Sulismanto
Sulismanto

Dening Sulismanto

Sakjane, Ki Juru ora sek kegolong pandhemen musik. Ya mung lumrah wae, pisan pindho rengang-rengeng. Nanging nek saiki  nganti kenal lagu Joko Tingkir (kudune ditulis Jaka Tingkir), ya ora nggumunake.

Iku merga genre (jinis) dhangdhut koplo pancen lagek digandrungi. Lek Jaka Tingkir iku dadi salah sijine lagu sing dha disenengi. Saben dina, Ki Juru bola-bali melu krungu. Ana kalane pas dha nyetel ndhok hape, nanging paling mberah, saka piranti swara (audio) ndhok brak sisih omah. Iya, brak, ngono carane wong kampunge Ki Juru nyebut papan kanggo mbutgawe.

Nalika bar nggatekake temenan lagu Jaka Tingkir saka brak sisih omah, Ki Juru mbatin, “Upama cah saiki ditakoni ‘Jaka Tingkir iku sapa si?’ paling lo dha ra reti.”

Anane mbatin ngono, merga saka kawitan nganti pungkasan, siji wae ora ana ukara sing ngenalake Jaka Tingkir. Kabeh gatra ndhok lagu iki, isine parikan. Jengen Jaka Tingkir, diseleh minangka guru swara ngarep pisan, ndhok ukara sepisanan.

Ndhok kasusastran Jawa, parikan mono unen-unen sing dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan nggo narik kawigaten, ukara kapindho minangka isi. Nek cara pantun, Jaka Tingkir mung diseleh kanggo sampiran. Ora ndhok nggon isi.

“Tapi ya apik. Wis dadi judhul karo guru swara ndhok lagu misuwur. Saora-orane, jengen Jaka Tingkir disebut cah-cah saiki sing dha nyanyi,”  guneme Ki Juru ring awake dhewe.

Ki Juru krasa beja menangi jaman “kurang hiburan”, sing sejatine malah ndadekake kabudayan Jawa kajenan. Budayawan lan seniman jaman semana isa nyetel anggone dha dadi tontonan, minangka tuntunan. Kesenian kaya wayang, ludrug, reyog, kethoprak, lan sapanunggalane, ora adhep-adhepan karo kabudayan mancanagara lan kabudayan anyar. Mulane, lakon sajrone kesenian-kesenian mau isa disetel kebak pitutur, piwulang, lan crita-crita sejarah, kaua dene sejarah Jaka Tingkir.

Malah nganti taun 90-an lan sawetara taun sawise, nalika teknologi audio-video wis ngawiti maju, crita-crita sejarahe wong Jawa isih isa jejer karo crita karangan. Ki Juru isih eling nalika wong ndegawe usum nanggap vidio. Pirantine tipi ungkur-ungkuran, siji madhep ring omahe sing ndegawe, sijine madhep sawalike. Nalika iku pilem-pilem laga ijik digandrungi. Dadine crita sejarah, kaya dene walisanga nganti Jaka Tingkir isa dijlentrehake ring masarakat, saenggo dha reti sejarah leluhur bangsane. Malah pancen ana pilem judhule Jaka Tingkir.

Nyatane, crita-critane, ora owah saka carik-carik babon sejarah kaya dene Serat Babad Tanah Jawi bentuk gancaran (prosa Jawa) Ngabei Kertapradja (sing uga sinebut versi J.J. Meinsma), Babad Tanah Jawi bentuk tembang anggita Carik Bradja jaman Susunuhan Pakubuwono III, nganti babon sejarah liya, The History of Java-ne Thomas Stamford Raffles, lan buku-buku liya sing ndhok njerone, ana tulisan sejarah.

Mulane, Ki Juru paham sapa Jaka Tingkir, yaiku salah suwijine mantu waris Kasultanan Demak sing banjur dadi Raja Pajang, Sultan Hadiwijaya. Minangka adhi ipene Ratu Kalinyamat, Sultan Hadiwijaya isa diarani adhiwira (pahlawan gedhe) merga dadi lumantar kasile apa sing disuwun Ratu Kalinyamat marang Gusti Ingkang Akarya Jagat.

Nalika iku, Ratu Kalinyamat sing lagek bar kelangan sedulur sepuh Sultan Prawoto, malah ketambahan kelangan sang garwa, Sultan Hadlirin. Loro karone seda dening Arya Penangsang, Adipati Jipang.

Rumangsa wis ra isa njaluk keadhilan ring sapa wae, Ratu Kalinyamat milih tapa ing redi Danaraja, nyuwun adhil maring Allah Swt. Nganti suwijine dina, keadhilan teka. Arya Penangsang tumeka ing ajal nalika adhep-adhepan karo Sutawijaya, putra Ki Ageng Pemanahan sing uga dadi putra angkate Sultan Hadiwijaya.

Keadhilan sing disuwun Ratu Kalinyamat isa kegayuh merga Sultan Hadiwijawa ngeparengake putra angkate, Sutawijaya, dijak maju perang nantang Arya Penangsang dening Ki Ageng Pemanahan, Ki Penjawi, lan Ki Juru Martani.

Upama wae cah saiki dha ngerti sejarah ngene iki, rak ketang sithik, mesthine ana sing banjur mbacut seneng sinau sejarah. Saengga dha ora kecabut saka oyot sejarahe, lek terus dha saya kandel rasa tresnane marang bangsane. Uga dha oleh piwulang luhur saka crita-crita sejarah sing kebak pitutur.

“Saiki, mumpung dha reti jengen Jaka Tingkir, ana ta ora si, sing duwe upaya gawe bocah-bocah tambah kenal Sultan Hadiwijaya iku? Ora perkara Jaka Tingkir-e, tapi utamane sejarah. Ben saya dha tresna budaya lan leluhure. Ndhok sekolahan kok jare wis ra ana pelajaran sejarah. Tapi apa ya pancen sek wis blas ra ana srana kanggo guru isa ngenalake sejarah,” Ki Juru mbatin separan-paran.

Pikire Ki Juru, ben saora-orane bocah-bocah saiki dha duwe lan isa nyonto kasatriyane para leluhur dhewe barang. Ora mung “tokoh idhola” manca kayadene superhero Marvel Studios, mbuh iku Spider-man, Ant-man, Black Widow, Hulk, Thor, nganti Captain Amerika.

“Dadi kejaba seneng superhero, ya isa nyonto satriya bangsane dhewe,”  batine Ki Juru sing ijik nglembara.

Apa maneh saiki wis sarwa-medsos. Ana saingan tokoh idhola sing sawayah-wayah gentenan teka ndhok linimasa. Nek sing lagek anget saiki ya saka Citayam Fashion Week, bangsane Jeje Slebew, Bonge, lan kanca-kancane.

“Tah teka dha mung ngefans Bonge karo Jeje Slebew elah?” Nuwun.

Sulismanto. Warga Jepara, dhemen kabudayan Jawa.