Sulismanto

Dening Sulismanto*

“Iki lo, mesthi dibangun jaman Landa. Taun pira, ya? Pira ragade?”

Ukara lan pitakon iku, kerep kaya lewat mak sliwer ning atine Kemisan nalika nyawang pendhapa Kabupaten Jepara. Mesthi wae Kemisan seneng, kepara mongkog. Merga dhaerahe duwe omah kabupaten sing dibangun nalika negara Republik Indonesia wae durung ngadeg. Apa maneh ing tembe dadi wewangunan sing ngandhut sejarah. Salah sijine, kesurung dening kasunyatan, yen omah kabupaten mau, tau dadi omahe R.A. Kartini. Kabeh wis nguninga, ing tembe, R.A.  Kartini ditetepake pamarintah minangka Pahlawan Kemerdekaan Nasional Indonesia. Kahanan iki ndadekake apa wae sing ana sambung rapete karo swargi Ibu Kartini, duwe surasa sejarah.

Saiki Kemisan wis lega. Anggone ngupaya golek catetan sing isa njlentrehake sejarah pendhapa Kabupaten Jepara, wis entuk gawe. Ora mung pendhapa, nanging jangkep omah kabupaten. Pendhapa mono mung perangan omah kabupaten sing paling ngarep.

Ora mlesed saka pangirane Kemisan, Omah Kabupaten Jepara didegake ing jaman Walanda, adoh sedurunge Indonesia mardika. Ragade mung 42 ewu rupiyah. Iya, dhuwit jaman semana. Tapi dhuwit iku, jebul tetap kapetung murah ing jamanne. Kabeh direkam dening Radèn Mas Adipati Arya Căndranagara, priyayi Jawa sing ndhobrak sastra nuswantara merga cathetane.

Seneng lelungan, R.M.A.A. Candranagara dadi priyayi plancong sing pisanan gawe cathetan anggone lelungan (travelogue). Mulane jenenge misuwur dadi Purwalelana. Priyayi sing uga dikenal minangka Candranagara V, uga tau jumeneng minangka Bupati Kudus. Ing antarane kabeh paresidhenan ing tanah Jawa jaman semana, mung Karesidehan Banten, Krawang, Banyumas, Bagelen, lan Madura sing ora diparani.  Dene cathetane, nalika dicitak pisanan taun 1865, diwehi irah-irahan Cariyos Bab Lampah-lampahipun Radèn Mas Arya Purwalêlana.

Cithakan sabanjure, ditulis dening Purwalelana, “Kalimrahakên dening Kangjêng Gupêrmèn ing Nèdêrlan Indiya. Kaêcap ing pangêcapanipun G. C. T. van Dhorêp en Ko ing Samarang, ing taun 1877.”

Ora mandheg-mandheg anggone Kemisan matur nuwun isa entuk cathetan iki, utamane ring Yayasan Sastra Lestari (Yasri). Yasri wis yasa alih aksara, saka aksara Jawa dadi tulisan latin Jawa. Mulane Kemisan banjur isa melu maca, senajan ora mudheng aksara Jawa.

Mesthine, nalika tutug kutha Jepara, Radèn Mas Arya Purwalêlana bakal gawe cathetan kaya kutha-kutha liyane. Ndelalahe, omah kabupaten sing dhisik wis dibongkar, banjur dibangun omah kabupaten sing anyar. Nalika iku, wewangunan sing diyasa Gupêrmèn ing Nèdêrlan Indiya, durung dadi.

“Griya kabupatèn lami sampun risak, sarta sampun kabibrah, samangke taksih kayasakakên griya inggal, ananging taksih dèrèng dados. Griya Kabupatèn inggal punika badhenipun alit, awit namung kaparingan wragad sakawan lêksa kalih ewu rupiyah,” ngono sing ditulis Purwalelana nalika nyebut ongkos nggo yasa omah kabupaten.

Senajan nyebut “rupiyah” sing dikarepake dhuwit “Gulden”. Senajan Indonesia rung madeg, jaman iku wong Jawa mamula wis ngarani dhuwit nganggo tembung “rupiyah”.

Merga omah kabupaten lagek dibangun, Gupêrmèn nyewa omah pribadhine bupati mangsa iku. Sewane 150 rupiyah sawulan. “Bupatinipun sapunika manggèn ing griyaning piyambak sarta kaparingan sewan dening Gupêrmèn 150 rupiyah sawulan.”

Kena disawang nganti saiki, omah kabupaten madhep ngulon, manggon ndhok wetan alun-alun. Dene alun-alun jaman iku mau. Mamula manggon ning tanah sing ledhok. Mulane saiki alun-alune digawe dhuwur dibandhing dalan,

“Sitènipun lêdhok, dados bilih jawah dêrês, toyanipun nglêmpak ing alun-alun, mila lajêng kados rawi andamêl kêranipun wringin sêngkêran,” pangandikane Purwalelana. (Ana candhake).

 

Sulismanto, warga Jepara, pandhemen budaya. PNS Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara.