, awet nom, lan ngudhunake kolesterol. Durung maneh ngontrol lan nyegah diabetes, sarta nguwatake otot sikil, pupu, lan balung.
Trus enake piye? Isih tega nggawe isin wong sing ijik gelem mlaku? Perlu diawiti, gawe nyaman rasa atine wong sing dha gelem mlaku.
Penulis, warga Jepara. Pandhemen olahraga