Dening : Sunardi KS
Bar maca tulisane Mas Sulismanto, ana ing Suarabaru, sing nganggo irah-irahan (judhul) Penyakit Utang, weh lha, aku kok kaya diithik-ithik, kaya dikileni, banjur tangi saka turu angkler utawa paling orak banjur nglilir anggonku suwe orak nulis, kaya turu kepati, mligine nulis ana ing Suarabaru.id Jepara sing digawangi Pak Hadi Priyanto lan mas Ulil Abshor.
Pak Hadi wis bolak-balik ngelikna aku supaya aku nulis, nanging yen pikiran lagek macet dipeksa nulis ijeh orak isa. Kamangka unine Pak Hadi wong sing seneng nulis iku isa kanggo nyegah penyakit pikun. Nek kerep nulis, jare Pak Hadi ben orak cepet pikun. Mbuh bener mbuh orak, aku angger percaya ngono ae.
Tulisane Mas Sulismanto iki apik. Sebab tulisan sing sipate elik-elik karo sok sapa ae sing lagek lali, terus-terusan seneng utang, utawa malah kesenengen utang. Senajan ngono Mas Sulis (mengkono aku nek nyeluk) uga orak nyalahna 100% karo pawongan sing lagek utang. Nek utang iki kanggo nutup kebutuhan sing penting orak kena ditundha. Kamangka pancen nyata-nyata orak due dhuwit blas kanggo ngragati kebutuhan penting mau.
Mesthi ae kebutuhan penting mau ujud kebutuhan pokok, mangan padinan umpamane, perlu ragat kanggo tetamba krabat utawa keluwargane sing lagek lara abot, sing kudu cepet-cepet ditanggulangi, umpamane. Dadi orak utang kanggo tetuku apa ae sing dadi pepinginane, pinangka kebutuhan sekunder.
Nek isa awake dhewek iki aja nganti seneng utang. Kandhane Mas Sulis. Apa neh nek utang renten, utang bank thithil utawa utang bank plecit, kojahe Mas Sulis. Nek kepeksa utang kudu dipetung tenanan, bakal isa nyaur, orak ngabot-ngaboti sanggan, orak ndheseg kebutuhan liyane, nganti dadi kaco perekonomiane keluwargane.
Nuruti ‘Gaya Hidup’
Utang sing muk kanggo nuruti ‘karep’, nuruti pepinginan, orak nuruti kebutuhan primer, sing muk kanggo nuruti kebutuhan sekunder, lha iki sing orak disetujoni Mas Sulis. Apa neh nek anggone utang orak nganggo petung. Sing penting angger entuk dhit, urusan bayar dipikir mburi. Lha nek orak isa mbayar pikiran isa pusing, diobati anti pusing orak isa mari. Sing kaya ngene iki unine Mas Sulis kegolong penyakit utang.
Aku mathuk karo sebutane Mas Sulis iku, penyakit utang. Nanging mesthi ae ana jalarane. Jalarane yaiku pawongan mau pancen dhemen ngumbar pepinginane, kamangka pengasilane orak gaduk kanggo ngongkosi. Pawongan mau dhemen nuruti gengsi, kamangka pengasilane orak nyukupi. Dhemen meri karo liyan, karo tangga, karo kanca sing isa tuku ika-iku. Kamangka deweke orak isa. Kuwatir nek diarani ketinggalan banjur luru utangan kanggo nandhingi tangga utawa kanca.
Nek ditlusuri saktemene ya muk kanggo nuruti’gaya hidup’. Rumangsane nek orak utang kanggo nuruti pepinginane orak bakal isa nggayuh ‘gaya hidup’ mau. Gengsine orak keturutan. Dadi pawongan mau sejatine pawongan kang muk engkek ae, (orak ngarani gemendhung, kementhus, semugeh). Nanging orak isa ngetrepna awake dhewe. Orak isa ngetrepna pikirane.
Kamangka wong utang iku kena diarani wong kurang. Kurang isa nyukupi pepingiane. Lha nek dipeksa nututi kaya tangga-tanggane, kanca-kancane sing isa tetuku ika lan iku, ya repot. Pinangka wong kurang kok malah utang kanggo kebutuhan sing orak penting. Sing diutangi dhet anakan. Wis kurangan uripe malah padha karo ‘ngingoni’ wong liya sing ngutangi. Tur nek dipikir dhit kok ya isa manak ya?
Sindhirane Abu Nawas
Ana dedongengane Abu Nawas, versi Jawa. Nalika jamane Abu Nawas isih sugeng, tanggane Abu Nawas ana sing dadi rentenir. Panggautane ngutang-ngutangi wong liya nanging nyaure nganggo anakan. Dadi cethane tanggane Abu Nawas iku nganakna dhuwit. Dhite tanggane isa manak. Dadi tanggane Abu Nawas kaya peternak dhuwit.
Sawijine dina Abu Nawas nyilih baskom gedhe siji. Let rong ndina Abu Nawas mbalekna baskom nanging baskome cilik banget. Abu Nawas kandha, “Iki baskomu takbalekna”. Mesthi ae tanggane takon, “Lho sing mok sileh rak baskom gedhe? Kok iki sing mok balekna baskom cilik?”. Abu Nawas terus omong “Baskom sing taksileh rong ndina manak nok nggonku. Anake siji, cilik iki. Lha emboke baskom mati sebab metune baskom iki prematur lan emboke nglairna karo cara sesar”
Tanggane Abu Nawas kaya-kaya orak trima. Wong Abu Nawas nyilih baskom gedhe ya kudu mbalekna baskom gedhe. Emoh diijoli baskom cilik. Abu Nawas terus usul. “Saiki ngene, negara iki ana sing ngatur. Supaya perkara iki dadi jelas becike kowe lapor polisi, mengko aku ben disidang”. Tanggane Abu Nawas orak gelem, orak setuju. Sebab nok jamane Abu Nawas nalika ijeh sugeng wong nganakna dhit iku orak entuk pemerintahe. Mengko malah sing nganakna dhuwit disalahna. Bisa-bisa malah dikunjara.
Abu Nawas terus mulih. Nok ndalan nggremeng dhewe. “Wong dheke duwe dhuwit ae isa manak kok iki baskome manak gumun. Takbalekna anake thok sebab simboke baskom mati nalika nglairna”
Put Ji Put Beh
Nek utang iku kleru sebab muk nuruti ‘gaya hidup’ banjur sebeb apa pawongan mau seneng nuruti ‘gaya hidup’ direwangi utang renten. Upama orak nuruti ‘gaya hidup’ genea? Rata-rata pawongan sing nuruti ‘gaya hidup’ jalaran nek orak melu-melu nganut ‘gaya hidup’ isa dianggep ketinggalan jaman. Isa dianggep uripe kencrit kalah karo tangga-tanggane, karo kanca-kancane. Nek tangga utawa kanca-kancane isa tuku ika-iku kok dheweke orak isa, rumangsa isin. Rumangsa lingsem uripe, rumangsa asor dibandhing uripe tangga. Kamangka padha-padha kerja. Suwene kerja padha, pangkate padha, stratane ora adoh bedane. Upama dheweke isa ngempet karep orak anut tangga, bojone isa uga ngojok-ojoki.
Nek ngono pawongan sing seneng utang, direwangi njupuk utang anakan kanggo nunuti ‘gaya hidup’ mau bisa uga orak luput sepenuhe. Jalaran dheweke kena pengaruh ala tangga. Dadi tanggane sing mesthi ya isa diluputake, isa uga tanggane seneng pamer karo barang-barang sing lagek dituku, umpamane. Dadi pengaruh lingkungan iku banget kuwat, nek lingkungan seneng pamer tanggane sing asal saka panggonan ora seneng pamer dadi melu-melu seneng pamer.
Sing kaya ngene iki kena diarani menungsa iku ijeh akeh sing muk seneng anut grubyuk. Senajan nek dituruti gae rekasane awake dhewe. Nek tangga utawa kancane isa mbangun omah sing luweh apik, atine serik. Terus luru utangan kanggo nganut mbangun omah. Tangga utawa kancane tuku mobil anyar atine kaya kebakar. Tangga utawa kancane munggah kaji, lha kok dheweke malah darah tinggi. Pokoke urip sing muk anut grubyuk iku orak patia bener.
Ancen orak kena diluputna dhewekan, sebab ana sing mempengaruhi dheweke. Dadi nek digagas kebiasaan elek iku isa ana sing ngawiti. Nek ana sing ngawiti apik angel utawa arang sing kepencut. Nanging nek ana sing ngawiti elek, lha kok akeh sing tiru. Kebiasaan elek iku apa. Ya termasuk seneng ngleluri, seneng uri-uri pakulinane ‘gaya hidup’ mau. Pengin madhani tanggane sing isa tuku ika-iku direwangi njupuk utang rentenan.
Wis disadhari nek dhit utang renten iku manak. Nek ora isa nyaur anakane isa tansaya mundhak, ijeh ae nekat. Nek nganti utang anakan mau kedlarung-dlarung orak isa nyaur, anake dhuwit isa manak dhewe. Dadi dhuwit sing diutang kawitan wis isa duwe putu. Mesthi ae sing utang tansaya krasa kabotan. Ya mesthi. Geneya sing ngutangi kok mentala? Umpama orak mentala ya orak nganakake dhit.
Nek wis ngene iki kena diarani put ji put beh. Luput siji luput kabeh. Urip sing muk anut grubyuk, muk anut-anut, orak cundhuk karo kekuwatane dhewe, gegedhen empyak kurang cagak. Ya ambruk.
Penulis adalah Pegiat Budaya Jepara













