Dening Sulismanto*
Olah kanuragane Jaka Tingkir (asma alite Mas Karebet) pancen ngedap-edapi. Ngabdi ndhok Kasultanan Demak asale mung prajurit biyasa, nuli diangkat dadi pimpinan prajurit, suwe-suwe nganti diganjar dadi Adipati Pajang. Sabanjure, dipundhut mantu Sultan Trenggana, krama karo Ratu Mas Cempaka, ya rayi kinasihe Ratu Kalinyamat. Reja-rejaning jaman ing Kasultanan Pajang, uga dumadi nalika Jaka Tingkir jumeneng sultan kanthi gelar Sultan Hadiwijaya.
Iku ing babagan olah kanuragan. Nanging nek babagan olah kasusastran, Ki Juru durung nemu babon sejarah sing nyathet sepira “kasektene” Sultan Hadiwijaya. Nanging sing jelas, saiki ana Joko Tingkir, lagu sing isine parikan. Kok ya endah, karya seni oleh inspirasi saka Jaka Tingkir.
Ki Juru eling, sajrone lakune jaman, ana wae seniman sing pinter ngisi budaya populer, karo maneka jinis budaya Jawa. Nek saiki ana parikan ndhok lagu Joko Tingkir, sedurunge, maneka jinis musik bola-boli digunakake minangka piwulang budaya warisan leluhur.
Senajan cinipta lan misuwur dening seniman Malaysia, Ki Juru ngalem lagu Cindai-ne Siti Nurhaliza. Kaya Joko Tingkir, lagu Cindai saka kawitan nganti pungkasan isine pantun. Bedane ya ancen iku, Joko Tingkir parikan, Cindai pantun. Lha pantun iku rak kabudayan Melayu si? Sing padha-padha ana ndhok Malaysia lan Indonesia.
Nalika surya kaping 17 Desember 2020, Unesco netepake pantun minangka Warisan Budaya Takbenda sajrone sidhang nomer 15 Intergovernmental Committee for the Safeguarding of the Intangible Cultural Heritage. Isane pantun oleh kekancingan (penetapan) ngono iku, merga perjuwangan barenge Indonesia lan Malaysia.
Parikan lan pantun ndhok lagu Joko Tingkir lan Cindai, isa dadi tuladha jinis karya seni sing ora slewah saka paugeran. Ndhok kawruh Basa Jawa, parikan iku unen-unen sing dumadi saka rong ukara. Ukara sapisan narik kawigaten, ukara kapindho minangka isi. Parikan nggunakake purwakanthi guru-swara. Saka intro (musik kawitan lagu) nganti coda (musik pungkasan), Joko Tingkir isine parikan kabeh. Ara slewah saka paugeran iku.
Semono uga lagu Cindai. Kawitan nganti pungkasan, nurut paugeran pantun. Dumadi saka 4 guru gatra (larik/baris), saben gatra, isine 8 tekan 12 wanda (suku kata), lan guru-swarane, a-b-a-b. Ing kabudayan melayu, giri swara diarani rima sajak. Nek cara macapat, guru lagu.
Saiki coba sing jarene pantun ndhok tipi-tipi. Iku, lo, sing nek bar diunekake sagatra (sebaris) banjur disenggaki “cakeeep.” Tenan, cacahe wanda ra nganggo aturan. Cilakane, iku saka tipi, sing didelok bocah-bocah sekolah. Isa wae malah iku sing dianggep bener. Ora gathuk ra? Anceeen!
Tujune seniman dha pinter ngisi budaya populer karo maneka jinis seni saka kabudayan Jawa. Isa dadi srana supaya bocah ing jamane dhewe-dhewe, tansah kenal kabudayane. Ki Juru eling misuwure lagu dhangdhut Anoman Obong taun 1996, saka Mamik Melani. Ra entek pangaleme karo swargi Mbah Ranto Edi Gudel. Lakon Dewi Sinta dicolong Rahwana, salah suwijine crita wayang Ramayana, isa diringkes mung nganggo 12 ukara.
Uga gumun karo Frans S.P., priyayi saka Jepara sing dadi pimpinan grup orkes Ken Arok iku. Jalaran iringan (aransemen) dhangdhut sing kepenak dirungokake lan dijogeti iku, pandhemen dhangdhut ora kelangan crita Ramayana mau. Frans S.P. dhewe ngakoni, Ken Arok saya misuwur merga Anoman Obong-e Mbah Ranto, sing nek nglawak, asring nyebut jenenge dhewe “Mister Buffalo Boy.”
Pancen nek dalan rejeki iku, ya ngono. Nalika sing nyanyi Didi Kempot nganggo genre campursari, lagu Anoman Obong ora misuwur. Kamangka, panutane para Sobat Ambyar sing uga kondhang minangka The Godfather of Brokenheart iku putrane Mbah Ranto. Iya, putrane Mbah Ranto Edi Gudel, adhine Mamiek Prakoso.
Nek lumantar Joko Tingkir seniman dhangdhut koplo njaga parikan, saiki piye karo awake dhewe?
Ndhok Jepara ana kentrung, sing uga kebak senggakan lan gojeg wujud parikan, ndhok sela-selane lakon sing lagek dibabarake. Loro karone kudu dijaga. Ya kentrunge, ya parikane. Menawa wae, dina-dina iki Jepara dadi dhaerah sing paling kenceng ngupaya kentrung ora ilang.
Merga saiki ijik ana seniman kentrung ndhok Jepara, upaya gawe lestarine kasusastran parikan, isa diarani dilakoni bareng dening “Joko Tingkir” lan kentrung. Ning babagan apik ngene iki, ben wae “Joko Tingkir” lan kentrung adu kasekten, ndi sing luwih ampuh misuwurake parikan lan piwulang luhur budaya Jawa.
Ki Juru percaya, para maos pandhemen budaya, kagungan rasa tresna marang kesenian kentrung sing wis mengkis-mengkis ngudak playune jaman. Semono uga karo jinis-jinis kesenian Jawa liyane. Mung wae Ki Juru ape takon kok menga mingkem.
“Lha seneng ngono iku, wis tau nanggap tah durung?”
*Sulismanto, warga Jepara, penyiar radio kanthi jengen siaran Indra Sadewa.