blank
Sulismanto

Dening Sulismanto*

 

“Tembung lontar iku, isane kaucap merga wong dha nglantur, ya. Sakjane ape muni rontal. Nanging merga nglantur, ndhung dadi lontar”

Pangucape Kemisan, marai wong sakpejagong dha kaget. Ana sing ngarani Kemisan aji mumpung. Kepengin digatekake mumpung lagek dha ngomongake (godhong) lontar.

Tembung godhong lontar utawa kropak, pancen lagek dadi kembang lambe, utamane ndhok papan pawiyatan. Jalarane, para siswa SD lan ibu-ibu gurune bakal nglakoni gawe bebarengan: nulis pitutur luhur nganggo aksara Jawa ing lontar utawa kropak.

Gawe iki bakal dilakoni bebarengan Selasa sesuk, 22 Oktober 2024 neng Gedhung Wanita R.A. Kartini. Malah ape dicathetake minangka rekor MURI (Museum Rekor Dunia Indonesia) kanthi irah-irahan“menulis pitutur luhur dengan aksara Jawa di daun lontar terbanyak.”

Kemisan ora mungkir nek dheweke pancen nganggo aji mumpung. Nanging karepe ora ala. Kanggone Kemisan, ana apike kagyatan ini digunakake minangka srana kanggo andum wawasan perkara lontar. Neng penemune Kemisan, senajan diucapake saben dina, mberah sing dha ora patek duwe pengin reti luwih genah, janjane lontar iku apa. Rak mijiri siswa, utawa para dewasa.

“Ha, kok sek siswa si, ndahipun, ah. Lha wong uwong-uwong dewasa wae tah, mberah sing dha rak patek reti lontar iku apa. Lek ngono iku lo, kaya ora kegugah rasane kudu ngerti,’ batine Kemisan.

Umume, jane para dewasa wis dha ngerti lontar. Nanging winates yen lontar iku jinis godhong. Gegodhongan sing dadi piranti utawa srana kanggo tulis-tinulis gek jaman durung ana dluwang. Gek jaman kraton. Nek ra ngono ya, ing jaman sing janjane wis ana dluwang, nanging regane luwih larang tinimbang nggunakake lontar. Nek ning dhaerahe ora ana uwite sing thukul, dha ora reti wit sing ngasilake lontar kaya apa.

Panemune Kemisan ora dha dibantah. Lagek muni nek lontar iku mung kalanture tembung rontal wae tah, wong sak pejagong sek wis dha kaget. Sing ora kaget mung Ki Juru. Supaya ora dha terus-terusan ndakwa Kemisan aji mumpung, Ki Juru gage-gage nyambungi.

“Kemisan iku ora mblithuki, ya. Pancen lontar iku kalanture tembung rontal,” piterange Ki Juru.

Ki Juru banjur nerangake, rontal kuwi saka tembung ron karo tal. Ron mono basa krama saka tembung ngoko godhong. Dena tal, salah suwijine jinis wis-witan. Ngoko godhong tal, basa kramane dadi ron tal, nulise ora dileti, dadi rontal. Suwe-suwe, nglantur dadi lontar.

Jare Ki Juru, nganti saiki uwit tal ijik mamula dibudidaya ndhok sawetara dhaerah. Merga nek pas wohe mberah, isa didol nganti tuk kene-kene.

“Uwohe ya siwalan iku, ah. Dene nek wit tal dideres, asile isa digawe gula abang sing dha bokarani gula siwalan iku. Nek ra ngono ya, diolah digawe inuman sing jenenge legen iku,” tambahe Ki Juru.

Wis entuk piterang cetha, malah ana sing tambah olehe ijik pengin reti. Kejaba siwalan, gula siwalan, lan legen, dha takon apa maneh wewujudan liya sing isa kanggo ngenal uwit tal.

“Ya caping kropak iku. Caping sing luncip. Iku kan pancen digawe saka kropak, utawa rontal,” kandhane Ki Juru sing banjur ndudohna bukti nek lontar kuwi kalanture rontal.

Bukti sing didudahna, kaca 11  Bausastra: Jarwa Kawi, Padmasusastra, taun 1903.  “tal (tal) : rontal, (kalantur dadi lontar), siwalan,” ngono tulisan sing didudah-dudohna Ki Juru.

Senajan ngono, Ki Juru ora meksa dha percaya nek lontar kuwi kalanture tembung lontar. Nyatane, 36 taun sabare Bausastra: Jarwa Kawi, Padmasusastra, kacithak Bausastra Jawa, Poerwadarminta (1939). Neng kaca 75 bhausastra itu, lontar ora digandheng-cenengake karo rontal. Neng Poerwadarminta (1939), kropak mono tembung sing tegese: 1 godhong lontar (tal); 2 layang (kuna) kang tinulis ing lontar.

“Kira-kira kowe dha piye? Tim sing milih lontar iku kalanture rontal, tah tim sing nganggep lontar karo rontal ra ana gandheng cenenge?,” pitakone Kemisan.

Nanging Kemisan ra patek kudu tunggu semaura wong sak pejagong. Kanggone Kemisan, isa andum wawasan perkaran lontar, kuwi wis cukup. Alahane dha muna-muni lontar, nanging babar pisan ra kudu ngerti kuwi “panganan” apa.

*Sulismanto, warga Jepara. ASN Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara.