blank
Sulismanto

Dening Sulismanto*

“Dipikir tenan. Pas nampa dhuwite sih pinuk, tapi nek ra kuwat bayar, mengko malah kapiran.”

Kemisan eling, kaya ngono nalika ibune nuturi perkara utang. Wis gek emben, pas Kemisan durung sek dewasa. Mulane, dituturi dawa-dawa, sing mlebu mung wose pitutur. “Aja gampang utang”.

Saiki, Kemisan lagek ngerti, geneya biyen ibune ngandhani ngono. Butuhe, aja nganti suk emben, uripe putrane sengsara merga kakehan utang.

Upama kepeksa utang, kudu dipetung, kudu kuwat bayar. Nek ape kredhit, dietung tenan. Upah nyambut gawe, kudu kena kanggo bayar cicilan lan nyukupi butuh saben dina.

“Tujune kok gek emben aku entuk kandhan kaya ngono,” batine Kemisan saiki, nalika ngerti akeh wong keblusuk ekonomine, merga utang.

Sakampunge, jebul ora sithik sing wis dha kelangan sembarang kalir merga utang, kepeksa didol kanggo nyaur. Ana sing nganti adol omah – tanah. Merga ora krasa, jebul utange wis nganti puluhan yuta. Kamangka asale mung atusan ewu. Nanging merga wayahe nyicil ora isa bayar, anakan (bunga)-e mundhak. Wayahe nglunasi, kepeksa jikuk utang anyar. Saya mberah, anakane ya tambah. Ora krasa, olehe keblumbang saya jero. Sing mberah keblusuk ngene iki, ndelalah ibu-ibu. Paling mberah isih enom.

Ana sing kandha, kahanan iki merga saiki akeh bebadan sing dha diarani “koperasi”. Karyawane wira-wiri nawani utang. Pancen sing diparani umume ibu-ibu. Carane ngutangi, ora kakehan sarat. Malah nasabah sing bayar cicilane lancar, wis ditawani utang anyar.

Mesthine sih, karyawan mau ora saka koperasi thok. Liyane koperasi ya ana. Tapi mbuh gene, olehe dha ngarani kok angger “saka koperasi”. Ana sing muni bank thithil utawa bank plecit.

Ana warga sing gremang-gremeng, mesthine pamarentah gawe aturan. Mbuh piye carane, supaya bank thithil luwih temata, ora kepinuke ngono ngiming-imingi calon nasabah. Nawani utangan sing anakane dhuwur. Ana sing prakteke dadi rentenir. Nek luwih temata, gremenge warga, mberah sing isa ketulung. Ora kegampangen njikuk utang, terus ra kuwat nyicil. banjur keblumbang.

Kanggone Kemisan, usul kuwi apik. Mugi wae ana DPRD lan pamarentah kabupaten/kota sing isa ngehi tuladha gawe aturan dhaerah babagan iki. Paugeran sing bener-bener dialkoni.Nanging upama wae nyambut gawene bank thithil mamula kaya saiki, mosok sek ra ana sing isa dilakoni kanggo ngedohake warga saka blumbang utang?

Bebadan lan organisasi sajrone bebrayan pirang-pirang. Ana PKK, Dasa Wisma, RT/RW, majelis taklim, nganti pamarintah desa, lan liya-liya. Nek dha ngupaya bareng ngono piye ya? Upamane, kumpulan-kumpulan warga, digunakake kanggo ngehi wawasan ekonomi. Nek cara tetembungan sing lagek kondhang saiki, literasi. Iya, literasi ekonomi rumah tangga. Utamane kanggo ibu-ibu, sing pancen kudune duwe pengati-ati anggone nata ekonomi kulawarga. Ngundang narasumber sing isa ngehi wawasan babagan iki.

Upama ora sek literasi keuangan rumah tangga, ora apa-apa. Sing penting ana sing ngandhani, lek diendel, Dikandhani, lah gelem urip samadya, apa anane, ora kegedhen gengsi. Aja seneng utang. Apa maneh nganti duwe penyakit utang. Iki tembunge Kemisan dhewe kanggo ngarani wong sing seneng utang, tanpa duwe petung.

Wawasan iku penting supaya olehe dha omah-omah, gelem prihatin. Urip samadya, nyukupake gaya hidup jumbuh karo kayane. Lah ora terus-terusan meksa, duwe kaya sithik, nanging emoh urip sagaduge. Kegedhen empyak kurang cagak.

Merga nek seneng utang ora dibarengi laku prihatin, nyata marai tuna. Nek duwe utang iku rak. kudune aja boros, sih? Amrih isa nglimpukake dhuwit kanggo mbayar cicilan, kanggo nyaur utang.

Nanging nyatane, ora sithik wong sing wis duwe utang, tetap wae kakehan gaya. Malah sawalike, olehe utang ora merga kepeksa. Nanging njarak utang, merga ngudak gengsi. Kakehan polah. Tanggane duwe apa, meri. Dulure isa ngapa, drengki. Kancane nyandhang nganggo apik, ora kena keri.

Pokoke kudu melu tuku senajan nganggo dhuwit utangan. Ora karo dietung, bakal isa nyaur ta ora. Ora mung utang saka bank thithil, tapi uga saka kanca mbuh sanak kadange. Nek modhel kegedhen gengsi, pungkasane crita, umume padha. Wonge ora kudu nyaur utange. Ana sing dadi luwih galak tinimbang sing ngutangi. Nek ditagih, ana wae pawadane. Malah kepara ngamuk.

 

Disokurake

Jenenge uwong, papak ora padha. Sing ora seneng, nyokurake. Apa maneh nek ngerti, kabeh mau saka salahe sing utang dhewe. Saka le gampang blereng gebyare donya, saka le kakehan gaya, kakehan polah.

Nanging ya ana sing mesakna, nalika nyawang polahe dulur mbuh kancane pas ditagih utang. Nanging ya mung mesakna, ora isa nulungi, ora elu nyangga. Merga butuhe dhewe wae isih mberah. Isane mung nyawang karo melu prihatin.

Lelakon ngono iku, separan-paran ana. Wong kampung, karyawan pabrik, lan wong kantoran padha wae. Karek wonge. Merga sebabe, ora pira kayane le nyambut gawe, nanging pilihan gaya hidup-e.

Nek isa ngerem, gelem prihatin, urip apa anane, bakal isa selamet saka blumbang sengsarane utang. Malah nek cara Kemisan, gedhene anakan utang saka bank thithil kuwi urusan keri, sing penting ya pancen gelem prihatin lan duwe petung.

Nyatane, biyen nalika durung akeh apa sing saiki diarani koperasi, bank thithil mamula ana. Kanggo sing duwe petung, mamula kena kangge ngudak butuh. Contone neng pasar. Bank thithil dadi malaikate mbok-mbok bakul nalika butuh utang kanggo pawitan dodolan.

Cara gampange ngene. Nek seminggu cicilan utang lan anakan (bunga) Rp10 ewu, kena tetap utang. Sarate, bathine olehe dodolan, kliwat saka iku. Tetap cukup kanggo mangan lan bayar cicilan.

Kemisan dhewe ya biyen ngalami. Nalika awitan nyambut gawe, olehe limpuk-limpuk dhuwit mung sithik. Isane kanggo uang muka kredhit. Banjur utang, kredhit sepedha motor.

Tapi bener-bener dietung. Sajrone sesasi, ongkose umbal, luwih akih timbang cicilan sepeda motor lan ongkos bengsin. Merga duwe motor dhewe, isa luwih gampang itung-itung wektu mangkat lah mulihe nyambut gawe. Wektune ora entek neng dalan kanggo mlaku ring nggon cegatan bis, lan nunggu sak tekane bis sing dienteni.

Merga gelem prihatin, kredhitan lancar. Sajrone telung taun bayar cicilan motor, kena diarani duwe bathi nek dibandhing ongkos umbal. Wis ngono, telung taun mau, kredhitan lebar. Wis duwe sepedha motor dhewe.

Nek utang sing modhel dietung tenan ngene iki, nyatane genah, to? Balik meneh, kabeh karek le nglakoni urip. Gelem prihatin tah kakehan gaya. Tah pancen duwe penyakit utang?

 

*Penulis adalah Warga Jepara. Bekerja di Bagian Protokol dan Komunikasi Pimpinan Setda Jepara. Mantan penyiar radio dengan nama udara Indra Sadewa