Oleh : Nurul Hidayati
Sak wetara dina kepungkur, aku ketemu kanca lawas sing wis suwe ora ketemu. Sakwise rembugan soal kabar kulawarga, kerjaan, lan kahanan jaman saiki, obrolan terus nggelinding mlebu bab sing wis akrab karo saben uwong: kopi. Kancaku crita yen saben esuk ora iso miwiti kegiatan nek durung ngombe kopi.
Senengé kopi manis, krimeré ora sethithik, ditambahi gula nganti rong sendhok teh. Rong sendhok teh kuwi ukuran umum sing biasané dienggo wong-wong nek nggawe kopi sak cangkir. Kanggo lidahku sing wis biasa karo rasa kopi pahit, rasa manisé krasa kebacut, nganti nutupi rasa asli kopiné. Nanging saben wong mesthi nduwé selera dhéwé-dhéwé, mung wae nek saben dina ngombe kopi manis kaya ngono, awak iso protes tanpa didelok sekedhik.
Aku mung mesem. Aku dhewe dudu wong sing saben dina ngombe kopi. Nanging nek kadang-kadang ngombe, aku luwih seneng kopi pahit sing polos, tanpa gula, tanpa tambahan pemanis liya. Aku percaya rasa pahit iku malah bisa ngelingke, ora mung nguripke pikiran nanging uga ngajari makna kesederhanaan.
Ora ana niat ngajari utawa sok ngerti, tulisan iki mung kanggo ngendhakake isi pikiranku. Pitutur kanggo awakku dhewe, supaya ora lali karo urip sing kudu dijaga keseimbangane. Kadang ngelmu ora perlu saka sekolah dhuwur, cukup saka pengalaman lan rasa sing wis tau diuripi. Meski aku dudu songko latar belakang kesehatan, nanging pengalaman pribadi sing tak alami ndadekake aku luwih ngati-ati lan rumangsa perlu ngelingke, paling ora kanggo awakku dhewe, lan menawa ana sing krasa manfaaté, ya alhamdulillah.
Wektu semana aku tau ngalami lelara sing ora cetha asalé. Rasane awak abot, pundhak gampang linu, sikil pegel sanajan mung mlaku sithik. Awakku krasa saya abot, saben mlaku rasa kaya nggawa beban. Lemué ora mung katon, nanging uga krasa neng pundhak lan sikil. Turu ora nyenyak. Aku nggoleki sebabé, nganti ngerti nek asupan gula neng awakku wis kebacut akeh. Saben dina mangan panganan manis, ngombe es teh legi, jajan cemilan sing kadar gulane ndhuwur. Mula ora kaget nek awak protes.
Wektu kuwi aku rumangsa pentingé ngendhaleni apa sing mlebu neng awak. Wong kadang mung ngukur rasa saka lambé, nanging ora ndelok jero awak. Aku wiwit ngurangi kabeh sing manis-manis. Sak ngethok jumlah gula, rasane awak saya entheng, turu luwih legan, lan sing paling kerasa, semangat urip bali kaya biyen.
Kopi, miturutku, bisa dadi gambarane urip. Rasa manis lan pahit koyo loro sisi saka siji kahanan. Yen kebacut manis, malah bisa nglarani. Yen kakehan pahit, ya iso ndadekke ati gela. Ning nek diatur, disuguhake kanthi pas, rasa kuwi iso dadi sumber semangat. Mula aku saiki luwih milih kopi pahit. Ora mung amarga rasa, nanging amarga aku ngerti luwih aman kanggo awakku.
Nanging ya ora kabeh masalah mung ana ing rasa. Ngombe kopi ya kudu ati-ati. Seneng karo kopi pahit ora ateges iso ngombe sak karepe. Kafein sing kakehan isa ngrusak irama turu, nambah deg-degan, lan saben ngombe kopi, kudu dibarengi ngombe banyu putih sing akeh, ben ginjal tetep aman. Awak butuh cairan netral kanggo njaga keseimbangan ing njero awak, ora mung rasa-rasa sing nyenengake lambé.
Ana pitutur lawas sing ngendika, “sedhep kuwi nek pas.” Kuwi uga berlaku kanggo kopi lan rasa-rasa urip liyane. Ora kudu kebacut, ora kudu nyeret rasa mung kanggo nyenengke sedhela, nanging kudu mikir nganti jero. Awak iki titipan, dudu duwek dewe. Mula kudu dijaga, dirumat, digatekake saben dina. Aja nganti awake dewe ngelakoni sing disenengi, nanging ndilalah malah nglarani.
Sakwise ngobrol karo kancaku wingi, aku dadi luwih eling. Kaya ana swara cilik ing njero ati sing nyeluk supaya luwih ati-ati karo apa sing tak pilih. Urip iki cendhak, nanging yen diuripke kanthi eling lan waspada, iso luwih awet rasa syukuré. Aku ora nuntut awake dadi sempurna, mung pengin luwih waras mikir lan luwih resik ngrasakake.
Aku dhewe saiki luwih resik mikir. Ngombe kopi ora kudu saben dina, nanging nek kadang-kadang ngombe, pilih sing sederhana. Ora perlu tambahan sing aneh-aneh, cukup rasa asli. Minangka ganti manis, cukup aku tulis sebaris doa: muga awak tetep sehat, ati tetep waras, lan urip tetep seimbang.
Urip ki ora mung soal rasa sing enak. Kadang rasa pahit kuwi sing nyadarke. Kaya kopi pahit sing saiki tak senengi, ora mung menehi rasa, nanging uga ngelingke, manawa ora kabeh sing legi kuwi becik. Yen bisa eling lan waspada, urip iso luwih cetha arahe.(*)













