Dening Sulismanto*
Pengetan Hari Santri Nasional (HSN) ndhok Jepara dirawuhi Gubernur Ganjar Pranowo. Sekolah lan madrasah uga dha nggawe kegiyatan.
Ora sek “kemanjon” nek warga Jepara nyemarakake HSN. Kutha Jepara duwe santri mberah. Malah ukara “gondhelana sarunge para kiyai”, pitutur supaya dha manut piwulange para kiyai, ora mung diugemi para santri. Umume wong Jepara sajrone mbudidaya seni ukir, budaya sing banjur dadi saka guru perekonomian, uga dilakoni karo baganan sarunge kiyai.
Kasunyatan iku, kegambar ndhok motip ukiran saka Jepara. Uga isa didelok saka carane wong Jepara makarya, nganti ngatur dina kanggo mbutgawe.
Miturut jurnal Etnomatematika: Eksplorasi Seni Ukir Jepara (2021), filosofi ajaran, nilai, lan kapercayan sing kaitane karo agama, moral, lan budaya masarakat Jepara, pancen dadi landhasan lan pedhoman uripe wong natah. Mulane, motip utama seni ukir Jepara iku gambar tetuwuhan utawa tanduran rambatan.
Hadi Priyanto sakanca ndhok buku Mozaik Seni Ukir Jepara (2013) nyathet, motip mau minangka dalan tengah kanggo sing ngugemi ajaran Islam, ora oleh gawe patung kewan lan manungsa. Senajan mberah sing nerangake nek sing ukume karam iku patung kanggo sesembahan lan sapunanggale, tapi sek kepiyea wae, ana sing ngugemi patung dikaramake. Mulane tatahan tanduran sing dipilih.
Unsur sing ana sajrone motip iku, ana godhong, lung, woh, lan trubusan. Godhong bentuke rompyo-rompyo (jumbai) ditatah segi telu pucuke luncip, nggambarake sesambungan religius antarane manungsa karo Tuhan lan manungsa mring sapadha-padha.
Dene woh-wohan bunder kaya wuni utawa anggur sing cacahe ganjil, ditatah jejer utawa dhompolan. Dheroke ndhok antarane lung karo godhong.
Lung dhewe yaiku alur saka wit tumuju ring godhong. Ndhok tengah-tengahe ana tatahan trubusan, yaiku godhong sangisore godhong pokok. Pecahan garis ndhok nggon godhong sing rompyo-rompto (jumbai) mau, ditatah supaya ketok kaya sinar. Miturut Gustami (2000), sinar sing sumebar iki minangka perlambang rawuhe Tuhan.
Supaya isa ngasilake ukiran sing detil lan alus, piwulang kiyai supaya dadi wong temen lan sabar, uga diugemi. Pengrajin sing ngugemi piwulang iki, lila mbutgawe nganti nglembur-nglembur diniyati ngibadah, tanpa ninggal ngibadah mahdhoh marang Tuhan. Iku dilakoni supaya sing pesen lan tuku ukiran isa marem. Para pengrajin ukiran percaya, komitmen iki isa njalari gampange urusan donya lan akerat.
Dene anggone ngatur dina nyambut gawe, nganti saiki dadi ciri sing mbedakake Jepara karo kutha-kutha liya. Ndhok ngendi-ngendi, libur iku ya dina Minggu, dina Ngahad. Nanging ndhok Jepara, libure para pengukir, dideleh ndhok dina Jemuwah. Semono uga tukang kayu nganti wong ngamplas,
Pancen ana wong ngamplas sing libure Ngahad, tapi mung winates “ana”. Mberah-mberahe Jemuwah. Wong Jepara milih libur Jemuwah, merga dina iku ana kewajiban Jemuwahan, solat Jum’at. Kejaba iku, ana piwulang ziarah kubur utamane dina Jemuwah. Malah supaya atine ayem wektu ngibadah merga wis cekelan dhuit, bayaran tukang diwehna dina Kemis.
Mulane, nalika mebel ukir isa nganti dadi saka guru perekonomiane masarakat Jepara, ya teka sah-sah wae nek ana sing ngarani, salah sijine merga le dha makarya, gelem baganan sarunge para kiyai.
Eh, sing bener gondhelan, baganan, cekelan, tah jokekan no? Kayake tembung papat iki kok dienggo kabeh ndhok Jepara. Karek kulinane. Tah malah ana liyane? Pokoke, sugeng mengeti Hari Santri Nasional taun 2022. Nuwun.
*Sulismanto. Warga Jepara. Lulusan Fakultas Dakwah dan Komunikasi Islam Unisnu Jepara.