Dening : Sunardi KS
SABEN budhalan Sekolah Dasar (SD) bocah-bocah gumerah-bungah, rame suwarane. Ing sekolahan-sekolahan saben ana tandha ‘tengara bali’ muni, biyen nggunakake lonceng saka wesi, banjur dithuthuk supaya muni, saiki akeh kang wis nggunakake alarem, bocah-bocah banjur pating grudug dhisik-dhisikan metu. Yen ibu utawa bapak gurune ngendika bakal ana liburan dawa, bocah-bocah kerep surak bebarengan, rumangsa seneng. Semono uga yen ibu utawa bapak gurune kapinujon ana kaperlon, kang kudu mbudhalake sekolah esuk-esuk, bocah-bocah uga bungah atine. Pitakone saiki, genea kok bisa mengkono?
Tumrape bocah-bocah SD budhal saka sekolah kaya dene lagi diumbar saka kungkungan. Malah bisa uga rumangsa kawetokake saka pakunjaran. Dene yen krungu pengumuman bakal ana preinan dawa kaya bakal entuk kamardikan. Yen ana kabar bakal budhal esuk-esuk kaya lagi nampa hadiah, ing ati bungah.
Yen ditlesih, kahanan kang kaya mengkono mau sejatine ora mung dumadi ana ing kalangane bocah-bocah SD wae. Bocah-bocah SLTP saha SLTA uga kaya mengkono. Kamangka budhal saka sekolah pinangka rampunge sauntara piwulangan, ing dina iku. Yen bakal ana preinan dawa ateges rugi. Jalaran masukan ngelmune katungka anggone bakal tambah. Semono uga yen lagi dibudhalake sekolah esuk-esuk.
Nanging kok umume malah padha bungah atine. Apa ora rumangsa yen rugi? Jalaran cekak wektune sekolah, sethithik anggone bisa nampa ngelmu. Kamangka kerepotane padha, repot kudu mangkat sekolah, repot wong tuwa kala-kala methuk lan marani saka sekolahan. Ongkose kanggo bahan bakar, yen numpak sepedha montor utawa kanggo umbalan. Padha. Padha yen sekolahe bali normal karo bali esuk-esuk. Banjur nalare kepriye kok bocah-bocah bungah nalika dibudhalake saka sekolah rada esuk.
Rumangsa Kakungkung
Saperangan gedhe, bocah-bocah kang lagi sekolah kaya rumangsa dikungkung. Ora bisa dolan sakatoge. Ora laku sapenake dhewe, kang bisa gawe senenge atine.
Nanging kang kudu entuk kawigaten, ya gene bocah-bocah kang lagi sekolah kok rumangsa kaya dene dikungkung?
Manut Bapak A Hamzah Nasution, pengarang buku Ilmu Jiwa Anak, menungsa sejatine wiwit lair, wiwit kababarake saka guwa garbane sang ibu wis wiwit ngalami sekolah. Sekolah saka kahanan padinan-dinan ing sakupenge, sakiwa-tengene. Bocah-bocah wiwit lair wis diwulang-wuruk dening wong tuwane dhewe-dhewe, sedulur-sedulure. Piwulang dicakake manut nalare bocah.
Dadi senajan wiwit lair menungsa sejatine wis wiwit ngalami sekolah nanging ora nate ngrasakake yen dheweke sekolah. Ora ngrumangsani yen digegulang, didhidhik, diwulang, diwuruki.
Kanthi rasa ora rumangsa diwulang banjur bocah-bocah ora rumangsa kabotan pikirane. Jiwane ora rumangsa dikungkung. Malah saka piwulange wong tuwa, sadurunge bocah-bocah mlebu SD bisa gawe senenge atine bocah. Mula kahanan kang kaya mengkono mau sejatine bisa dicakake ing jroning sekolahan. Kepriye usahane guru, utawa sapa wae kang kawogan, supaya bocah-bocah iku ora rumangsa diwulang, ora rumangsa diwenehi sanggan abot mikir. Iki kang kudu wiwit digatekake.
Sekolah Alam
Dene bocah yen wis rada gedhe, udakara umur 3 – 5 taun, nalika wiwit dolanan dhewe sakancane, bocah pinangka pindhah sekolahe. Sekolahe saiki wis wiwit entuk wewarah rada mlingsi, wiwit entuk wulang-wuruk saka kanca-kancane dhewe. Senajan wewarah saha wulang-wuruk mau dumadi saka tanpa sengaja, tanpa rinasa. Jalaran saka anggone gesek-ginesek, anggone ngelikake kanca-kancane, yen bab kang ngene iki kleru lan bab kang kaya mengkono iku kang bener, kang kudu dipilah, iku mujudake piwulang.
Nalika bocah lagi dolanan ijen, iku uga pinangka sekolah. Jalaran anggone dolanan mau kerep nuwuhake kreativitas. Kreativitase thukul saka pengangen-angene (imajinasine) dhewe. Umpamane nalika bocah gawe dolanan kang sipate neniru kanyatan kang wis ana. Gawe mobil-mobilan umpamane, lan liya-liyane.
Bocah-bocah wadon kang lagi pasar-pasaran uga bakal bisa tambah nalare. Jalaran nalika pasar-pasaran bocah mau nduweni imajinasi, yen kaya-kaya dheweke pinangka pawongan kang lagi dodolan. Lan uga imajinasine kaya-kaya lagi ana kang tetuku dodolane. Senajan bocah wadon kang isih cilik mau lagi dodolan utawa pasar-pasaran dhewekan, ijen.
Semono uga yen bocah wadon lagi ngemban bonekahe. Bocah-bocah mau uga sinambi nglela-nglela utawa rengeng-rengeng, kaya-kaya lagi nglelipur momongane, dikongkon turu utawa kareben bungah atine ora nangis, lan sapirute. Ing kahanan kang kaya mengkono bisa digolongake pinangka sekolah, jalaran bakal bisa nambahi ngelmune bocah, nalare mekar. Kanthi mengkono mau kang diarani Sekolah Alam.
Malah ana sawijining psikolog kang ngandharake menungsa iku wis wiwit sekolah nalika isih ana ing kandhutane ibune. Yen wong tuwane nalika mbobot dhemen memaca, dhemen memikir kang becik-becik (positif) ing tembe bocah utawa putrane uga bakal lantip pikirane. Dadi sekolahan iku sejatine ana rong perangan. Sekolah Alam, kang dumadi saka keluwarga, sesrawungan, lingkungan, lan sapiturute. Kang kapindho sekolah formal.
Sekolah formal sejatine bisa nuladha marang Sekolah Alam. Tegese, bocah-bocah kang lagi sekolah kudu ditrepake marang pemikirane bocah. Piwulang kudu cundhuk marang nalar kang nampa piwulang. Sepira kekuwatane nalar kang bakal nampa piwulang mau. Iku wae kudu bisa ditampa dening bocah kanthi seneng ing ati. Ngelmu kang trep marang nalare bocah bakal ditampa kanthi legawa. Utawa paling ora bakal dirasa ora ngabot-ngaboti sanggan pikirane bocah.
Saiki kang kudu entuk kawigaten, genea bocah-bocah nalika lagi dibudhalake saka sekolah, nalika lagi nampa pawarta bakal mulih rada esuk, utawa bakal ana preinan dawa kok banjur padha bungah atine? Genea bocah-bocah ing njerone sekolahan kaya dene lagi dikunjara utawa dikungkung? Ora liya jalaran bocah-bocah mau rumangsa kurang seneng atine nampa piwulang. Lan bisa uga piwulang mau pancen kurang trep marang nalare bocah, utawa cara anggone menehi piwulang pancen kurang disenengi bocah.
Kabeh mau pancen kudu dadi tetimbangan, murih ngelmu, piwulang lan program-program sekolahan bisa ditampa dening bocah kanthi becik.
Ing pangangkah rampung (tamat) sekolah ora mung saderma entuk ijasah, nanging uga entuk ngelmu kang ngupangati lan ngurakapi. Nuwun
Penulis adalah budayawan tinggal di Jepara