blank
Sunardi, KS

Dening  :  Sunardi KS

Penulis saka Portugis aran Diogo de Couto ing bukune Da Asia nggambarake kapribadene Ratu Kalinyamat iku “De Kranige Dame” wanita kang kendel, wanita pemberani. Kuwasa pinangka ratu suwene 30 taun (1549 – 1579). Patang babag (gedhe) prestasine Ratu Kalinyamat anggone nglawan mungsuh Portugis.

Sepisan, taun 1551 Ratu Kalinyamat nyerang Portugis ing Malaka. Serangan iki minangkani panjaluke bantuan Kerajaan Aceh. Iki ateges ing taun iku Ratu Kalinyamat saka Jepara wis nduweni kekuwatan kang gedhe. Nganti sanggup mbiyantu kerajaan liya.

Kapindho, taun 1564 Ratu Kalinyamat kirim pasukan menyang Teluk Ambon, minangkani panjaluke bantuwan Sultan Ternate. Uga panyerangan marang Portugis. Iki uga tandha Ratu Kalinyamat ‘sanggup’ jalaran kuwat.

Ketelu, taun 1565 Ratu Kalinyamat mbantu Sultan Hitu nglawan Portugis ing tlatah Ambon.

Kapat, taun 1574 Ratu Kalinyamat ing eguh pratikele dhewe nyerang Portugis ing tlatah Malaka, ngirim pasukan cacah 15 ewu lan 30 jung gedhe.

(Kapethik saka buku LAPORAN HASIL PENELITIAN EMPIRIS, RATU KALINYAMAT, Perempuan Perintis Antikolonialis 1549 – 1579).

Sawise maca tulisan-tulisan ing ndhuwur bisa dibayangake kekuwatane Ratu Kalinyamat. Gagah berani, senajan jejere wanita. Lha saiki bayangake uga Ratu Kalinyamat anggone nglawan Arya Penangsang. Kok nganti direwangi rekasa tapa wuda sinjang rambut. Lagi nggedrug prentah punggawa kraton wae wis rampung.

Kejaba iku, Ratu Kalinyamat iku garwane Sultan (Sulton). Yen manut pemahaman umum lan awam jejuluk Sulton iku pinangka pawongan kang kudune resik atine, becik bebudene. Kudu nduweni sipat wicaksana. Sulton iku raja, yen ditegesi leterlux.

Ratu Kalinyamat sing maune garwane Sultan ya mesthi wae isih marisi sipat-sipat wicaksana. Jalaran wis kulina ngadhepi sultan ngecakake bab kawicaksanan, banjur garwane bisa uga ketularan becik. Lha kok marang Arya Penangsang pengigit-igite nganti banget-banget, dhendhame makantar-kantar. Nganti uluk-uluk pingin keset sirahe Arya Penangsang lan kramas getihe. Jejere wanita ratu apa ora jijik tumindak kang kaya mengkono iku. Apa ora isin kok nganti ora bisa mekak hawa napsune dhewe.

Banjur anggone tapa kanthi wuda. Kok seremeh iku. Yen masuk angin kepriye. Apa tumindak mengkono iku ora nistha? Kok bisa sinjang rambut. Banjur sepira dawane rambut lan ketele rambut kok nganti bisa kanggo sinjangan, nganti bisa kanggo nutupi aurote. Sinjang iku tapih. Kain kang kerep dianggo wanita ing jaman biyen. Dadi yen sinjang rambut ateges rambute kanggo tapihan.

Kudu Dilurusake

Perkara-perkara kang kaya mengkene iki kudu bisa dilurusake. Iki perkara utawa bab kang ora nalar. Malah tundhane bisa nglingsemake citrane Kalinyamat. Saumpama Kanjeng Ratu isih sugeng wis bisa dibadhe, bakal duka gedhen-gedhenan yen mireng crita kang kaya mengkono iku lan nyritakake panjenengane. Kepriye? Apa wani nglawan ratu yen isih sugeng?

Mesthi wae iki mung cuplikan saperangan crita kang sajake ngayawara. Lan penulis percaya isih akeh cacahe crita ngayawara liyane maneh.

Pitakone, apa kleru kang crita iku? Jawabe  :  Ora! Yen kang krungu crita iku, utawa kang maca crita iku paham. Yen iku seje sujarah. Iku mung crita rakyat, dongeng utawa babad. Yen dongeng pancen bisa ngayawara. Malah, tansaya ngayawarane dongeng bakal tansaya penak diwaca dening bocah-bocah. Contone para sato utawa kewan ing alas kang bisa tata jalma, bisa omong. Kamangka wis kliwat saka jamane Nabi Sulaeman As. Ing jamane Nabi Sulaeman As wae kang bisa mirengake para sato wicara mung panjenengane kanjeng nabi thok.

Akeh dongeng yen dinalar ngayawara. Nanging pancen disengaja dening pendongenge, penulise dongeng. Jarene kewan paling pinter iku Si Kancil. Kamangka ing negara kulonan kewan kang paling pinter ing jagad dongeng iku trewelu, kelinci.

Babad

Crita kang paling gampang ditampa lan dipercaya iku crita babad. Kaya-kaya tenan. Senajan dibumbon-bumboni crita khayalan. Babad iku satemene sejarah, nanging dicritakake nganggo bumbu-bumbu karangan, karangane kang nulis babad. Cekak aose, babad yaiku sejarah kang dibumboni karangan, khayalane penulis crita. Mula banjur luwih nengsemake kanggone kang maca. Lan segmen pembacane iku para kanoman.

Conto-conto crita babad iku akeh banget. Malah kala-kala ing crita babad bisa mbebayani jalaran kang dadi punjere crita iku tokoh agama. Contone, asmane Sunan Kali Jaga. Digawe crita babad. Sunan Kali Jaga diothak-athik, dadi Sunan kang senengane jaga kali.

Dicritakake yen Sunan Kali Jaga iku tapa ing pinggir kali. Saking suwene anggone maratapa nganti jenggote thukul dawa. Tekene dituncepake ing lemah banjur thukul.

Warakadalah! Yen Sunan Kali Jaga iku tapa nganti suwe tanpa dhahar, tanpa ngunjuk, tanpa sare. Apa ora malah nglanggar paugerane agama. Wong pasa wae kudu ana mukake. Banjur yen tapa ngedhur, terus-terusan, lha sholate kepriye? Dicritakake uga (yen iki malah ana gandheng cenenge karo critane Ratu Kalinyamat) jarene apese Arya Penangsang iku jalaran tau nglungguhi kursi kang dirajah dening Sunan Kudus.

Kamangka sejatine kursi kang dirajah mau dibasangake karo Pangeran Suto Wojoyo, mungsuhe Arya Penangsang supaya Suto Wijoyo sing apes, mbedhel kulite. Lan ancase ing peperangan mengko antarane Arya Penangsang karo Suto Wijoyo bisa dimenangake Arya Penangsang. Nanging Arya Penangsang kang brangasan mau malah nglungguhi kursi rajahane Sunan Kudus.

Banjur nalare crita iki ing ngendi? Sunan Kudus kok mbasangi rajah pengapesan. Sunan kok wis banget-banget gelap mata. Ora wedi dosa. Cetha, yen iki crita ngayawara. Isih akeeeeh banget crita-crita kang ngayawara. Kang satemene kudu didunungake yen iku mung saderma crita, crita rakyat utawa malah kapara mung dongeng. Supaya kang gumrembeng ing kana-kana ing babagan Tapa Wuda Sinjang Rambut iku padha mahami kang samesthine. Nuwun.

Tumrap para maos diaturi paring panyaruwe ing babagan iki. Supaya bisa nemokake pikiran kang becik satemene. Nuwun***

Penulis adalah budayawan tinggal di Jepara