Dening : Sunardi KS
FILOSOF Prof. L. Kahi ngandharake, menungsa iku kagolong titah kang kebak wewadi (misterius). Malah Dr. Theo Huybers nandhesake, menungsa iku pancen sok bisa ngonceki awake dhewe, nanging ora bisa nganti tuntas. Ana bab-bab utawa wewadi liya kang ora bisa dimangerteni. Senajan magepokan marang awake dhewe.
Saiki nalare, yen ngonceki marang ala lan becike awake dhewe wae ora gaduk, apa maneh kok wani-wani ngonceki marang ala lan becike liyan. Ala becike sipat-sipate liyan. Umpama bisa ya mung lapisane wae, kulite wae. Ora ngerti sawutuhe marang sipat-sipate menungsa liya.
Makhluk kang aran menungsa iku ora bisa dipetung, dijlimeti kanthi permati. Ora bisa dianalisis. Sipate menungsa, begja, pati lan uripe, cilaka, rejeki saha kekarepane angel dingerteni kanthi pas. Angel diprediksi.
Babagan kang angel dingerteni iku bisa digolongake gaib (goib). Lan apa-apa kang klebu goib pancen kagungaNe Gusti Kang Murbeng Wasesa piyambak. Mung PanjenengaNe Kang Pirsa. Menungsa diwenehi ngerti, nanging mung sethithik.
Senajan pangerten utawa ngelmu kang diparingake dening menungsa iku mung sethithik, ewa semono menungsa sok akeh kang durung gelem ngrumangsani. Kang dirasakake yen dheweke iku wis kebak ing kabisan. Kaya bisa-bisaa dhewe. Mula ana kalane menungsa banjur sok wani keladuk umuk, kang kadhang kurang duga. Menungsa kadhang kurang rasa syukure marang Pangerane. Malah ana saperangan manungsa kang dhemen nguja hawa nepsune.
Mula sejatine uga mung ing jagade kamanungsan wae sipat-sipat kaladuk umuk kurang tata iku. Menungsa dhemen sok, dhemen dumeh, dhemen drengki, srei, kemaki, dahwen panasten, jail methakil lan liya-liya sipat alane.
Apa Kasoran Karo Sato?
Ing jagade sato, kewan, apa-apa kang wis ditindakake ala dening menungsa iku malah bisa uga durung tau dilakoni dening sato. Sato, kewan ora duwe sipat drengki, srei, jail, methakil, kemaki, kemayu lan sapanunggale. Ya ing kene iki yen menungsa gelem mikir, sejatine bisa rumangsa kisinan.
Menungsa kang kedunungan akal lan pikiran iku pancen bisa apik tumindake yen bisa nyandhet hawa nepsune. Apike menungsa, bisa dadi kalangkung-langkung. Lamun ala tumindake, bisa luwih-luwih alane katimbang sipate sato.
Yen menungsa tansah gelem ngudarasa, kersa menggalih, ngakoni blaka sipat alane, mula bakal bisa dadi sipat becike. Senajan pangakon mau ora karo sapa-sapa. Mung trima karo awake dhewe. Ora kudu nggunakake pangucap utawa nyuwara, mung dibatin wae wis cukup. Sauger ana niyat bakal ngalih saka sipat ala dadi luwih becik.
Apa-apa kang wis kadhung dilakoni kang sengaja utawa ora sengaja ing babagan sipat ala yen menungsa gelem ngudarasa tumemen mula sipat ala mau bakal bisa luwih gampang dikendhaleni. Sipat-sipat alane bisa dikurangi. Nyuwun sewu, menungsa iku yen katandhing karo sato kala-kala bisa kasoran ing babagan laku kabecikan.
Saiki coba dipenggalih kanthi weninge nalar, menungsa iku yen katandhing karo semut wae bisa kasoran. Kasoran ing babagan karukunane, kasoran ing babagan karosanane. Saking rukune semut sapadha semut, saben-saben semut siji kepethuk semut liyane tansah paweh kabar yen ana rejeki, ana pangan ing kana adohe. Kaya sing wis dilacak kanca-kanca semut liyane. Kamangka yen menungsa ana rejeki sing bisa digunakake malah disingklek dhewe.
Banjur kekuwatane semut, semut iku duwe kekuwatan nggotong pangan utawa apa wae sing bobote tikel sekete saka bobot awake. Coba yen menungsa, nggotong barang sabobot awake wae ora kuwat. Nyuwun sewu, sindhat (set) umpamane. Jebul sindhat iku ana paedahe kang gedhe. Tanpa anane sindhat, menungsa bakal kethetheran, ora kuwawa apa-apa. Menungsa ora bakal bisa urip kanthi jenjem lan tentrem. Malah tanpa sindhat menungsa bakal kangelan, senajan mung saderma ambegan.
Coba yen saumpama ndonya iki tanpa anane sindhat, kang nggegilani lan njijiki iku, Bangke-bangke bakal pating glimpang pating blasah gawe repot. Dadi guna paedahe sindhat marang menungsa bisa nyirnakake bangke-bangke mau.
Kamangka yen menungsa sok kalane dhemen gawe repote ndonya. Menungsa dhemen gawe reget, polusi. Dhemen ngrusak isen-isene ndonya. Ewa semono menungsa sok kalane dhemen kumalungkung, tebah dhadha. Rumangsa paling bisa. Lha rak ngisin-ngisini ta?
Mula ayo padha kersa menggalih, ayo padha kersa memaca, nyimak alam kang gumelar amba iki. Jalaran alam kang gumelar amba saha jembar iku satemene perangan saka ayat-ayatE Gusti.
Ana Owah-owahan
Ing taun anyar Masehi iki kudune ana owah-owahan. Kudu ana krenteg ing jroning batin, kudu ana niyat tumuju kang sarwa becik, sarwa kepenak, makmur bahagia. Lan kudu tansah ninggalake, mbuwang sipat-sipat ala saadoh-adohe. Iku ing perangan agama diarani hijrah, pindhah saka sipat ala marang sipat becik.
Menungsa kang angel kabadhe, angel kebedhek, angel dikira-kira sipat-sipate iku kudu nduweni pangajap, krentek ing batine dhewe-dhewe. Cita-cita luhur kudu tansah katanem ing pangangen-angene dhewe-dhewe. Menungsa liya durung karuwan bisa ngarahake marang menungsa liya kanthi ceples, ya jalaran sipate menungsa siji lan sijine iku kang sarwa misterius, sarwa angel dinuga.
Mula banjur ana paribasan sajero-jerone segara isih bisa disilemi, nanging jerone batin liyan, kapribadene liyan kang samesthine nyata angel dijajagi. Saka iku kudune antarane menungsa siji lan sijine ora kena nduweni panyangka ala. Jalaran pangira-ngira kita durung mesthi bisa padha karo kanyatan kang samesthine.
Saking misterine sipat-sipate menungsa ana kang ngandharake mengkene : menungsa iku ora bisa dijajagi kapribadene kanthi pas. Senajan pawongan mau tansah ruket karo kita ing saben dinane. Tansah awor thil-kumanthil paribasane. Contone njajagi sipat-sipate pasangan kita dhewe, sisihan kita dhewe, karo bojo/garwa kita dhewe. Mula saka iku padudon banjur bisa gampang kelakon.
Ngowahi Panganggep
Ing taun anyar kang lagi kelakon sauntara dina iki, ayo gumregut-sengkut. Gumregut-sengkut ing pakaryan, gumregut-sengkut ing amal/laku kabecikan. Jalaran yen diangen-angen taune tansaya tambah setaun, tambah siji gunggung angkane, umure awake dhewe tansaya suda setaun. Saka umur kang tansaya suda tansaya dikurangi iku kita kudu siyaga yen sawanci-wanci tinimbalan saka Gusti Kang Murbeng Wenang.
Taunne tambah semangete uga kudu tambah. Tambah gumregut-sengkut, tambah grengseng.
Lan mesthi saka tansaya tambah gumregut-sengkut, grengseng lan semangat saha tansaya dhemen marang kabecikan iku menungsa bakal unggul lan kajen, unggul lan kajen ing nilai-nilai kamanungsan. Senajan ta saka sapadhane titah ana wae kang dhemen ngina marang kita. Diina ora nistha, kang ngina malah duraka.
Mula saben bakal genti taun kita kudu tansah bisa nguwasani taun, nguwasani kahanan. Menungsa kang nemtokake maju lan mundure kahanan, suwasana, kabegjan lan liya-liya sipat kabecikan. Menungsa kang nguwasani, menungsa kang unggul, menungsa kang nemtokake, dudu taune. Dadi kang kinurmat iku satemene menungsane, kang nduweni krenteg bakal luwih becik. Taun, kahanan lan suwasana mung gumantung menungsa saka polah utawa tingkahe. Yen mengkono ateges kita ora kudu ngurmati taun kang kaluwih-luwih, mapag taun pinangka tamu kang bakal nggawa kabegjan. Nanging kita, menungsa, kang bener-bener nemtokake. Nuwun***
Sunardi KS, warga Jepara biyasa saka dhukuh Bendowangen.