Turunan Pandhawa

150
0

Dening Sulismanto*

Ora siya-siya Pandhawa mbabat alas Wanamarta sawise ngalahake Kurawa ndhok Kurusetra, palagan perang bratayuda. Negara Amarta utawa Ngamarta, sing ngadeg ndhok tipak alas Wanamarta, kasil dibangun dadi praja sing tata tentrem kerta raharja.
Nganti saiki, warga Jepara sing ndheroki tanah Ngamarta, isa marisi sipat lan watak Pandhawa, yaiku watak-watak utama. Uga isa nglawan angkara murka, watake para Kurawa. Mulane Jepara dadi praja sing tentrem. Wargane banjur pinter olah rasa, nuwuhake kreativitas¬-e nyipta maneka prodhuk budaya. Sabanjure malah dadi prodhuk ekonomi, kaya dene natah kayu dadi ukir-ukiran.
Saking endahe, saben taun payu diekspor ring atusan negara. Senajan dheroke ning “punuk” pulo Jawa, ora kliwatan pantura Jawa, Jepara luwih makmur dibandhing sawetara dhaerah liya.
“Tegese wong Jepara turunan Pandhawa? Ngendika mbok nganggo waton, aja diwalik waton ngomong, Ki. Alas Wanamarta, perang bratayuda, kabeh iku mung crita wayang. Kok isa-isane Jepara ndhok Ngamarta,” bantahe Jumena.
Ki Juru mesem. Jumena ora ngerti kepiye wong Jawa nganggep Bratayuda, kitab sing ditulis Mpu Sedah lan Mpu Panuluh. Kaya jenenge, kitab sing ditulis nalika Prabu Jayabaya jumeneng ratu ing Kedhiri jaman Jawa kuno 1135 nganti 1159 Masehi iku, isine methik perang Bratayuda saka kitab Mahabharata.
Kaya kasusastran Jawa liyane ndhok jaman semana, Bratayuda wujude tembang. Dawane 719 pada. Jumena ora ngerti, nek kanggone wong Jawa jaman semana, ora mung panggon nulis kitabe sing ndhok Jawa. Wong Jawa jaman iku uga percaya, latar prastawa critane, kedadeyan nyata ndhok pulo Jawa.
Mbuh kawit kapan wong Jawa nganggep crita wayang beda karo kasunyatan. Sing ana buktine, nganti wiwitan abad 19, wong Jawa ijik percaya Bratayuda ora mung crita wayang. Kamangka, wiwitan abad 19 iku tegese umur kitab Bratayuda wis 7 abad utawa 700 taun. Malah luwih.
Nanging wong Jawa mamula percaya crita wayang mau sejarah nyata ndhok pulo Jawa. Buktine. isa diwaca nganti saiki. The History of Java, ditulis Thomas Stamford Raffles. Jaman iku, Raffles jumeneng Gubernur Jenderal Hindia Belanda nalika dadi wewengkone Enggris (1811 – 1815).
Bedane, Raffles ora nyebut ana Mpun Panuluh sing melu nulis Bratayuda. Sing disebut mung Puseda (Mpu Sedah), salah suwijine pandhita sing jare nglebarake nulis Bratayuda taun Jawa 1079 (1157 Masehi).
Raffles mbabarake crita kitab Bratayudha-ne Puseda, ndhok pungkasan bab 8 The History of Java. Le mbabarake ora mung wujud ukara, nanging nganti ana peta pulo Jawa, jangkep karo manggone negara utawa kutha jaman Bratayuda. Dhasarae saka kapitayane wong Jawa jaman semana.
Miturut peta sing digambar, Ngamarta manggon ndhok Jepara sisih kidul. Wetan Ngamarta, ana Negara Dwarawati, ditulis Diara Wati, saiki dadi Pati. Dene Negara Mandura, dheroke ndhok sisih kulon pulo Medura. Ndhok pulo Medura sisih wetan uga ana negara Mandaraka.
Negara Pringgodani ndhok sandhing Pemalang, Kutha Astina (Hastina Pura) ndhok sandhing Pekalongan, lan Purabaya ndhok nggon sing saiki dadi Surabaya. Dene Ayodya, manggon ndhok Ayog’ya Kerta, saiki dadi Yogyakarta.
Nek jama iku mau ana panggon sing samar, mung Indra Kila, pucuk gunung sing dienggo tapa Raden Arjuna. Jarene, isa ndhok gunung Arjuna sandhing Surabaya, gunung Ungaran sandhing Semarang, utawa pucuk gunung “Muria ndhok Japara.”
“Loh, jebul jengen-jengen panggon ndhok perang bratayuda, mamula memper karo jengen dhaerah jaman saiki, ya. Tapi mosok merga crita wayang iku pancem ndhok Jawa no? Mesthine ya teka merga pas methik crita sing ditulis ndhok kitab bratayuda, ndhung diemper-emperake,” jare Jumena.
“Ngono iku, ya mbokpikir jero? Sing penting lheh awake dhewe ngerti nek wayang iku kebak pitutur. Kebak tuladha kanggo nuntun menungsa mlaku ndhok dalan sing bener. Nek iku digawe cekelan urip, lakune awake dhewe ra bakal kesasar,” sambunge Ki Juru. Buktine, Wali Sanga wae nggunakake wayang minangka srana dhakwah, tur kasil tenan.
Mbuh ndheroki Ngamarta mbuh ora, turunan Pandhawa mbuh ora, sing penting marisi sipat lan watak utama kaya watake Pandhawa. Kebak rasa kamanungsan, ora watak angkara. Nek nyonto Pandhawa nalika mbabat alas Wanamarta, manungsa dadi wicaksana, kukuh ing panemu, mbelane bebener, ngukuhi sipat prawira, bekti karo wong tuwa, kurmat ring sing luwih tuwa, lan welas asih mring kabeh titahe Pangeran.
Manungsa uga isa wicaksana nalika kepeksa kudu milih nrima, senajan ngerti wong liya culika. Para Pandhawa ngerti nek tanah Ngastina kudune dadi duweke, nanging merga licike Sengkuni, malah Kurawa sing wis nduweni. Nyatane, perjuwangan Pandhawa babat alas Wanamarta, keri mburine kasil ndadekake Ngamarta tata tentrem kerta raharja.
“Alahane mikir bener tah orane crita wayang iku ndhok Jawa, awake dhewe iku alung mikirliyane. Dhalang jaman mau nganti Walisanga lan sabanjure ndadekna wayang minangka pitutur ampuh, iku sing kudune diconto,” ujare Ki Juru.
Anane wong Jawa nganggep crita wayang iku sejarah nyata para leluhure, ateges para seniman pinter nggunakake wayang minangka sarana kanggo nuturi.
“Tegese, wong sing entuk titah isa nuturi, kudu isa nggunakake sarana sing jumbuh karo kahanane, kanggo nuturi ya, Ki? Mbuh iku guru, mbuh pengarep agama, lan liya-liyane. Nek saiki jaman Android, tegese Android iku ya kudu isa dadi sarana pitutur ya?”
“Kudune ya ngono, ah!”
“Lha Jenengan nek nuturi wong-wong nganggo sarana apa, Ki”
“Aku, sih, kepenak. Ora entuk titah nuturi kok.”
“Lho…?”

*Sulismanto, warga Jepara.