Basa Jawa, Kesempar Kesingkir

111
0

Dening Sulismanto*

⁹Nganti 30 mbuh 20 taun kepungkur, kaya ra tau ana pikiran basa Jawa bakal ditinggal. Ora dening wong liya, nanging wong Jawa dhewe. Mulane basa Jawa saya kesingkir, kesempar mlakune jaman.

Ora salah nek mangsa iku mau dha ora kuwatir. Gajege, nalika iku pacelathone cah kampung wae kena diciri. Nek ana sing padon nganggo basa Indonesia, iku bocah saka kutha. Nek ora ngono, bocah manca sing melu wong tuwane ditugasake ndhok Jawa.

Sabanjure, merga mbendina kancane dha ngomong Jawa, suwe-suwe bocah iku katut. Melu ngomong Jawa senajan mberah tembung sing pangucape beda, merga pancen ora ilat Jawa.

Wong kutha wae, sing nganggo basa Indonesia mung sitok-loro. Wong tuwa ora marahi anake ngomong basa Indonesia. Cukup saka gurune, suk nek wis sekolah. Bocah uga diwarahi patrape basa. Omong ngoko nek karo kanca, krama karo guru, wong tuwa, lan sapa wae sing diajeni merga umur lan kalungguhane.

Mung wae, merga mberah wong tuwa sing asale dha ora sekolah, retine, pamilah basa Jawa mung ngoko karo krama. Dha ora reti nek basa krama ana pamilahe meneh, madya karo inggil.

Merga retine mung ngono, ora arang dha kuwolak-kuwalik nalika basa krama. Tembung kriya (kata kerja) sing ditrapake kanggo awake dhewe, malah krama inggil. Sawalike, nek karo wong sing luwih diajeni, mung krama madya.

Contone, upama butuh adus pas dienteni wong liya, le pamit “Kula siram riyin.” Conto liya, pamitan mulih karo ukara “Kula kondur riyin.” Kamangka siram karo kondur krama inggil. Ha rak ndhung sidane malah ngungkluk/ngluhurake awake dhewe si?

Sawalike, upama nawani unjukan wong liya, sing diucap malah “Mangga, nginum ten mriki sareng-sareng.” Malah ana sing luwih prana. “Mangga maem ten mriki.” kaya nawani mangan bocah cilik wae.

Kabeh iku ora mung merga dha ra sekolah. Nanging uga merga urip adoh saka punjer kabudayan Jawa, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan Surakarta Hadiningrat.

Mulane, senajan ngono, ijik alung jaman semana. Saora-orane wong tuwa  ijik dha marahi anake basa Jawa. Senajan mung winates ngoko karo krama, ra reti nek jebul krama madya lan krama inggile jebul klera-kleru. Tapi rak ijik mamula diwarahi ngluhurake wong liya si? Ya, lewat matur krama mau.

Lha saiki piye? Saya dhuwur pendhidhikane wong Jawa, kudune krama sing kuwolak-kuwalik mau didandani. Lah bener patrape. Nyatane, malah basa Jawa-ne  sisan sing dha disingkiri. Rak mijiri wong kutha apa wong ndesa, anake dha langsung diwarahi basa Indonesia. Saben dina ndhok omah nganggo basa Indonesia, basa Jawa ditinggal. Ngene iki sing ndhok omah wis ora ngajari basa Jawa, maca karo mesem?

Mulane nganti taun 2014 kepungkur, Gubernur Jawa Tengah dhawuh, basa Jawa dadi guneman lisan ndhok kantor dhines sak-Jawa Tengah, saben dina Kemis.

Ngene iki kira-kira kantor pamarintah tingkat provinsi nganti desa piye?

Banjur ndhok papan pawiyatan kaya apa? Piwulang Basa Jawa keduman wektu sepira? Nek ra keduman kaya sek eman-eman. Semono uga, nalika rapat pegawe, nganti rapat guru nek dina Kemis. Eling dhawuh gubernur tah ora? Muga-muga wae si nganggo basa Jawa. Tegese, sendika dhawuh ngupaya lestarine basa Jawa.

Nek kuwatir basa Jawa bener-bener cures nganti ilang blas, teka sek kadohan. Lha wong suku Jawa sing urip ndhok mancanagara wae ijik dha nganggo basa Jawa kok. Nek pas ana kongres basa Jawa, nganti kirim utusan “bali” ring Indonesia.

Nanging nek ndelok carane wong Jawa dhewe sing wis dha nyingkiri basa Jawa, banjur ndelok carane nulis wacan Jawa nganggo aksara latin, teka ora salah nek wong sing ijik dha tresna basa Jawa, krasa prihatin.

Paugeran dhasar nulis swara a nglegena wae wis dha ora reti. Karepe nulis sapu sada, ditulis sapu sodo. Muluk sega dadi muluk sego. Kudune lenga dadi lengo, kudune ngapa ditulis ngopo, lan sapunanggalane.

Kamangka nalika diwarahi pisanan nulis Jawa, aksara Jawa nek ditulis latin dadine ya ha na ca ra ka. Nganggo aksara a.  Ora nganggo aksara o, ho no co ro ko.

Semono uga karepe manuk ditulis manok, jeruk dadi jerok, wisuh ditulis wisoh lan sateruse. Ana meneh, tahu walik dadi tahu walek, karepe belik tapi nulise belek, meh nulis apik tapi jebul apek, lan sateruse.

Durung maneh nek kudu mbedakake aksara d karo dh kaya dene wedi (takut) karo wedhi (pasir), nganti t karo th kaya Setu (Sabtu) lan cethil (mbesiwit/keladuk gemi).

Sing ngono iku, apa mung bocah karo wong kurang pendhidhikan, Sing ijazahe dhuwur piye?

Le dha klera-kleru ora mung pas nulis. Soale ngomong Jawa wae wis ditinggal. Upamane sek karek maca, nek iku basa Jawa, ora kaget nek le maca grothal-grathul.

Aso sik. Hayo sapa sing maca tuk kene mesam-mesem neh?

Lek ndhung kaya apa ya repote sekolahan nek ape kirim bocah maju lomba nganggo basa Jawa? Soale, maca wacan wae kangelan. Sing penting gurune ijik lancar pas maos naskah wae. Lah isa mulang muride pol siyaga lomba. Lomba mung dalan. Sedyane, sateruse ben bocah kulina basa Jawa.

Nek oleh takon meneh, ngene iki awak-awake dhewe dha nduwe daya kanggo ndandani kahanan ta ora si? Nek duwe, milih ngejarake tah ndandani?

*Sulismanto, warga Jepara.