Dening : Sunardi KS
Mbok Dheku asmane Ratmi. Nanging prasasat wong sakdesa orak ana sing reti nek Mbok Dheku iku asmane Ratmi. Apa neh wong sakdesa, wong sakkedhukuhan ae rak ruh. Wong mung sak-RT ae nek orak wong sing tuwa-tuwa, sakpantaran karo umure Mbok Dheku, blas ijeh rak ana sing reti. Orak reti iku bab asmane Mbok Dheku. Nanging nek Mbok Dheku, pawongane, uwonge, blegere, weh…. dingerteni wong ngendi-endi. Nganti tekan tangga-tangga desa dha reti kabeh. Iki Mbok Dhe sedulur saka emakku, mbakyune makku iku prasasat terkenal banget nok desane lan sakiwa-tengene desane.
Nanging, sadurunge critaku iki takterusna, keparenga aku arep matur panjenengan, yen Mbok Dheku iku dudu sapa-sapa. Wong biyasa, sa. Orak kagungan keistimewaan, ora gableg kaluwihan apa-apa. Kapara wong ndesa, sa. Orak pinter sing nganti ngungkul-ngungkuli liyane. Muk kegolong pawongan pinter crita.
Ngertine wong-wong akeh mau, asmane Mbok Dheku mung Mbok Mi, orak reti asma lengkape.
Saking akehe wong sing padha reti asmane Mbok Mi, mula saben ana wong saka desa liya takon daleme Mbok Mi, sapa ae wonge sing ditakoni bakal langsung reti.
Lha pitakone saiki, genea asmane Mbok Mi kok nganti terkenal? Sebab Mbok Mi iku kerep diundang wong-wong ngendi ae, saben-saben wong-wong mau kagungan butuh utawa lagi repot mantu utawa duwe gae mantenake putra utawa putrine. Utawa lagi kagungan repot nyunatake utawa netakake. Mbok Mi sing kawentar dadi tukang masak gamben utawa pinter tur luwes. Saking populere asmane Mbok Mi nganti ana tingkah lucu saka sawijine pawongan, tanggane dhewe cedhak.
Critane ngene : Pawongan iku ijeh kegolong nom-noman, senajan wis duwe anak lan bojo. Diarani ijeh nom-noman sebab umure kira-kira ae lagek 30-an taun. Pawongan iki duwe gawean utawa usaha makelaran montor. Dheke njupuk montor ka toko banjur diedolake. Anggone dodol utawa makelaran dhee nok omahe dhewe. Dadi gamblange, dhee njupuk dagangan montor ka toko, digawa mulih, didol nok omahe dhewe.
Dadi najan tanpa modhal isa dodolan, isa makelaran. Lan jumlah dagangane ora mung siji utawa loro. Rada akeh, puluhan montor. Najan akeh-akehe usaha makelaran padha kulakan, langsung bayar. Nanging tanggaku mau isa njupuk montor utawa dagangan ka toko montor sebab wis dipercaya karo sing due toko montor.
Oh, iya. Perlu takgamblangake. Dagangan montor mau, dudu montor anyar. Nanging montor bekas.
Probleme wong nggonku, tanggaku sing dadi makelaran montor mau, dhee manggon nok kampung, ndesa, sing rada adoh saka dalan gedhe. Umpama usahane mau kasil, payu, mesthi ae pepayone, payune ijeh kurang banter, kurang akeh, kurang laris. Sebab manggone kena diarani ndhelik. Isa ae akeh sing dha rak reti panggone utawa alamate.
Lha sebab asmane Mbok Mi mau popular banget, dalan cilik sing tumuju ring omahe makelar montor mau dijenengi Jalan Mbok Mi supaya nek ana wong nggoleki omahe makelaran montor mau isa reti, gampang reti, gara-gara ana hubungane, diembel-embeli karo jenenge Mbok Mi.
Ing protelon dalan tumuju ring omahe makelaran montor mau banjur dipasangi papan cilik cekli, ditulisi Jalan Mbok Mi. Apa tumon, wong biyasa-biyasa sa kok jenenge digae jeneng dalan. Sing umum harak njupuk asmane pahlawan nasional.
Mbok Dheku Ratmi, ya Mbok Mi, saiki wis tinggal donya, wis nyuwargi suwe. Nalika seda, yuswane nganti ngancik 115 taun. Putrine nalika isih enom udakara yuswa utawa umur 30-an wis ndhisiki ing kasedan jati. Kamangka putrine Mbok Mi ya mung siji thil iku.
Menangi Jaman Penjajah
Nalika isih enom, Mbok Dheku Ratmi isih menangi jaman penjajahan. Terus seneng crita karo aku. Werna-werna critane. Kala-kala rada nganeh-anehi, kala-kala rada nggegirisi. Kala-kala rada ora nalar. Nanging banget nyata.
“Ing jaman penjajahan Landa….” Critane Mbok Mi karo aku. “Wong-wong wedi karo Landa, wedi sing banget-banget. Kok umpama lagi reti klebate Landa, anggone mlayu sipat kuping. Mlayu sipat kuping iku mlayu sing banter banget, tanpa angen-angen, tanpa mikir. Iku nek reti klebate Landa isih ana kadohan.
Lha nek nganti kepergok Landa, sing makjegaglik reti, ujug-ujug reti, wah wedine karo Landa tansaya, akeh banget. Ucap-ucapane, saking wedine nganti kepuyuh-puyuh, ngompol sanalika. Mesthi ae Landa weruh ngono iku bisa rumangsa luwih seneng atine. Sebab apa? Pawongan sing atine ora patia bener iku luwih seneng nek diwedini. Nek ana wong wedi iku seneng. Nek wis ngono banjur rumangsa dadi pawongan sing ‘super’
“Saiki bayangna…..” ngendikane Mbok Mi nalika semana, nalika biyen. Nalika aku isih cilik, nalika isih umbelen. Bocah cilik kok dikon mbayangna. Lha begjane, senajan aku ijeh cilik wis rada-rada reti mikir, he he he, rada ondol-ondol sithik.
Mbok Mi nerusna critane : “Nek wong-wong cilikan, wong-wong sing dadi jajahan mau wedine tenanan, wedi banget-banget, mesthi ae dikongkon apa ae gelem. Mula jaman biyen ana sing jenenge kerja paksa utawa kerja rodi. Wong-wong Jawa dikongkon kerja, dipeksa sregep ora gampang leren, diawasi.
Nek nglanggar aturan disiksa. Paling ora disabet. Tanpa bayaran. Pitakone, kok gelem? Lha ya gelem, wong saking wedine karo Landa. Aja maneh dikongkon kerja paksa kok ora gelem, dikongkon nyembah dlamakane Landau ucap-ucapane, ngono ae dilakoni. Saking wedine’
Krungu critane Mbok Mi sing kaya ngono aku sing mesthi gregeten.
Bukti-bukti Sejarah
Bener orake critane Mbok Mi, ing bab kerja paksa, kerja rodi, mesthi isa dilacak saka bangunan-bangunan tinggalan sejarah. Bangunan-bangunan sing kerep diarani bangunan tinggalane Landa. Umpamane dalan sepor, ril, gedhong-gedhong kuna, pabrik-pabrik. Sing kerep-kerepe pabrik gula. Kreteg. Lan liya-liyane.
Titik-titikane, titenane nek iku bangunan tinggalan Landa, bangunane sarwa bunder. Cagak-cagak bangunan kreteg utawa jembatan, umpamane. Bunder-bunder. Mesthi ae luweh kuat katimbang bangunan-bangunan asli bangsa kita sing senengane sarwa pesagi, ing pinggir-pinggire sengaja digae nglingir, rada lincip mingis-mingis. Lawang-lawang lan jendhela-jendhela, bangunan tinggalan Landa biyasane sarwa bunder. Bunder ing ndhuwure lawang utawa ing ndhuwure jendhela.
Bangunan-bangunan sing mambu-mambu sejarah gaweyane Landa kabukten kuwat-kuwat. Iki angel dibantah, jalaran nek ijeh isa dibantah ateges awake dhewe wis ora isa nyekseni, wis kelangan barang bukti. Wis kelangan lacak. Jalaran bangunan tinggalane Landa wis padha musna, sebab gampang rusak. Ing babagan wujud bangunan, mutune kena diakoni, kuwat.
Dadi. Senajan Landa iku pinangka penjajah, ing jaman semana, lha isih ninggal-ninggali warisan sing wujud bangunan-bangunan kuwat mau. Dadi sakelek-eleke manungsa, isih ana sethithik-sethithika apike
Penulis adalah sastrawan tinggal di Jepara