blank
Ilustrasi. Foto: wied

Widiyartono R.

Akeh sing Padha Ngresula

Akeh sing padha ngresula
Nalika ngrembug bab basa Jawa
Akeh sing padha nyaruwe
Apa sebabe aksara karo
Cara macane beda
Lha wong a kok diwaca O
Kenangapa kudu ana ta ndadak ana tha
Lha wis ana da kok ndadak ana dha

Nanging yen kowe padha ngresula
Sajatine aku pancen gela
Amarga sakjane kowe kuwi
Ora padha gelem ngerteni
Basa kuwi duwe tata duwe paramasastra
Ana aturan sing kudu dilakoni
Kepriye carane nulis, kepriye anggone maca

Mula yen pancen kepingin nyinau basa Jawa
Ya sekolahe sing rada dawa
Sinau ra kudu nang bangku
Akeh sing bisa dadi guru
Aja mung ngresula
Apamaneh kok mung dadi tukang saruwe
Nanging ra tau ngrampungake prakarane

Sm. 31021

Widiyartono R.

Rawun Mudhun ing Tawangmangu

Rawun mudhun saka godhong cemara
Netes ing kebon kobis wortel lan tela
Pedhut tipis mesat katut kegawa angin
Manuk jalak ngastawa kanthi suka
Ngoceh lan jogedan ing pang-pang cepaka

Ing papan adhem kekes iki
Aku nyoba ngenggar-enggar ati
Nebihken rasa kingkin ing driya
Ngunggahake rasa bungah tentrem raharja

Pedhut alon-alon sumilak
Srengenge wiwit natap bun esuk kumerlap
Adhem kekes durung patiya suda
Rasa kingkin cengkah ing driya
Uwis saya mendha

Bocah-bocah wis wiwit playon ing taman
Wong tuwane padha mlaku ingin suketan
Pedhute wis ilang baskara sumunar saya padhang
Kopi sacangkir wis tatas tuntas
Hawa Tawangmangu ngadhemke ati

Bun esuk lan ocehane jalak
Ngabarake tentrem rahayu

Sm. 31021

Widiyartono R.

Saududan Wae

Aja kesel dhisik sikil lumaku
Aja pegel dhisik tangan lambeyan
Aja semplah ati merga momotan

Mula ora perlu ngaya
Aja kakehan ngangsa
Sanajan jangkah durung kajangka
Sanajan papan sing dituju isih dawa

Mula ngaso pancen perlu
Minggir dhisik sedhela
Ngelongi rasa salit ing gulu
Lerene ora perlu suwe
Cukup saududan wae

Sm. 31021

Widiyartono R

Koridor Sonya Ruri

Tengah wengi wis gumlewang
Mrambat alon nuju paraning esuk
Koridor rumah sakit remeng sunare
Taman sisihe ngumbar ganda kenanga

Para suster ngaso tanpa swara
Sawise sasore ngupakara sing lara
Nyepakke obat lan ngancani dokter mriksa
Nggarap administrasi sing kudu ditata

Ing koridor sepi sonya ruri
Lirih swara mingseg-mingseg keprungu
Suster leren anggone ngaso
Rikat cukat tumandang

Ing remenging koridor
Wadon lungguh nahan luh
Ramane kapundhut ngarepake subuh
Sawise sawatara wektu
Sang jisim digledheg metu
Wadon iku nyisihi mlaku

Luh tumetes diusap kacu
Lambe ngucap sungkawaning kalbu
: sugeng tindak bapak, enggal pinanggiha ibu

Sm. 41021

blankWidiyartono R., wartawan, penulis, penggurit