Dening Sulismanto
Senajan adoh saka kraton, kawula alit neng Dhukuh Karang Kadhempel tansah cedhak ratu. Dudu merga kerep tinimbalan sowan ring Ngamarta, tapi sawalike, Prabu Puntadewa sing asring tedhak mrana. Ana kalane, Puntadewa ngantor ring Karang Kadhempel karo adhi-adhine para Pandhawa: Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa.
Minangka warga Karang Kadhempel, Kang Wayang bombong ratune cedhak kawula, adil, lan wicaksana. Saking bombonge, kepara dadi engkek nalika ketemu kanca sing isa dipameri, yaiku padha-padha kawula dasih, nanging dadi warga karang pradesan sing kebawah negara Ngastina.
“Ora kaya ratu srakah Prabu Duryudana ra? Gustimu iku lo, dadi ratu mung waton ngendhih dhampar wae kok, adoh saka kawula. Wengis sisan. Ndahipun ah nek sek gelem ngantor neng desa,” jare Kang Wayang nalika ngengkeki kanca-kancane saka desa-desa sebrang.
Nata Ngamarta: Prabu Puntadewa pancen ratu wicaksana. Saindhenging jagat krungu, kaya ngapa Puntadewa ngasta bawat paprentahan negara Ngamarta. Kawit bebadra babat alas Wanamarta nganti dadi praja Ngamarta, Prabu Puntadewa lan para satriya adhi-adhine, tansah nyawiji karo kawula dasih.
Punggawa, nayaka, lan sentana praja Ngamarta uga dijak cedhak marang kawula. Anggone asring tedhak ring Karang Kadempel lan nyawiji karo kawula, minangka upaya amrih krungu sambate rakyat Ngamarta. Senajan drajate ratu, Puntadewa ora isin ngangsu kaweruh lan jaluk pitutur saka kawula alit.
Saking le emoh kemlipa, Prabu Duryudana ngangkat warga sing drajate aceplik minangka panakawan. Pawongan mau yaiku Semar saanak-anake: Gareng, Petruk, lan Bagong. Semar asring dijaluki pitutur lan panimbang anggone ngasta bawat paprentahan negara Ngamarta.
Kanthi cara ngono, Wanamarta, alas gawat kliwat jalma mara jalma kepati merga asale dadi panggone bangsa alus jim lan raseksa, kasil dibangun dadi praja kamanungsan aran Ngamarta. Sabanjure, Ngamarta dadi negara sing panjang punjung, gemah ripah loh jinawi, tata tentrem karta raharja.
Ing jagat kasunyatan, Kemisan beja dadi warga Jepara. Saiki, dheweke mrangguli kasunyatan kaya ing jagat pewayangan mau. Kanthi program unggulan “Bupati Ngantor Di Desa”, wis puluhan desa neng Jepara dirawuhi bupati Witiarso Utomo, Wakil Bupati Muhammad Ibnu Hajar, jangkep karo para punggawa, nayaka, lan sentana praja Kabupaten Jepara.
Krasa beja, ana kalane program iki diomong nalika padha jagong.
“Punggawa, nayaka, karo sentana praja iku apa tah? Aku kok ora tau krungu neng pamarintah dhaerah ana ukara ngono,” pitakone kancane.
“Ha nek saiki ya sekretaris daerah, staf ahli, asisten, nganti para pimpinan bebadan dhaerah iku ah. Kaya kepala dinas, kepala badan, kepala bagian, nganti camat barang iku,” jawabe Kemisan.
Direktur BUMD, pimpinan bebadan kaya Baznas, KONI, lan sapanunggalane uga ana. Anggota DPRD sa-daerah pemilihan dirawuhake. Mulane Bupati Ngantor di Desa malah luwih saka cerita pewayangan, nalika Prabu Puntadewa utawa utusane, tedhak ring Karang Kadhempel.
Butuh krungu tetimbangane “panakawan”, sambate kawula alit, lan niti priksa kahanan karang pradesan kaya sing dilakoni Pandhawa nalika tedhak Karang Kadhempel, pancen dadi perangan karya sajrone Bupati Ngantor Di Desa.
“Nanging kejaba kuwi, ana maneka pakaryan bebadan pamarintah dhaerah sing dina melu boyongan neng desa. Mula, warga isa entuk maneka bantuan, layanan kesehatan, administrasi kependudukan, lan macem-macem,” jlentrehe Kemisan.
Mbuh pirang dina sadurunge Bupati Ngantor Di Desa, wis ana pejabat Jepara sing blusukan ring desa sing bakal dirawuhi. Arane PIC (personal in charge), penanggung jawab lan paraga sing disampiri pakaryan niti priksa maneka kahanan. Tuladhane, apa wae kebutuhan pembangunan neng desa nganti sumber daya sing isa direkadaya supaya dadi tambahan sumber kemakmuran masarakat. Ora mung kemakmuran neng desa iku, nanging uga desa-desa sakupenge. Sabare niti priksa, PIC banjur andum karya karo bebadan dhaerah liyane, supaya padha bisa mrantasi karya gumantung tupoksi-ne dhewe-dhewe.
“Sajrone Bupati Ngantor Di Desa, arah pembangunan desa utawa kecamatan siji lan sijine, ora digebyah uyah. Beda-beda gumantung sumber daya sing ana, arane pembangunan tematik wilayah,” tambahe.
Kanthi cara ngono, nalika Bupati Ngantor Di Desa dileksanani, bupati mundhut tetimbangan tambahan saka para “Semar”, kaya petinggi, sesepuh-pinisepuh, tokoh agama, tokoh masyarakat, RT-RW, lan liya-liyane. Kabeh rembug ditimbang, banjur paring arahan, mratelakake pakaryan sing sacandhake kudu dilakoni pamarintah desa nganti perangkat daerah. Kabeh mau amrih kasile pembangunan tumuju Jepara Mulus, visi pembangunan Kabupaten Jepara.
Putusan arah pembangunan ing Bupati Ngantor Di Desa, diugemi lan dileksanani tenan. “Merga anggota DPRD sa-daerah pemilihan uga rawuh, eksekutif lan legislatif padha-padha olehe ngawal putusan mau,” jare Kemisan.
Wis puluhan desa neng Jepara sing dirawuhi. Kari ngenteni, desa-desa liya bakal dadi “Karang Kadhempel-Karang Kadhempel” sacandhake.
Bhausastra Dialek Jeparanan
engkek: umuk
ngengkeki: umuk srana pamer
ndahipun: mokal, ora bakal
bebadra: wiwit bebakal, babat alas
kemlipa: kemewat, gumedhe, sok rumangsa bisa













