Dening  :  Sunardi KS

Meh rata-rata, malah meh kabeh menungsa, saben-saben wiwit ngancik umur ‘kepala enam’ bakal nduweni maneka macem lelara. Meh komplit, kaya pasar, apa-apa ana. Kerep diarani komplikasi. Mung bedane ana sing duwe lelara sarwa berat. Ana sing mung trima duwe lelara sing ringan-ringan wae. Nanging sing jenenge lelara mesthi ora nyenengake.

Yen wis yuswa sepuh, kerep kadhokan, panggonan, lelara gula (kencing manis), boyok gampang pegel, darah tinggi lan watukan lan liya-liyane. Kamangka nom-nomane ora kurang-kurang anggone sregep olah raga. Mung sing sregep olah raga pancen rada ora patia akeh lelarane. Nanging tetep nduweni lelara, senajan nalika nom-nomane lelara iku ora diduweki.

Tau ana cramah agama sing diselingi guyon, supaya ora sepaneng, penceramahe ngendika mengkene : “Sakniki kathah ingkang sami gerah darah tinggi. Jan-jane sebabe niku sepele kok pak, bu. Sarene njenengan sakniki ngangge kasur sing empuk banget, kasur busa, malah wonten sing ngginakaken kasur pompan. Lha rumiyin amben menika mawi galar, kasure kasur kapuk. Dados tinggi taksih saget nunut urip wonten ambene njenengan. Lha sakniki tinggine sampun mboten saget nunut wonten ambene njenengan, sampun mboten wonten sela-selane ingkang saget dipanggeni tinggi. Njenengan dados sampun mboten dicokot tinggi, mila malah dados darah tinggi

“Lha nek watuk permanen, diobati angel mari” ana sing nylethuk komentar : “Wah iku genah yen tandha-tandha tuwa. Tegese wis ora kena klirak-klirik yen ana kenya”

Lelara Liya, Tandha-tandha Tuwa

Lalinan, Pikun

Kejaba lelara-lelara kang katur ing ndhuwur, sing wis dadi tandha-tandha tuwa, ana maneh lelara lalinan. Nek laline akeh, kerep, sok-sok diarani pikun. Nek pikune wis kagolong akeh, lha wis dileladi becik, diaturi dhahar karo putri mantune, lha ana anake lanang teka nyambutgawe wadul, jare durung diwenehi mangan. Lha nek ngendikane mbah-mbah iku direwes karo anake lanang, lha rak malah dadi padu. Anehe lelara pikun iku kaya wis dadi tandha tuwa. Dadi meh saben menungsa sing wis ndungkap yuswa bakal ketrejang.

Gumunan

Ana maneh sing kerep dadi tandha-tandha tuwa, kerep dialami meh saben wong tuwa, yaiku lelara gumunan. Gumun iku nek ora setuju diarani lelara utawa penyakit, ya bisa diarani sipat. Meh saben wong tuwa bisa ketrajang sipat gumunan.

Nanging setemene, sejatine, yen menungsa iku wis ora duwe rasa gumun babar pisan, ya malah ala. Sebab rumangsa yen apa-apa iku kaya-kaya ora ana apa-apane. Ora ana kaluwihane, ora ana misterine, wis ora ana kekuwasaane. Yen kelakon kaya mengkono malah bakal tipis imane. Wis ora gumun babar pisan marang dhuwure langit, kuwasaNe Pengeran, Gusti Kang Maha Kuwasa. Lha rak malah cilaka. Dadi babar pisan ora duwe rasa gumun iku tansaya ala. Yen mung trima gumunan iku ala. Ora nganggo ‘tansaya’

Pangklingan

Pangklingan uga dadi ciri wantine pawongan kang wis ndungkap sepuh yuswane. Kerep apa-apa pangkling. Karo putune dhewe, sing rada suwe putune ora gelem sowan, simbahe pangkling. Jalaran biyen telung taun kepungkur isih cilik, bareng ketemu wis gedhe, rupane putune kaya wis seje. Kaya wis dudu putune.

Apa maneh yen kepethuk anake tangga. Kerep pangkling. Jalaran simbah-simbah iku arang tindakan, arang metu saka ndalem. Yen pinuju metu kepethuk sapa-sapa dadi pangkling.

Karo kahanan uga gampang pangkling simbah-simbah iku. Yen pinuju tindakan, sedalan-dalan rumangsa eram, gumun. Lha kiwa-tengen dalan iku, ngendikane simbah, biyen isih gung liwang-liwung, sawah-sawah thok. Yen pinuju liwat wanci surup suwarane ing sawah-sawah pinggir dalan kono theat theot, suwarane kodhok. Lha saiki kok padha pating jenggeleg gedhong-gedhong. Akeh gedhong kang padha tingkat.

Wah, yen ngrembug babagan pangkling kaya-kaya ora ana enteke. Bisa mblabar saparan-paran. Bisa ngembet budaya. Budaya urban, budaya silihan, budaya mloto. Wis bisa gayeng nyampleng. Eman halaman kanggo nulis winates. Mula ing liya kalodhangan bisa ditutugake.

Kaget

Sakwise gampang pangkling, pawongan sepuh banjur gampang kagetan. Salah sawijine ya kaget marang kahanan kang wis sarwa malih iku. Sawah-sawah pinggir dalan wis ora ana, wis malih dadi gedhong-gedhong, gedhung-gedhung pating jenggeleg susun, tingkat, dhuwur-dhuwuran, magrong-magrong. Dhepet-dhempetan rapet. Wit-witan wis ora ana. Wis ora ana kang gelem nandur wit-wit gedhe. Malah wis padha ditegori. Yen ana wit utawa tetanduran, ya tetanduran cilik-cilik ditandur ing pot, didokok ing ngarep-ngarep omah, ing ngiringan omah utawa ing taman cedhak omah. Wis ora gelem ana wit gedhe. Genti padha seneng nandur beton, thukul supermarket.

Jamane kaya ana tandha ngalami owah-owahan dadi luwih reja. Iki kudune disyukuri. Nanging, jebul kleru. Jalaran wong-wong saiki, mligine para kadang tani wis padha wegah dadi tani. Sawahe wis malih dadi gedhong-gedhong, gedhung-gedhung, jejer-jejer sundhul mega. Wis padha malih dadi pabrik kang pating crongot crobonge, pating krepul asape. Sawah-sawahe kadang tani wis padha dilempit, diijolake motor, mobil lan barang-barang mewah liyane. Anak-anake para kadang tani wis ora saba sawah maneh. Sawahe wis malih dadi pabrik, dheweke saiki wis dadi buruh pabrik kang manggon ing bekas sawahe bapake kang wis didol.

Omah-omah cedhak dalan, dhuwur-dhuwuran, tingkat. Biyen sawah-sawah. Ana uga kang ora tingkat. Nanging erame wis ora padha nganggo kentheng utawa gendheng. Kang ora patia duwe dhuwit wis padha nggunakake esbes, ana kang nggunakake seng. Praktis, luwih murah. Kang dhuwite rada kaduk malah babar pisan ora nganggo payon, nanging rata, dicor semen. Pojok-pojoke cor-coran diturahi wesi-wesi nyrongot kanggo cadhangan, mbokmenawa bisa ningkat nambahi maneh.

Lha kang kaya mengkene iki disyukuri kaya rada kleru. Jalaran budaya utawa tradhisi kang nggunakake payon, kentheng utawa gendheng wis ora kanggo, nganut kaya omah-omah, gedhung-gedhung ing negara manca. Ya jalaran tansaya larange lemah. Yen ora disyukuri, lha menungsa kok ora gelem syukur.

Lha iki yen disyukuri kleru. Apa iki kegolong jaman ngalami maju apa ora ya? Nanging yen ora disyukuri apa ora malah tansaya kleru. Kaya ora duwe rasa narima lan matur nuwun karo Gusti Pengerane Kang Maha Agung. Nuwun.***

Sunardi KS, penulis saka tlatah Jepara. Tulisan-tulisane, gurit, cerkak, esai. Buku kumpulan gurite asesirah Wegah Dadi Semar (Penerbit MADAH, Sleman Yogyakarta) 2012.