Nalika Jepara Ditinggal Landa

176
0
blank
Sulismanto

Dening Sulismanto*

Senajan karek keduman pager banon sing wis gapuk, wong saiki isih beja isa weruh sisa bangunan asli beteng VOC Jepara. Merga gek durung angen-angen ana Indonesia wae tah, mamula diarani “beteng jaman kuna.” Betenge wis rusak, karek pagere.

Kahanan iku ditulis dening Raden Mas Arya Candranegara V naika  tuk Jepara, ndhok buku Cariyos Bab Lampah-lampahipun Raden Mas Arya Purwalelana (1877).

“…salèring lèpèn pinggir alun-alun, wontên rêdenipun, kados dening gumuk, watawis inggilipun wontên 150 kaki. Sanginggiling gumuk wau wontên bètèngipun kala jaman kina ananging samangke sampun risak, namung kantun pagêripun banon kemawon…,”

Pancen jama semono beteng VOC wis mamula kuna. Gubernur Jendral Jan Pieter Both entuk palilah Sultan Agung (Mataram) ngedekake factorij sing dadi kantor dagang VOC ndhok Jepara taun 1613. Taun 1615, dikembangake dadi kaya kutha cilik mligi kanggo wong kumpeni (de Graff, 1974).

Nanging merga sesambungane VOC karo Mataram kendho-kenceng. kantor kumpeni iku tau diserang Mataram taun 1618. Wong 17 saka kumpeni dadi tawanan. Nalika VOC mbales nyerang taun 1618 lan 1619, factorij Jepara diremuk-luluhake. Sabanjure Sultan Agung misuwur anti-VOC.

Mataram karo VOC lagek isa raket nalika Amangkurat I jumeneng. Agustinus Supriyono sajrone Tinjauan Historis Benteng VOC di Jepara ngandhakake, kira-kira beteng VOC Jepara digawe taun 1677 ngiringi kadadeyan Mataram njaluk bantuwan VOC ngadhepi Trunajaya sing mberontak. Ing tembe, perkara ini njalari Kapten Francois Tack tumeka ing pati nalika ana geger Kartasura. Tack banjur dikubur ndhok beteng VOC Jepara.

“…ing ngriku kula aningali kuburipun kapitan Tak, kang dados kengkenaning kumpêni anyêpêng Surapati ing Kartasura lajêng katêlasan….” Ngono cathetane Purwalelana.

Merga nilai historis iku, kuburan Kapten Tack isih lestari nalika Pemkab Jepara mbangun replika gapura sajrone beteng VOC.

Taun ngadeke benteng VOC ndhok Tinjauan Historis Benteng VOC di Jepara, pas karo petunge Purwalelana nalika tuk Jepara. “…watawis sampun wontên 200 taun punika.” Mung wae Purwalelana ora ngarani sapa sing mbangu beteng iku.  “…amargi botên kasêbut ing Babad Tanah Jawi damêlaning tiyang Jawi, tuwin botên kapratelakakên ing sêrat-sêrat Walandi.”

Nek disawang saka kaendahane kutha, Jepara lagek ora beja nalika Purwalelana ya Candranegara V rawuh. Kejaba beteng sing wis karek pager, pomahane kumpeni padha wae wis dha rusak. Jepara wis suwe ditinggal Walanda.

“…damêlaning Walandi kang dhatêng ing tanah Jawi awitan pindhah, dados nalika Panjênênganipun Kangjêng Susuhunan Mangkurat I saking Têgal lajêng rawuh ing Jêpara kalihan bêkta prajurit Walandi,” ngono sing ditulis.

Sedurunge iku, pancen wis ana ukara “…griyanipun para tuwan-tuwan wau pipit kemawon ananging kathah kang suwêng botên dipun agèni awit kirang Walandi.”

Ndelalahe, lingkungan kabupaten ya pas ora apik. Pager banon kabupaten selot ketok kurang apik merga ora racak pager banon. Ana sing kasêlanan pagêr urip. Omah kabupatèn lawas wis dibubrah, tapi sing anyar durung dadi. Bakalan omah kabupaten anyar diadhepake ngulon, ring alun-alun. Jaman semana, dipetung bakal cilik merga mung diwehi wragad 42 ewu rupiyah.

“Bupatinipun sapunika manggèn ing griyaning piyambak sarta kaparingan sewan dening Gupêrmèn.” Sewa sewulan 150 rupiyah. Gupermen yakuwi pamarentah ing Hindiya.

Alun-alune, ndhok nggon tanah sing ledhok. “Dados bilih jawah dêrês, toyanipun nglêmpak ing alun-alun, mila lajêng kados rawi,” ngono ing cathetane Candranegara V. Dene ndhok kulon alun-alun,  ana Griya Asistèn Residhenan.

Sing nalika iku mamula ketok apik ya, Pecinan, ah. “Sawawratipun kitha alit, pacinanipun inggih prayogi, nanging griyaning para tuwan-tuwan Walandi kang sami awon,” Purwalelana nggawe bandhingan.

Upama wae rawuhe Candranegara V pas Jepara karton endah, isa wae ana cathetan travelogue sing luwih dawa. “Sarèhning kitha ing Jêpara botên anyênêngakên dhatêng ing têtiyang amănca, awit botên ambingahakên ing manah, mila kula tumuntên wangsul dhatêng ing Kudus malih, dhatêng kula ing ngriku namung lèrèn sadalu,” ngono pungkasane cathetan bab XI Cariyosing Karesidhenan ing Jepara. Karesidhenan Jepara mengku Juwana, Pati, Kudus, lan Jepara.

Ngerti kahanan beteng VOC ngono iku, penulis banjur eling nalika sekolah ndhok SMPN 1 Jepara. Nalika jam olahraga ape diisi balbalan ring alun-alun, tapi jebul bareng karo upacara, mesthi wae ra sida mrana. Sidane ndhung menek ring ndhuwur beteng, balbalan ndhok nggon tanah kosong sandhing kuburane Kapten Tack. Liwate saka gumping sisih kidul, rada krekelan.

Kaya isi tulisan Benteng VOC Jepara-ne Balai Pelestari Cagar Budaya Jawa Tengah, pager banon sing mamula ijik, ketok genah. Banon/batane werna putih, saka karang sing wis ditatah pesagi-dawa. Nek wis tuk dhuwur beteng, kok yawang ngidul, dalan wetan pasar Jepara I ketok genah. Jenenge Jalan Untung Surapati, dijikuk saka asma pahlawan nasional sing mimpin nglawan VOC, kalebu pas geger Kartasura taun 1686 mau.

Iya, pancen iku dadi gegeran legendaris ndhok sejarah bangsa Indonesia merga Untung Surapati kasil njalari Kapten Tack tumeka ing pati, Miturut Lilie Suratminto ndhok Menelusuri Makam Kapten Tack dan Kisah Kerusuhan di Kartosuro, Kapten Tack ketaman tombak kramat Kyai Plered.

Lha nyebut jeneng Kyai Plered minangka tombak kramat, ya, wangun wae. Meh 200 taun sedurunge geger Kartasura, Harya Penangsang saka Jipang Panolan uga ketekan pati nalika adhep-adehapan karo Sutawijaya (saka Pajang) sing nggawa tumbak Kyai Plered. Prastawa iku ana gandheng cenenge karo rebutan dhampar Kasultanan Demak.

*Sulismanto, warga Jepara.