blank

Dening Sulismanto*

Gek jaman semana, ana tukang sungging sing manggon ndhok salah suwijine dhusun wewengkone Kraton Majapahit. Jenenge Ki Sungging Prabangkara, utawa Ki Prabangkara. Saben nyungging, sunggingane utawa gambare sek kaya urip-uripa. Persis karo asale.

Wis suwe kondhang, suwijine dina Prabu Brawijaya pirsa pawarta mau. Sang Prabu nimbali Ki Prabangkara ring kraton banjur ngutus nyungging garwa kinasihe, minangka bukti rasa tresnane marang sang prameswari.

Ora dikeparengake sowan ing Taman Kaputren, sejatine Ki Prabangkara ora ngerti kaya ngapa sang prameswari. Sang Prabu mung paring panyandra wujud rumpaka. Nalika sang Prabu ngrumpaka, nyandra sang Prameswari nganggo kekidungan, Ki Prabangkara mateg ati, mateg olah rasa nganti wening.

Panyandra ing kekidungane sang Prabu, wis cukup kanggo Ki Prabangka ngangen-angen, kaya ngapa sulistyane sang prameswari. Sawise nampa dhawuh, Ki Prabangkara banjur bali ring dhusun.

Ki Prabangkara nyungging sang prameswari kaya ing angen-angene. Senajan mung adhedhasar nalika sang Prabu ngrumpaka, tapi persis kaya kasunyatane.

Suwijine dina, Ki Prabangkara wis ape rampung anggone nggambar sang prameswari. Nalika karek nyungging rikmanipun, ana laler menclok ndhok wadhah mangsi. Bareng digurak, malah nimbal menclok ndhok lukisane Ki Prabangkara. Bar iku, lagek gelem mabur lunga.

Tipak warna ireng sing bar diencloki laler, jebul pas ndhok wentis sisih ndhuwur nggon gambare sang prameswari. Senajan mangsi ora isa dibusak, kanggone Ki Prabangkara, warna ireng tipak laler, ora ngurangi apike sunggingan. Pikire, kabeh wis kaya kersanipun sang Prabu. Sunggingan sang prameswari, kabeh katon sulistya kaya pangrumpakane sang Prabu.

Nalika diaturake ring Majapahit, sang Prabu marem. Ora salah pawarta sing misuwur, sunggingane Ki Prabangkara kaya sek urip-uripa. Nanging nalika pirsa ana andheng-andheng ndhok wentis sisih ndhuwur sing persis asline, Sang Prabu semang.

“Isa-isane Ki Prabangkara weruh andhing-andheng ndhok nggon sing pribadine sek ngono,” ngono penggalihe sang Prabu.

Nganggep Ki Prabangkara wis bar tumindak culika saengga nganti weruh andheng-andheng ndhok nggon sing wadi, sang Prabu ape paring paukuman. Nanging merga ora ana bukti Ki prabangkara culika, ukuman disamarake.

Supaya ora ketara, pisan maneh Ki Prabangkara diparingi dhawuh. Saiki didhawuhi gawe patung sang prameswari, tapi ndhok awang-awang. Minangka abdi, Ki Prabangkara mung isa sendika dhawuh. Nggawa gaman awujud saprangkat tatah, gandhen, lan bakalan patung, Ki Prabangkara banjur diiburake numpak layangan. Sawise tekan angkasa lan tali layangan wis dicancang, Ki Prabangkara ngawiti nggawe patung.

Lagek ape lebar, angina sing asale semribit ujug-ujug mundhak gedhe dadi topan. Tali layangan pedhot. Ki Prabangkara karo layangan mabur katut angin, ngetan parane. Nalika Ki Prabangkara durung ngerti kudu kepiye, ujug-ujug angin balik ngulon. Patung lan gandhene tiba.

Merga le tiba pas angin balik, panggone gandhen karo patung tiba mau diarani Bali. Mulane wong bali isa natah.

Layangan sing ditumpaki Ki Prabangkara ijik mamula katut angin, ngulon terus. Tali layangan sing saya cendhek, suwe-suwe kesangkut ndhok wit jati. Nalika layangan mandheg sandhuwure Kampung Blakanggunung, gaman tatah saprangkat tiba, banjur ana warga sing nemu. Warga Kampung Blakanggunung banjur dha ajar natah. Suwe-suwe pakaryane apik, persis karo karyane kaya Ki Prabangkara. Saben dha natah, alus lan bener-bener kaya asline.

Merga Kampung Blakanggunung iku pangggone ndhok Desa Mulyoharjo, Kabupaten Jepara, suwe-suwe wong sak Jepara mberah ding dha dadi tukang natah. Ora ana papan liya sing isa gawe tatahan utawa ukiran kaya le gawe wong Jepara. Mulane nganti saiki misuwur minangka Jepara Kota Ukir. Malah duwe aran, the world carving center utawa punjere natah sadonya.

*Sulismanto, warga Jepara.