Ilustrasi. Reka: wied

R. Widiyartono

Maskumambang Wengi Wening

Wengi wening
Godhong-godhong garing
Tumiba ing plataran wingking

Katon Kenya sapandhurat liwat
Ngagem nyamping
Lan rausak sarwa pethak
Ngindhit klenthing

Tembang maskumambang
Alon-alon sumiyut ngumandhang
Nylusup ing tengahing kebon gedhang

Saking kori wingking
Pun wanodya kuru aking
Lumebet nuju mring
Senthong mamring

: o, alah thole
Geneya nasibmu mengkene
Ramamu priyagung jumangkung
Nanging tan pantes peputra
Dikaya awakmu
Sebab kepriye wae
Kowe iki ya mung anak babu

Sm. 090596

Swaraning Pandom Jam Tembok

Coba ta yen kok ematna
Obahe pandom jam tembok
Ora mung nuduhake
Iki wanci jam pira

Coba ta yen kok ematna
Swarane kang kadya ngiris-ngiris
Kepara njuwing-njuwing
Batin lan rasa kita

Swarane pandom jam tembok
Kaya-kaya nyeret lunga
Ninggalake kaendahan ndonya
Nuju panggonan
kang kebak kasampurnan

Swarane pandom jam tembok
Kaya nglethak-nglethaka
Cumplungin mustaka
Kang say suwe
Pancen saya tanpa daya

Sm. 210597

Ri Brandhil

Ngliwati kebon-kebon kopi duweke negara
Kebon karet, kopi, klapa
Njajahi dalan neng ndesa-ndesa
Tegal sing ditanduri sarwa pala
Duren, jeruk, kokosan, dhuku
Ketemu persil bera
Sukete rungkut ndadra
Wit-witane kopen ra tau diupakara

Ing kabeh panggonan mau
Sing tak temoni padha
Ri brandhil dipsang ngubengi
Ing sawatesing persil kebon lan etagalan
Ri brandhil dipaku ing pathok-pathok kayu
Kanggo ngendheg laku
Sing sapa arep laku durjanan
Utawa kewan-kewan ama tanduran

Tanduran iku diupakara diopeni
Supaya awih kasil nalika dipaneni
Aja nganti dicolong maling
Aja nganti ketekan ama
Genjik, lwak, utawa bajing
Uga kewan iwen wedhus, kebo, sapi

Kuwi crita dhek jaman semana
Ri brandhil akeh ditemokake ing desa-desa
Nanging beda karo saiki
Ri brandhil dipasang ing tengah kutha
Dimot prahoto didhunke ing dalan bawera
Dipasang nganggo ngalangi soksapaa
Sing dinuga rep tindak culika
Saora-orane kanggo njaga
Kareben ora ana rubeda

Ri brandhil dipasang kanggo ngalangi
Dalan nuju gubernuran
Dalan nuju balekota
Dalan nuju kantor KPU
Dalan nuju kantor Bawaslu
Iki wohing demokrasi
Ri brandhil dipasang ora kanggo ngalangi
Maling sing arep nyolong woh-wohan
Ri brandhil dipasang kanggo ngalangi
Wong sing kurang marem ing ati
Nyawang kahanan saiki
Ri brandhil uga nahan
Wong-wong sing aneh dijak rembugan

Ri brandhil ing dina iki
Pancen bisa ngalangi massa
Sing nuju KPU utawa Bawaslu
Nanging ri brandhil ra bisa ngalangi
Drengkining ati

Mula kulit katembus mimis
Montor-montor diobong
Kutha mengangah ing pucuking Romadon

Apa iki jeneng ibadah?
Gusti mugi paring apura
Mergi tetiyang menika pancen
Mboten mangertosi
Bab menapa ingkang dipunlampahi

Sm. 22 Mei 2019

R. Widiyartono, penulis dan wartawan suarabaru.id.