blank
Burung prenjak. Foto: Jalak suren net

Widiyartono R

Manuk Prenjak Ngganter

Manuke prenjak ngganter
Ing pang pelem
Sapa sing bakal teka
Sapa sing bakal mertamu

Manuk-manuk prenjak
Apa bener ngabari
Menawa ana sing arep dugi

Nanging saiki aku sangsi
Apa bener manuk prenjak
Aweh sasmita
Menawa ana tamu arep teka

Yen bener arep teka
Iki bakal tamuku apa tamune tangga
Merga manuk prenjak ngganter
Ing panggon kang ora cetha
Sangarep omahku apa omahe tangga

Sm. 1-13102021

Biyen Desa Saiki Kutha

Nalika cilik ing ndesa
Omah gedhe latare amba
Tegalan lan sawah bawera

Saiki omah ing kutha
Cilik lan sarwa prasaja
Latare wae ora ana

Daktandur lombok tomat terong
Ing tritisan lan pager dalan
Supaya aku isih krasa
Kaya urip nalika ing padesan

Sm. 2-13102021

Ing Sawijining Wektu

Ing sawijining wektu
Bakal dakeling kedadeyan iku
Ing sawijining wektu
Nalika dakaras pipimu

Sliramu eling papan iku?
Sliramu eling kapan iku?
Sliramu eling sapa ing sakupengmu?

Ing sawijining wektu
Nalika sliramu kelingan aku
Sambaten jenengku aku
Aku tansah ngantu-antu

Sm. 3-13102021

Antarane Ahmad Yani-Tjilik Riwut

Saka papan iki
Aku arep kokjak mabur nyang ngendi
Manuk wesi amba swiwi
Wis sumadya nguntal mami
Mabur ngideri bumi

Saka papan iki
Aku arep kokgabur ing ngendi
Langit biru kokideri
Mega putih koksambangi
Mega peteng kokdhadhagi

Ing ngisor samodra wis diliwati
Ganti alas ijo lan pedhut mapagi
Alon-alon banjur katon
Dharatan suketan lan kebon

Saya mudhun saya mudhun
Rodha nggesut ing aspal dawa
Swiwi nyrepeg lakune mandheg
Lawang binuka sikil njangkah tanpa swara

Aku nembe wae
Nyabrang segara

Sm. 4-13102021

blank
foto: dok pribadi

Widiyartono R, penggurit lan wartawan suarabaru.id